Wangsalan
iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis
nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa awujud
tembang. tuladha sing wujud ukara:
-
Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni.
(saron bumbung= angklung)
-
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka.
(janur gunung= aren)
Tuladha
sing wujud tembang:
1.
jirak pindha munggwing wana
2.
sayeng kaga we rekta
3.
sinambi kalaning nganggur
4.
wastra tumprap mustaka
5.
pangikete wangsalan kang sekar pangkur
6.
kinarya langen pribadi
Batangane:
-
jirak pindha munggwing wana= wit kesambi.
-
sayeng kaga= piranti kanggo nyekel manuk (kala)
-
we rekta kang muroni= iket
-
baon sabin= karya
Jenise Wangsalan
·
Wangsalan Lamba
Wangsalan
Lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen
wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. gatra kang ngarep
isi wangsalan, gatra sing isi batangane.
Tuladha:
pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (pindahang lulang= krecek)
·
Wangsalan rangkep
Wangsalan
Rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji.
Unen-unen wangsalan rangkep kadadeane saka rong ukara, siji-sijine ukara
kakadean saka rong gatra. Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi
batangane.
Tuladha:
jenang sela, wader kalen sasonderan (apu, sepat) apura yen wonten lepat kawula
·
Wangsalan memet
Wangsalan
Memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding
tetembungan ambal ping pindho.
Tuladha:
uler kambang, yen trima alon-alonan oncek-oncekan kapisan: uler kembang maksude
lintah oncek-oncek kapindho: wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane
tembungane kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. tembung satitahe
ateges ora ngaya, mung tumindak sakepenake bae, aknthi alon-alonan
·
Wangsalan Padinan
Wangsalan
Padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa
nyebutake batangane, marga wong-wong sing padha krungu (maca) dianggep wis
ngeri maksude (batangane).
Tuladha:
wong kae sejatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke
digudheg. Njangan gori= nggudheg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg,
api-api ora krungu.
·
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena
kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa
paungeran 4 wanda+ 8 wanda kang mawa paungeran 4 wanda+ 8 wanda iku wangsalan lamba
(mung isi batangan siji). Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.
Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane.
Tuladha:
Reca kayu, golek kawruh rahayu. (reca kayu= golek) mawa paungeran (4 wanda+ 8
wanda)x 2= 24 wanda kang mawa paungeran (4 wanda+ 8 wanda)x 2= 24 wanda yaiku
wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji).
Unen-unen
rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra)
isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane.
Tuladha:
sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang= 4 wanda+ 8 wanda Sayektine, wit saking
bondho kawula= 4 wanda+ 8 wanda Sayuk rukun= saiyeg, saekapraya Wulang wido
mangsa rowang= bido.
Wangsalan
edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran.
1.
unen-unen kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
2.
saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda+ 8 wanda)
3.
ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan
purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha:
tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (kemada, iket) mumpung mudha, nggegulangaa
ngiket basa.
Wangsalan
kang sinawung ing tembang yaiku cacahe wandane lan tibaning swarane ing gatrane
ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru
wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah,
kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha:
Sinom Edane wong keneng guna,ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran,
geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung,
yaa talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi
pocapan. Petis manis= kecap
Wangsalan
kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan
senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa
bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur
Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka
(buka, basa)
Kembang
adas sumebar neng tengah alas
Tuwas
tiwas anglabuhi wong waras
Alah
bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit
gerong sing baku
Lagu
gendhing pangkur lamba
Maweh
gumirah wardaya
Tur
mathuk kinarya aba
Mlaku
bareng ulah raga
Balung
jagung: maksude janggel
Janggelan:
during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Carane
ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi
batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi
pangarange perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar