Selasa, 16 Desember 2014

Nyai Ageng Ngerang

Dusun Ngerang yaiku salah sijine dusun cilik sing ana ing desa TambakromoKecamatan Tambakromo Kabupaten Pati, Jawa Tengah sing mapan 15 km saka kutha Pati mangidul. Dusun Ngerang lan kabeh desa sing mapan ing kidul Kutha Pati terkenal karo sebutan Pati Kidul. Dusun Ngerang adoh baanget saka kerameane  kutha lan swara laku kendaraan. Ekonomi penduduk Dusun Ngerang kagolong menengah mengisor. Saengga penduduke akeh sing mrantau ana ing daerah liya kanggo luru rejeki.
Miturut sesepuh Dusun Ngerang, tembung Ngerang kuwi asale saka tembung sliweran utawa pating liweran. Jaman mbiyen ana demit (makhluk ghaib) akeh sing mondar-mandir alias sliweran lan pating kliwerang.
Liyane ana sing ngomong nek jaman mbiyen Dusun Ngerang kuwi jenenge Werang, nanging amarga malakune wektu, dialek wong Dusun Ngerang dadi malih, sakliyane amarga wektu uga amarga ilat jawa angel ngucap tembung Werang banjur diganti dadi Ngerang supaya luwih gampang ngucape.
Dusun Ngerang nduweni swasana sing sejuk, aman lan nyaman. Keadaan alam sing banget asri lan sejuk amarga panggone ana ing lereng Gunung Kendeng. Yakuwi sing gawe wong wong saka daerah liya penasaran lan pengen mara lan niliki langsung kenyamanan lan kesejukane Dusun Ngerang.
Saka keterangan sing wis ana, penduduk Dusun Ngerang ana sing asale saka daerah liya. Ana sing mapan dadi warga kono lan ana sing mapan sedela amarga kerja. Wong-wong mau asale ana sing saka Cirebon, Brebes, Tegal, Indramayu, lan liya-liyane.
Miturut sing wis dimangerteni marang wong akeh, Dusun Ngerang biyen kuwi yaiku alas, nanging saiki wis dadi salah sijine dusun cilik lan endah. Dusun Ngerang duwe sejarah. Sakliyane terkenal karo sebutan “Dusun Santri”, amarga akeh Taman Pendidikan Al-Qur’an (TPQ), Madrasah Diniyah lan Pesantren liyane. Dusun Ngerang saiki dadi berkah amarga ana makame Waliyullah Nyai Ageng Ngerang. Penduduk Dusun Ngerang hormat banget lan ngenang jasa-jasane Nyai Ageng Ngerang, amarga Nyai Ageng Ngerang yakuwi cikal bakal Dusun Ngerang.
Amarga kaberkahan lan keramat Nyai Ageng Ngerang iku, Dusun Ngerang Tambakromo Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati saiki dikenal wong akeh lan usaha-usahane. Contohe:  perusahaan kayu, toko elektronik, bengkel motor lan warung-warung sing bukak 24 jam.  Menu spesial saka Dusun Ngerang sing terkenal yakuwi “Sega Tewel (Sega Gori)”. Sega lan tempe sarta jangan tewel sing kabeh mau isih anget, gawe wong akeh sing pengen maneh lan terus pengen teka maneh supaya bisa nikmati segatewel mau.



NYAI AGENG NGERANG
Dusun Ngerang iku pernah di panggoni lan dadi makam salah siji wong sing suci, waliyullah (kekasih Allah) Yai Ageng Ngerang sing duwe keturunan bangsawan/darah biru saka kerajaan Majapahit, Raja Brawijaya V  (Prabu Kertabumi).
Nyai Ageng Ngerang yaiku salah siji waliyullah sing wis akeh banget nglakoni ritual  sing keras lan dhuwur. Kabukti karo anane sebidang lemah sing ora pati amba ing sakidule makam Nyai Ageng Ngerang sing diwenehi jeneng “Punthuk” lan ana panggonan sing dijenegi “Muludan” sing mapan ing sa-lore makam Nyai Ageng Ngerang. Panggonan kuwi mau salah siji bukti katresnane Nyai Ageng Ngerang marang Rasulullah SAW yakuwi panggonan Nyai Ageng Ngerang  maca lan nyanyekake irama Maulid an-Nabbi (laire Nabi) lan mujahadah (bener-bener sajroning ibadah). Mula Nyai Ageng Ngerang oleh julukan “Sang Pecinta Maulid”
Nyai Ageng Ngerang kuwi saka Kerajaan Majapahit, nalika wektu pemarintahan dicekel dening Raja Brawijaya (Prabu Kertabumi). Raja Brawijaya nurunke Raden Bondan Kejawen (Lembu Peteng) lan Raden Bondan Kejawen duwe bojo jenenge Dewi Nawang Sih putri saka Dewi Nawang Wulan lan Ki Jaka Tarub (Kidang Telangkas).
Raden Bondan Kejawen nurunke putra telu yaiku Syaikh Ngabdullah sing dikenal nganggo jeneng Ki Ageng Wanasaba. Putra nomer loro jenenge Syaikh Abdullah sing dikenal Ki Ageng Getas Pendawa lan putri nomer telu jenenge Siti Rohmah Roro Kasihan utawa sing luwih asring diundang Nyai Ageng Ngerang. Lan amarga Nyai Ageng Ngerang kuwi putu sing wadon dewe mangka si mbahe yakuwi Dewi Nawang Wulan lan Ki Jaka Tarub maringi warisan arupa Slendang Kemben.
Juragan Bandi katon kanthi kejem nyeret Sumirah sing ayu banget. Sumirah ngrintih nangis njaluk dicolke lan diijinke balik marang wong tuane. Nanging Juragan Bandiora gelem. Tuture Juragan Bandi, Sumirahiku bojone. Kanggo Juragan Bandi garwa iku sigaring nyawa.
            Neraka manut surga katut. Anan ngendi wae Juragan Bandi lunga, Sumirah kudu melu. Nanginng omonge  Sumirah, Sumirahora gelem melu ning papan judi lan mabuk. Wonge wis ora gelem dadi ajang taruhan bojone. Sumirah isa lunga, ngrintih lan mlayu karo jaluk pitulungane para warga. Warga sing ning sawah krungu jerite Sumirah langsung kumpul banjur ngindungi  Sumirah. Juragan Bandi nesu banget weruh warga sing pengen nglindungi  Sumirah. Karo ati sing kalap Juragan Bandi  nantang warga. Dadi tarung antara warga karo Juragan Bandit. Nanging Juragan Bandi banget sakti. Lagi sedela wae kabeh warga sing nglawan bisadikalahke. Juragan Bandi meksa Sumirahy melu dheweke meneh.
Ndadak ana swara ringkikan jaran lan  angin puting beliung sing banter banget. Kabeh godhong garing padha miber. Warga mesem seneng! Nyai Ageng Ngerang teka! Nyai Ageng Ngerang teka! Ya! Salah siji tanda karomah Nyai Ageng Ngerang teka mesti dituti angin, saliyane jaran gagah sing diarani Jaran sembrani. Ora suwe banjur Nyai Ageng Ngerang mudhun karo tenang lan santun. Praupane ayu banget lan glebetan slendhang ing sirahe. Nyai Ageng Ngerang jaluk marang Juragan Bandi supaya ora kasar karo bojone. Nalika Nyai Ageng Ngerang maca hadiskanthi tenanan, Juragan Bandi ngamuk lan ngomong Nyai Ageng Ngerang ora nabi. Kanggo apa nasehati banjur ngusir Nyai Ageng Ngerang. Nyai Ageng Ngerang nyuwun marang Juragan Bandi supaya ngajak Sumirah lunga menyang dukun bayi. Nanging Juragan Bandi nolak. Pokoke Juragan Bandi bakal ngajak Sumirah ing warung kopi didadeke taruhan. Apa gunane duwe bojo ayu yen ora dimanfaatke, iku alasane Bandi. Juragan Bandi ngamuk lan nantang Nyai Ageng Ngerang. Juragan Bandi ngenyek Nyai Ageng Ngerang wanita iku kanca wingking Nyai aja sok. Akhire dadi perang antarane Nyai Ageng Ngerang karo Juragan Bandi. Nyai Ageng Ngerang nggunakake slendang pusaka sing jenenge slendang Widodari warisan saka mbahe Dewi Nawang Wulan. Slendang nyamber awake Juragan Bandi nganti mencelat aduh. Juragan Bandi katon kelaran lan dendam banget karo Nyai Ageng Ngerang. Nyai Ageng Ngerang ngendika:
“Juragan Bandi kudu janji ora nyiksa Sumirah.”
Sumirah ngomong:
“aku pengen pegat. Aku wis ora betah dadi bojone Juragan Bandi.”
 “aku bakal megat kowe, aku ora bakal ngakoni anak sing ana ing knadunganem iku anakku.” Juragan Bandi njawab karo nesu.
Banjur Juragan Bandi lunga ninggalke Sumirah ngono wae lan ngomong “kowe wis dadi randa”.
Saiki Sumirang mapan ing pesantrene Nyai Ageng Ngerang. Wonge golek ilmu agama kanthi taat. Nyai Ageng Ngerang nerangke yen salah siji hal sing digething Allah ing donya iki yaiku pegatan. Pegatan iku dalan akhir nalika wong wadon bener-bener didzolimi.Sumirah nangis, nanging katon ikhlas. Nyai Ageng Ngerang Nyuwun marang jamah ibu-ibu supaya njaga rumah tanggane. Njaga sholat 5 wektu, pasa wulan ramadhan, njaga kehormatane, taat marang garwane. Insyaallah bakal dilebokke surgane Gusti Allah.Nyai Ageng Ngerang Ngerang ngewanti-wanti para jamaah wanita supaya muliaake garwa.
Sawise rampung, warga bubar banjur Nyai Ageng Ngerangnemoni Ki Ageng Ngerang. Katon Ki Ageng Ngerang nembe siap-siap arep linga keliling taanah Jawa kanggo nglakokake syiar bareng karo para santri putra miturut amanah saking bapake Syaikh Maulana Malik Ibrahim. Kanthi hormat Nyai Ageng Ngerang ngambung tangane garwane lan maringke bekal. KiAgeng Ngerang meling marang Nyai Ageng Ngerang supaya tetep terus nglanjutke syiar. Sumirah uga saiki seneng banget, saiki wonge tenang awit pisah karo juragan Bandi, oraa dilarani kaya biasane meneh.
Sementara kuwi ing warung remang, Juragan Bandi katon nyebarke fitnah.
“aku pegat karo Sumirah iku marga Nyai Ageng Ngerang wis ngajari sumirah nglawan bojo.”
Akeh wong lanang sing kehasut karo omongane Juragan Bandi nganti Kang Badrun jajni bakal menggak bojone ngaji karo Nyai Ageng Ngerang meneh. Miturut Juragan Bandi, Nyai Ageng Ngerang ngajari aliran sesat marang warga.
Ratmini, bojone Kang Badrun katon lagi balik saka ngaji. Badrun katon ngamuk lan awit saka iku ngancem Ratmi supayora ngaji meneh supaya ora sesat lan wani karo wong lanang. Ratmi njelaske yen Nyai Ageng Ngerang ngajari apik. Badrun ngomong:
“yen kowe ngaji meneh, aku bakal masung kowe.”
Ratmini ngomong wonge njaluk ijin ngaji amarga pengen jabang bayine bakal dadi anak sing soleh yen lahir. Badrun ngomong:
“kowe aja seneng disik, yen bayi sing lahir iku wadon, aku bakal mbuak bayi iku ana kali. Aku mung pengen anak lanang amarga anak wadon iku mung gawa sial lan ora isa ngewangi golek duwit”
Ratmi katon sedhih banget. Badrun balik menyang pangkalan judi. Ndadak wae wetenge Ratmini krasa lara. Warga sing wruh keadaane Ratmi langsung gawa marang Mbok Madyo, dukun beranak karo bendi. Nanging lagi tekan ing ngarep pesantren Nyai Ageng Ngerang, Ratmi wis ora kuat. Warga banjur ngedunke Ratmi. Cepet-cepet Nyai Ageng Ngerang ngewangi Ratmi nglairke. Ora suwe anak wadon lahir. Ora seneng nanging malah nangis. Ratmi ngomong yen Baddrun wis ngucap sumpah bakal matenio bayi iku yen lair wadon.
Ing pangkalan judi Badrun oleh kabar, Ratmi wis nglairake anak wadon nanging ana ing pesantren Nyai Ageng Ngerang. Badrun kobong, banjur ndang cepet mara ing pesantrene Nyai Ageng Ngerang. Kanthi ati kalap Badrun njaluk marang Ratmi supaya ngewehke anake. Swasana heboh lan Nyai Ageng Ngerang nglarang Badrun mbuak anak iku. Nyai Ageng Ngerang ngendika:
“Haram hukume buang anak amarga wedi mlarat. Allah SWT berfirman: Lan aja nganti kowe matenii anak-anamu amarga wedi mlarat. Aku sing ngewenehi rejeki marang kabeh lan kowe. Sejatine mateni anak kuwi temasuk dosa sing gedhe, (Al-Asraa’ : 31)”
Nanging Badrun ora perduli, saengga kedadeyan geret-geretan bayi antarane Badrun lan Ratmi. Karo kharomah Nyai Ageng Ngerang ndadak bayi sing digawa  Ratmi pindah ing tangane Nyai Ageng  Ngerang. Badrun nyoba ngrebut. Karo kharomahe, Nyai Ageng Ngerang bisa kanthi gampang mlebat, mumbul njaga bayi iku. Badrun tambah kalap lan geret kapak nggudak bayine. Wonge mbabi buta nganti ora sadar nugelke wit gedhe lan ngenegi awake dhewe. Badrun katon kelaran lan tatu parah. Nyai Ageng Ngerang ngendika marang Ratmi supaya ngrawat Badrun, nanging Ratmi ora gelem amarga wis lara ati karo kelakuane Badrun. Nyai Ageng Ngerang ngendika:
“dadeke bojo kuwi dalan tumuju suwarga, baktia marang bojo, lawang hidayah mesti bakal Allah paringi marang Badrun.”
Atine  Badrun geter krungu ngendikaneNyai Ageng Ngerang. Wonge nangis njaluk ngapura marang Ratmi lan janji bakal dadi bojo sing apik. Ratmi kanthi kebak welas asih ngapura Badrun.
Juragan Bandi murka banget bareng ngerti yen Badrun saiki wis taubat. Wonge ngrasa yen Nyai Ageng Ngerang wis akeh nyebarake ajaran sing dianggep Juragan Bandi sesat marang wong sacedake. Wengin, katon Juragan Bandi meneng-meneng nguncalke geni ing langgar Nyai Ageng Ngerang. Nalika iku Nyai Ageng Ngerang lagi dzikir sawise sholat Tahajud karo Sumirah lan santriwati kaget ngrasake geni sing ana ing ing langgar. Nanging Nyai Ageng Ngerang ngendika “Allah Maha Ngatiske geni”
Nyai Ageng Ngerang ngajak para santri metu. Geni wis awit ngobong lan para warga mara kaget weruh Juragan Bandi isih wae nguncalke geni ing langgar. Warga ngamuk banjur nangkep Juragan Bandi amarga wis ngrusak papan ibadahe. Warga uga bingung amarga ora ana banyu amarga ngepasi mangsa ketiga. Kanthi rasa tenang Nyai Ageng Ngerang ngleremke geni karo slendang kemben widodarine. Ndadak Juragan Bandi ngecolke awake lan mlayu ing alas ninggalke papan iku.
Tanpa sadar Juragan Bandi mlayu adoh ana jero alas. Ndadak wae ana macan sing ganas ing ngarepane. Saking kagete, Juragan Bandi njungkel lan macan iku mau nyerang kena wetenge nganti suwek ora duwe daya. Ujug-ujug teka angin puting beliung kaya adate lan Nyai Ageng Ngerang wis ana ing ngarepe. Nyai Ageng Ngerang maos Bismillah lan nyekel sirahe macan iku saengga bisa ditundukke kanthi gampang.
Juragan Bandi ngomong:
“ilmu sihir apa dinggo Nyai Ageng Ngerang kanggo nundukke kewan ganas iku?”
Ngendikane Nyai Ageng Ngerang salah siji rahasia nundukke kewan ganas lan kewan liyane marang wong sing takwa karo perintahe Allah SWT. Saiki Juragan Bandi krasa isin amarga wis bola-bali Nyai Ageng Ngerang ngapurani salahe. Juragan Bandi katon lemah, wonge pengen taubat lan ngaji karo Nyai Ageng Ngerang. Nanging Nyai Ageng Ngerang ngendika:
“Yen njenengan wis mari, bakal dakajari.”
Nanging tatune Juragan Bandi wis kadung parah. Juragan Bandi mati amarga kurangen darah.
Saiki ing ngarepe warga Nyai Ageng Ngerang  katon terus maringke ceramahe.  Nyai Ageng Ngerang ngajak kabeh warga, terutama marang ibu-ibu supaya dadi hamba Allah sing taat lan dadi dhusun “Baldatul Warobbun Ghofur” (dhusun sing paik, aman, lan nyaman sarta diridhoi kaliyan Allah SWT lan manfaat sarta bermartabat ing donya lan akhira). Warga saka daerah liya saya akih sing ngaji marang Nyai Ageng Ngerang. Nyai Ageng Ngerang ora mung ngajari ngaji nanging uga maringi akeh ketrampilan, kayata mbatik. Nyai Ageng Ngerang ngendika:
“Wanita uga bisa ngrewangi golek nafkah kanggo keeluwarga, tanpa ngilangi fitrah dadigarwa lan ibu.”
Berita yen Nyai Ageng Ngerang kuwi minangka waliyullah wanita sing ayu lan akih duwe kharomah saka desa Ngerang Tambakromo nganti tekan ngendi-ngendi. Kabeh padha ngomongke Nyai Ageng Ngerang sing biyen jenenge Siti Rohmah Roro Kasihan. Nyai Ageng Ngerang pancen kebak welas asih marang sapa wae. Sosok Nyai Ageng Ngerang kuwi wong kang suci, keturunan bangsawan/darah biru lan uga waliyullah (kekasih Allah).
Kehebatane Nyai Ageng Ngerang karo kharomah slendang widodari warisan mbahe Nawang Wulan garwane Ki Jaka Tarub (Kidang Telangkas) krungu nganti tekan kupinge Nyai Wereng. Nyai Wereng kuwi salah siji wanita sing sekti ing desa Tambak Bayan yaiku guru ilmu hitam. Akeh banget muride sing meguru. Saliyane dadi guru ilmu hitam, Nyai Wereng uga asring gawe rajah, santet kanggo sapa wae sing bakal nulungi wonge. Nyai Wereng bingung, pirang-pirang dina iku ora akeh wong sing mara meneh marang dheweke. Banjur Nyai Wereng ngundang salah siji muride Nyi Jriyah. Nyi Jriyah ngomong:
“wong-wong sing biyen asring mara ing padepokan saiki wis akeh sing mlebu Islam lan megur marang Ki Ageng Ngerang lan Nyai Ageng Ngerang”.
Dadane Nyai Wereng krasa panas, wonge pengen ngerti kaya apa Nyai Ageng Ngerang. Meneng-meneng Nyai Wereng ngajak Nyi Jriyah mara ing pesantren Nyai Ageng Ngerang. Nyai Wereng nyamar dadi pengemis mlarat bareng karo Nyi Jriyah. Padahal Nyai Wereng sabenere mung pengen njajal kasektene Nyai Ageng Ngerang lan narik kabeh santri ing pesantren Nyai Ageng Ngerang supaya gelem dadi muride.
Biyen Nyai Wereng bakal dadi wong sing mumpuni yen bisa diwe murid cacahe 1000. Weruh santri ing papane Nyai Ageng Ngerang akeh banget lan kabeh ngurmati Nyai Ageng Ngerang, Nyai Wereng saya tambah pengen ngalahke Nyai Ageng Ngerang karo ilmune. Nyai Wereng karo gombal sing ora sepo nyuwun welas asih marang Nyai Ageng Ngerang. Kanthi tulus Nyai Ageng Ngerang maringi sedekah marang Nyai Wereng.
Nyai Wereng balik menyang padepokane lan nyusun rencana supaya bisa ngalahke Nyai Ageng Ngerang. Meneng-meneng Nyai Ageng Ngerang   ngirim santet lan teluh parang para muride Nyai Ageng Ngerang  sing lagi ngaji. Nyai Wereng yakin Nyai Ageng Ngerang  ora bisa nambani amarga santet lan teluh sing dikirim kuwi santet sing paling ampuh, sing bakal gawe kabeh santri dadi kebakar lan ngrasakake lara kulit sing banget larane.
Nalika para santri lagi ana ing kebon, kabeh santri pada pating njlerit kelaran. Kulite pada mlepuh, Nyai Ageng Ngerang kaget banjur para santri pada dikumpulke lan kanthi khusyuk donya. Nyai Ageng Ngerang  ngobati karo lan ngusapi nganggo banyu. Ora suwe banjur ora suwe para santri pada mari.
Nyai Wereng ngamuk krungu marga apa sing dikirimke kanthi gampang dikalahke karo Nyai Ageng Ngerang. Nyai wereng mikir nganit judeg, akhire Nyai Wereng nantang Nyai Ageng Ngerang perang. Nalika Sumirah, muride Nyai Ageng Ngerang lagi ana ing sendang,  Nyai Wereng nyulik lan ninggalke pesen.
“Yen Sumirah pengen urip, Nyai Ageng Ngerang  kudu njupuk Sumirah ing padepokanku”
Nyai Ageng Ngerang  kaget krungu kabar yen Sumirah diculik dening Nyai Wereng. Karo kharomahe, Jaran Sembrani Nyai Ageng Ngerang  sacepet kilat nyusul Nyai Wereng. Angin puting metu pertanda yen Nyai Ageng Ngerang teka. Nyai Ageng Ngerang nggoleki ana ngendi papane Sumirah. Jebul Sumirah ditaleni ing wit ing ngarep padepokan. Nalika Nyai Ageng Ngerang teka, Nyai Wereng ngomong:
“aku bakal ngeculke Sumirah yen kowe gelem ngijoli karo Slendang Kemben Widodari sing sekti iku.”
Nyai Ageng Ngerang nolak, amarga slendang iku amanah saka leluhure. Nanggo slendang iku mau, Nyai Ageng Ngerang isa ngambakke syiar ing bumi ngendi wae. Nyai Wereng tambah ketantang langsung nglawan Nyai Ageng Ngerang nganggo ilmu hitame. Slendang Kemben diantemke ing duwur dening Nyai Ageng Ngerang, banjur metu cipratan geni kaya petir sing nyamber. Nyai Wereng mbales karo geni sing luwih gedhe meneh. Kalorone tarung padha kuate. Nyai Wereng nganggo ilmu hitame gawe ula sing duwe racun lan diuncalke marang Nyai Ageng Ngerang. Nyai Ageng Ngerang nangkep ula mau karo tenang lan saka ijin Allah, ula mau dirubah dadi debog gedang. Weruh kabeh iku mau Nyai Wereng dadi kalap lan nyoba nggeret slendang kemben widodari lan arep diobong supaya kharomah Nyai Ageng Ngerang ilang. Nanging nalika iku uga geni balik ing awake Nyai Wereng, banjur kobong lan kelaran. Nyai Wereng tiba, awake krasa lumpuh lan kaku. Ora isa diobahke babar pisan, nganti ngomong wae ora isa. Nyai Wereng nangis sedhih.
Karo kebak rasa tulus Nyai Ageng Ngerang nyuwun marang Nyai Wereng:
“Nyai Wereng taubat, lan culke kabeh ilmu hitam sing kosinaoni nganti iki. Yen sampeyan purun aku bakal ngobati Nyai nganti mari kaya asale maneh lan ayune sam-peyan bakal balik.”
Nyai Wereng sing ora duwe daya nerima kabeh sarane Nyai Ageng Ngerang. Katon Nyai Ageng Ngerang lan santriwatine lagi ngaji bareng. Katon ing kono uga Nyai Wereng lan Nyi Jariyah wis dadi santriwati nganggo kudung. Anak buahe Nyai Wereng uga wis ngaji bareng-bareng.
Nalika semana Nyai Ageng Ngerang urip ana ing kerajaan sing akeh banget syarat lan aturan sing ana ing Kerajaan Majapahit. Nyai Ageng Ngerang lunga saka KerajaanMajapahit amarga pengen syi’ar agama Islam amarga jaman semana jarang banget wong sing ngerti ajaran agama Islam lan ngadoh saka Kerajaan Majapahit supaya bener-bener nemokake kahuripan sing hakiki uga diridhoi Allah SWT. Nyai Ageng Ngerang uga pindah ngasing supaya dakwah mbumekake agama Islam. Nyai Ageng Ngerang uga pernah mampir ing daerah Kayen, yaiku ing lingkungan Gua Pancur lan Gua Wareh. Nyai Ageng Ngerang uga tau mampir ing tanah Muria, banjur pungkasane Nyai Ageng Ngerang oleh wilayah sing layak lan ngepas sasarane kanggo dakwah yaiku ing lereng Gunung Kendeng pase ing Dusun Ngerang Tambakromo, Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati Jawa Tengah.
Nalika Nyai Ageng Ngerang kumpul lan musyawarah bareng karo para Auliya lan Penggede wektu iku. Ing acara kanggo nentokake langkah lanjut sajroning misi dakwah sing wis dilakoni sasuwene iku. Nyai Ageng Ngerang kadang diremehke amarga mung wong wadon. “Wong wadon kuwi papane ing ngomah lan ora bisa lapo-lapo. Bageyane wong wadon kuwi mung sithik, setengah saka bageyane wong lanang, beda karo anane bageyan wong lanang sing isih utuh dibandingke karo wong wadon. Jangkahe wong wadon kuwi sempit lan ora bisa oleh wilayah kekuwasaan sing amba.”
Nalika iku uga Nyai Ageng Ngerang lansung ngobong Slendang Kembenwarisan saka Dewi Nawang Wulan lan Ki Jaka Tarub. Nyai Ageng Ngerang ngomong:
“Langes (awu) saka bakaran Slendang sing digawa angin, ana ing ngendi wae papan tibane langes kuwi bakal dadi Bumi Ngerang lan ora ana sing bisa kuat manggoni bumi kuwi kecuali anak putuku sarta keturunanku”
Weruh kedadeyan apa sing wis dilakoni Nyai Ageng Ngerang, para sedulur-sedulure uga ora gelem kalah kaya apa sing wis dilakoni Nyai Ageng Ngerang, mangka ora mikir akeh lan dawa para sedulure kalebu mbahe Sunan Muria banjur ngobong klambine. Ana ngendi wae langes bakaran klambi kuwi tiba, mangka bakal dadi Bumi Muria. Mula iku, Bumi Ngerang lan Bumi Muria ana ing ngendi-ngendi. Bumi Ngerang lan Bumi Muria ora ana sing kuat manggoni lan nggunakake, amarga akeh masalah urip sing diadepi kecuali sing nganggoke kuwi anak putu lan keturunane Nyai Ageng Ngerang lan Sunan Muria.
Nalika dakwah nyebarke agama Islam, Nyai Ageng Ngerang ngalami cuba lan alangan nanging kabeh mau ora gawe Nyai Ageng Ngerang nyerah utawa putus asa amarga lelaku nyebarke agama Islam iku pancen angel banget, sarta ujiane, alangan wis mesti ngenteni ning ngarep.
Hijrah Nyai Ageng Ngerang mandeg ana ing daerah sing durung kecekel ajaran-ajaran sing nduweni agama. Ana ing Dusun Ngerang Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati , Jawa Tengah. Nyai Ageng Ngerang mbangun masjid uga padepokan lan papan kanggo supaya bisa istiqomah nalika dakwah. Papane  ana ing muludan , saiki ana ing saklore makam makam Nyai Ageng Ngerang.
Makam Nyai Ageng Ngerang ana ing Dusun Ngerang Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati, lemah sing di nggo makam Nyai Ageng Ngerang  iku disebut Sentono (lemah kerajaan), amarga nalika semana papan iku yakuwi salah sijine kerajaan nalika jamane Nyai Ageng Ngerang.
Jasa Nyai Ageng Ngerang samlebune nyebar agama Islam ana ing Nuswantara iku kabukti karo marake para zairin lan zairot (peziarah) sing ngarepake berkah saka penjuru ing Indonesia. Lelaku Nyai Ageng Ngerang nyebarke Agama Islam bisa dadi  suri tauladan sing apik kanggo generasi enom.
Saben tanggal 1 Sura (malam tahun anyare Islam) mesthi diperingati minangka puncak Haul Nyai Ageng Ngerang. Peringatan iku dilaksanakake kanthi regeng amarga sing mara ing kono ora mung warga lan daerah kono wae, nanging uga diramekake karo para ziarah sing mara saka kabeh penjuru ing Indonesia. Termasuk keturunan Nyai Ageng Ngerang saka Keraton Surakarta Hadiningrat sarta rombongan. Saben Haul, rombongan saka Keraton Surakarta Hadiningrat mesthi mara kanggo ngramekake lan dongakake Nyai Ageng Ngerang supaya diparingi papan sing layak ana ing sisihe Gusti Allah SWT.
Janji Nyai Ageng Ngerang nalika isih ana yaiku sapa wae wong, luwih-luwih anak lan putune, ana ing ngendi wae yen duwe pepinginan sing apik lan tulus saka ati ndongakake lan ngrumat Nyai Ageng Ngerang sarta tawasul marang Gusti Allah, pramila Nyai Ageng Ngerang ora bakal lali lan dongakake marang Allah supaya kabeh maksut lan tujuwan urip luwih-luwih ing akherat bisa dihijabah kaliyan Gusti Allah.
Bareng karo anane makam Nyai Ageng Ngerang ing Dusun Ngerang Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati, Jawa Tengah iku gawe majune Dusun Ngerang kanggo kabeh bab pembangunan luwih-luwih bab spiritual. Saengga Dusun Ngerangdadi Dusun sing diimpen-impen saben wong yaiku dusun sing apik, aman, nyaman sarta diridhoi Allah SWT lan manfaat sarta martabat ana ing donya uga ing akherat.
Ana ing dusun iku, ana gapura sing dadi lawang mlebu Dusun Ngerang Tambakromo lan dadi pusat ramene nalika Haul Nyai Ageng Ngerang sing dilaksanakake tanggal 1 Sura. Gapura iki sing dilewati naalika kirab luwur Nyai Ageng Ngerang sing diwiwiti saka balai Desa Tambakromo nganti makam Nyai Ageng Ngerang.

SARASILAH NYAI AGENG NGERANG
Miturut katrangan saka sumber-sumber sing ana, uga saka Kraton Surakarta Hadiningrat Nyai Ageng Ngerang nduwe jeneng asli Siti Rohmah Roro Kasihan, bareng nikah karo Ki Ageng Ngerang  1 jenenge ganti jeneng dadi Nyai Ageng Ngerang iku.
Biyen ana salah siji raja jenenge Raja Brawijaya V (Prabu Kertabumi) sing nikah karo salah siji putri jenenge Dewi Wandan Kuning lan nduwe putra jenenge Raden Bondan Kejawen (Lembu Peteng). Raden Bondan Kejawen nikah karo putri saka Dewi Nawang Wulan lan Ki Jaka Tarub sing jenenge Nawangsih. Saka nikahe iku mau, duwe putra 3 yakuwi Ki Ageng Wonosobo, Ki Ageng Getas Pandhawa, lan Roro Kasihan (Nyai Ageng Ngerang).
Ki Ageng Wonosobo kuwi panutan ing mangsa uripe. Jeneng asline yaiku Kyai Ageng Ngabdullah,  sedukur kandunge Nyai Ageng Ngerang sing mbarep. Makam Ki Ageng Wonosobo saiki ana ing daerah Kabupaten Wonosobo, yakuwi ing Desa Plobangan Selo Merto.
Ing mangsa uripe, Ki Ageng Wonosobo uga dadi pemimpin sing kondhang, wibawa lan kharismatik. Ki Ageng Wonosobo uga dikenal wargaa sekitar karo sebutan Ki Ageng Dukuh, nanging ing desa Plobangan Selo Merto kuwi, tiyange dikenal karo sebutan Ki Wanu/Ki Wanusebo. Perbedaan jeneng kuwi mung amarga dialek Daerah Wonosobo kegawa dialek Banyumas.
Ki  Ageng Wonosobo dipercaya lan diyakini minangka waliyullah uga wis ngulandara ana ing pirang-pirang panggonan kanggo golek ilmu lan nyiarke Agama Islam. Ki ageng Wonosobo duwe anak sing jenenge Pangeran Made Pandan jeneng liya saka Ki Ageng Pandanaran. Pangeran Made Pandan dewe uga duwe anak sing jenenge Ki Ageng Pakiringan lan Ki Ageng Pakiringan duwe bojo sing jenenge Rara Ayu Janten. Saka nikahe iku mau, Ki Ageng Pakiringan duwe anak papat yakuwi Nyai Ageng Laweh, Nyai Ageng Manggar, Putri lan Ki Juru Mertani.
Ki Ageng Getas Pandhawa uga pemimpin sing sederhana banget, nanging dadi panutan ing mangsane. Jeneng asline yaiku Syaikh Abdullah utawa akeh sing ngundang karo sebutan Raden Depok. Ki Ageng Getas Pandhawa yaiku sedulur kandung Nyai Ageng Ngerang , yakuwi kakang nomer lorone Nyai Ageng Ngerang sawise Ki Ageng Wonosobo. Ki Ageng Getas Pandhawa kuwi penyebar agama Islam sing kondhang, wibawa lan karismatik sarta sederhana banget ing urip lan kauripane sedina-dina.
Ki Ageng Getas Pandhawa kuwi sosok pemimpin sing sederhana, nanging wonge tegas banget lan wibawa, saengga disenengi lan dihormati wong akeh. Amarga kesederhanaane kuwi, kesederhanaane lan kepemimpinane iku disebut Ki Ageng Getas Pandhawa. Tiyange tangguh banget lan konon kuat banget nalika riyadhoh/tirakat kanggo ngolah batin,  supaya bisa cedhak marang Gusti Allah SWT kanthi maksimal lan khusuk. Kabeh iku mau dilakoni karo karep sing gedhe bisa nenangke awak lan m,uhasabah/ngoreksi awake dhewe, semana uga bisa nyebarke agam Islam kanthi ikhlas, tulus golek ridho Allah SWT, saengga bisa kawujud kekarepane. Makam Ki Ageng Getas Pandhawa dihormati lan dikeramatke dening warga ing Desa Kuripan Purwodadi Grobogan Jawa Tengah.
Ki Ageng Getas Pandhawa duwe anak, sing mbarep jenenge Li Ageng Selo sing dikenal karo sebutan “Sang Penangkap Petir”. Anak nomer loro jenenge Nyai Ageng Pakis, anak nomer telu jenenge Ki Ageng Purna, anak nomer papat jenenge Ki Ageng Kare, anak nomer lima jenenge Ki Ageng Wanglu, anak nomer enem jenenge Ki Ageng Bokong lan anak sing nomer pitu jenenge Ki Ageng Adibaya.
KiAgeng Selo dewe duwe anak jenenge Ki Ageng Enis lan Ki Ageng Enis uga duwe anak jenenge Ki Ageng Pemanahan. Makam Ki Ageng Selo ana ing Desa Selo Tawangharjo Purwodadi Jawa Tengah. Makam Ki Ageng Selo sanget dihormati lan di keramatke warga kono, saben wayah mesthi ditekani peziarah-peziarah saka pirang-pirang daerah, saengga rame lan marake makam Ki Ageng Selo saka wong-wong sing ngarepke berkah Allah SWT karo wasilah (lantaram/sarana) saka Ki Ageng Selo (mantu Nyai Ageng Ngerang).
Nyai Ageng Ngerang nikah karo Ki Ageng Ngerang I, saka cerita sing ana Ki Ageng Ngerang kuwi putra saka Syaikh Maulana Malik Ibrahim. Nyai Ageng Ngerang duwe pertalian lair lan batin karo raja-raja lan guru besar Agama Islam sing mandeg ing Raja Brawijaya V (Raja Majapahit) utawa Prabu Kertabumi. Nyai Ageng Ngerang diwenenhi jeneng iku mau amarga bojone jenenge Ki Ageng Ngerang I. Saka nikahe mau Ki Ageng Ngerang I lan Nyai Ageng Ngerang duwe putra loro, siji lanang lan siji wadon. Sing nomer 1 yakuwi wadon nanging durung ana sing ngerti sapa jelase jenenge. Putra nomer siji kuwi mau nikah karo Ki Ageng Selo, putra saka Ki Ageng Getas Pandhawa.
Sing nomer loro yaiku lanang, Ki Ageng Ngerang II sing terkenal karo sebutan Ki Ageng Pati. Putra sing nomer loro duwe anak papat yaiku Ki Ageng Ngerang III, Ki Ageng Ngerang IV (Sunan Ngerang), Ki Ageng Ngerang V (Ki Bagus Ngerang), lan sing terakhir Pangeran Kalijenar.
Ki Ageng Ngerang III makame ana ing Laweyan Solo Jawa Tengah. Ki Ageng Ngerang III iki sing wis nurunke Ki Ageng Penjawi. Ki Ageng Penjawi yaiku wong sing tau dadi adipati Kadipaten Pati sawise gugure Arya Penangsang. Arya Penangsang iku Adipati Jipang Panolan lan putra saka Pangeran Sedalepen.
Ki Ageng Penjawi sanget berjasa numpas pemberontak sing dilakoni sakelompok Laskar Soreng sing dipimpin Arya Penangsang. Kabeh mau ana tujuan supaya mateni kabeh keturunan Sultan Trenggana, amarga lara ati. Ki Ageng Penjawi nalika iku dadi Panglima perang bareng karo Danang Sutawijaya, Ki Juru Mertani lan Ki Ageng Pemanahan. Wong telu iku mau dikenal karo sebutan “Tiga Serangkai”. Pungkasane Ki Ageng Penjawi lan Danang Sutawijaya bisa ngalahke Arya Penagsang lan bala tentarane lan oleh hadiah Kutha Pati sing wis ana penduduke.
Nyai Ageng Ngerang dewe kuwi anak ragile Raden Bondan Kejawen (Lembu Peteng) saka nikaahe karo Dewi Nawangsih. Bapake Nyai Ageng Ngerang dewe isih seduluran karo Raden Patah, nanging beda ibu. Raden Patah yaiku wong sing pertama kali dadi Sultan nalika kerajaan Islam pertama ing pulau Jawa yaiku Kasultanan Demak Bintoro. Raden Patah duwe gelar “Akbar Alfath” Raden Patah uga anake Raja Brawijaya V karo ibu keturunan Champa.
Saka nikahe Raden Bondan Kejawen karo Nawangsih wis nurunke anak telu. Sing nomer siji syaikh Ngabdullah sing saiki terkenal karo sebutan Ki Ageng Wonosobo, lan anak nomer loro yaiku Syaikh Abdullah sing terkenal karo sebutan Ki Ageng Getas Pandhawa lan anak ragile yaikub Siti Rohmah Roro Kasihan sing dikenal karo Nyai Ageng Ngerang.
Hubungane Nyai Ageng Ngerang karo Sunan Muria yaiku Sunan Muria yaiku Sunan Muria ora mantu Nyai Ageng Ngerang nanging putu mantu Nyai Ageng Ngerang. Saka cerita, Sunan Muria iku putrane Sunan Kalijaga kaliyan Dewi Saroh binti Maulana Ishaq, padahal putrine Sunan Kalijaga sing jenenge Raden Ayu Panengah iku dadi garwane Ki Ageng Ngerang III, lan Ki Ageng Ngerang III iku putu Nyai Ageng Ngerang.
Nyai Ageng Ngerang nurunke adipati (bupati), nurunke raja-raja Mataram Islam, raja-raja ing Pajang, Jipang lan Keraton Hadiningrat sing nganti saiki durung seda yaiku Paku Buwono XIII (Kanjeng Gusti Pangeran Haryo Hangabehi).
Nyai Ageng Ngerang nurunke Bupati ing Pati, yaiku:
1.      Ki Ageng Penjawi (1568-1577) sarampunge Aryo Penangsang seda oleh Panembahan Senopati (Danang Sutawijaya).
2.      Raden Syidik putra Ki Ageng Penjawi sing duwe gelar Djaya Kusuma I (1577-1601)
3.      Djaya Kusuma II sing gelare Adi Pragola I (1601-1628)
4.      Ki Arya Pagedongan/Penjaringan sing duwe gelar Adipati Pragola II (1628-1640)
5.      Adipati Pragola III, ora ana pemerintahan nanging diganti karo katumenggungan lan 7 Kademangan.
Nyai Ageng Ngerang iku putra paling cilik saka Raden Bondan Kejawen (Lembu Peteng) saka nikahe karo Dewi Nawangsih putra saka Ki Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan. Makam Ki Jaka Tarub ana ing Desa Tawangharjo Purwodadi Jawa Tengah.
Dewi Nawangsig wis nurunke Nyai Ageng Ngerang sing nikah kari Ki Ageng Ngerang I. Raden Bondan Kejawen iku putra saka Raja Brawijaya V nalika tahun 1468-1478.
Bapak saka Nyai Ageng Ngerang isih sedulur karo Raden Patah nanging beda ibu. Raden Patah uga putra saka Raden Brawijaya V karo keturunan Champa, saiki perbatasan Kamboja lan Vietnam.

Hubungan Nyai Ageng Ngerang karo Sunan Muria,  Suanan Muria kuwi ora mantu Nyai Ageng Ngerang nanging putu mantu Nyai Ageng Ngerang. Amarga ana sing cerita nek Sunan Muria iku putrane Sunan Kalijaga karo Dewi sarohbinti Maulana Ishaq, padahal putri Sunan Kalijaga sing jenenge Raden Ayu Panengah kuwi dadi bojone Ki Ageng Ngerang III, lan Ki Ageng III kuwi putune Nyai Ageng Ngerang.
KERAMAT NYAI AGENG NGERANG
Sebelah kidul makam Nyai Ageng Ngerang ana papan sing mistis sing diarani “Phunthuk”, iku papan sing dinggo tapa, meditasi lan munajat Nyai Ageng Ngerang marang Gusti Allah SWT karo tekad sing bener-bener, saengga oleh katenangan jiwa lan drajat sing agung ing sisihe Gusti Allah. Ing punthuk  iku duwe hawa mistis sing gedhe banget, nganti saiki ora ana tanduran sing bisa urip padahal ana ing sakubenge kono akeh suket lan tanduran sing urip subur.
Ana salore makam Nyai Ageng Ngerang uga ana papan sing dijenengi Muludan, tilas masjid paling tuwa ing kutha Pati, saliyane kuwi uga ana padepokan sing di nggo nyebar agama Islam. Muludan kuwi ora pati amba. Saliyane kuwi Nyai Ageng Ngerang uga duwe keramat;
1.      Nyai Ageng Ngerang isa teka ana ing makam nalika ana sing pengen Nyai Ageng Ngerang teka kanthi cara diwacakke surat Al-Fatihah ping pira wae lan olah batin. Nanging ora kabeh bisa nglakoni amarga sing bisa di temoni Nyai Ageng Ngerang yakuwi wong sing oleh hadiah saka Rasulullah (wong sing duweni ati sing resik).
2.      Nyai Ageng Ngerang  duwe “Jaran Sembrani” . Nalika Nyai Ageng Ngerang biyen dakwah, Nyai Ageng Ngerang numpuk jaran iku mau. Lan nganti saiki penduduk Dusun Ngerang ora ana sing oleh ngingu (angon) jaran amarga bisa dianggep ngluwihi jarane Nyai Ageng Ngerang.
3.      Nalika ana acara Haul Nyai Ageng Ngerang, ana sing diarani kirab Luwur. Kirab Luwur yaiku pucuke acara Haul Nyai Ageng Ngerang. Kain luwur/mori diarak mlaku awit saka balai desa nganti tekan makam. Luwur sing anyar lan diarak kuwi mau dinggo ganti luwur sing wis lawas. Kain luwur sing lawas di kethok-kethok dadi sapu tangan, sabuk banjur dilelang ana ing jaba makam. Kain luwur iku mau dipercaya akeh banget lan gedhe keampuhane.
4.      Nyai Ageng Ngerang duwe khadam arupa Lembu Peteng lan Macan. Nalika acara kirab dilakokake, Lembu Peteng lan Macan kerep mara lan lewat ana ing ramene wong sing lagi kirab. Lembu Peteng kuwi mau bareng-bareng wong akeh melu kirab luwur, nanging orakabeh wong bisa ngerti laan weruh anane Lembu Peteng ing tengah-tengahing warga. Mung wong khusus lan diwenehi keistimewaan saka Gusti Allah SWT sing bisa ngerti lan weruh anane khadam sing arupa  Lembu Peteng lan Macan kuwi mau.
5.      Nyai Ageng Ngerang pewaris Sendang Widodari saka mbahe Dewi Nawang Wulan lan Ki Jaka Tarub. Uga oleh warisan Slandang Kemben kanggo golek, gawe lan mbentuk lemah/bumi Ngerang. Miturut cerita, lemah/bumi Ngerang iku ora ana wong sing kuat manggoni lan nganggo amarga cuba urip sing ditemoni lan ora bakal ilang, kecuali wong Ngerang dewesing kuat manggoni lan manfaatke kanggo urip lan kauripane manungsa.
6.      Nyai Ageng Ngerang duwe khadam rupa kewan bantheng. Nalika Nyai Ageng Ngerang garap sawah, ana grumbulan bantheng ngamuk lan arep ngrusak tanduran nanging bantheng kuwi mau bisa manut lan diwenehi ngombe saka esndang putih sing saiki ana ing dusun Mbanger Mojomulyo  Tambakromo Pati Jawa Tengah. Sisih kidul makam Nyai Ageng Ngerang jurusan Dusun Slening ana sawah sing dijenengi Sawah Betengan.
7.      Angin uga dadi tumpakane Nyai Ageng Ngerang. Nyai Ageng Ngerang bisa nyegah lan ngundang angin. Nyai Ageng Ngerang uga duwe kentheng sing bisa nolak udan, nalika wis rampung nyilih kentheng kuwi, mula kudu enggal cepet-cepet di balikke.
8.      Karak/sega khusus sing wis didongake ana ing makam Nyai Ageng Ngerang. Sega karak iku dipercaya lan diyakini berkah lan akeh manfaate. Bisa dadi obat, usaha, ngilangke wereng lan liyane. Sing paling khusus yakuwi di nggo nolak angin. Nalika angin banter karak mau diuncalke ana ngarep omah utawa duwur kentheng.

PENINGGALAN
MULUDAN
Muludan yakuwi papan sederhana sing ora pati amba, biyen papan kanggo Pesantren lan Masjid. Ing kono tau di bangun masjid lan Padepokan. Masjid mau dadi pusat kegiatan keagamaan lan acara kegiatan sosial masyarakat. Muludan kuwi papan sing kebak nilai sejarah, spiritual lan mistis. Uga ana nilai keajaiban lan keramate.
PUNTHUK
Punthuk yaiku papan sederhana sing lemahe ora amba kanggo semedi Nyai Ageng Ngerang, sing duwe nilai mistis lan misterius. Papane ana ing tengah sawah. Punthuk kuwi dadi panggonan sing istimewa kanggo Nyai Ageng Ngerang amarga papan kuwi di nggo olah batin, pasa, tapa, tirakad lan munajat marang Gusti Allah SWT kanthi bener-bener lan khusyuk.
WEDELAN
Wedelan yaiku lemah sederhana sing digunakake kanggo usaha utawa mbatik lan mernani kain jaman biyen. Usaha kuwi diarani medel. Papane ora adoh saka makam Nyai Ageng Ngerang, yakuwi salore makam ana 20 meteran saka makam.
BUMI SENTANA
Bumi sentana yaiku papan sing pribadi kanggo perang para wong-wong keraton ing jaman biyen. Ora ana ssing nyritakake bab bumi sentana maneh.
KENTHENG LAN BATA
Kentheng lan bata iki dipercaya bisa nolak udan kanggo kabeh sing nyilih kanggo kaperluwan. Akeh wong sing duwe hajat kayata nikahan, khitan lan liya-liyane. Akeh wong sing nyilih kentheng iku kanggo nulak udan. Menawa ana wong sing nyilih kentheng mau, kudu cepet-cepet di balikke amarga watir yen sing nyilih mau lali mbalike nganti ora gelem mbalikke. Mula ana alternatip loro sing dilakoni yaiku kaping pisan disuwun langsung kaliyan Nyai Ageng Ngerang apa sing nomer loro pengen di obrak-abrik omahe nganggo angine Nyai Ageng Ngerang.
Kentheng lan bata jaman semana karo saiki beda banget. Ukurane p 20 cm lan l 30 cm lan ing tengah-tengahe ana cap/stempel.
SENDHANG PUTIH
Sendhang putih iku cilik lan bentuke sederhana, nanging duweni sejarah lan keajaiban. Miturut KH. Ridwan Aziz, sing ngurus ponpes Darul Muqoddas Banger, nalika semana ana sakgrumbulane bantheng sing ngamuk lan ngrusak sawae warga. Bantheng iku mau diwenehi ngombe saka Sendhang Putih mau banjur ora suwe bantheng mau malih dadi manutan lan dadi pengikute Nyai Ageng Ngerang.
Anane Sendhang Putih kuwi mau ing Mbanger Mojomulyo Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati, di gunakake karo penduduk masyarakat kono lan didadekake papan wisata. Ora mung kuwi, saliyane dadi papan spirtual uga diruwat kanthi cara mbangun lan ngapiki sithik-sithik, sarta di rumat supaya dadi apik lan ana faedahe. Banyu saka sendhang Putih ikumau ora tau asat, saengga masyarakat kono akeh sing nggunakake banyu sendhang iku kanggo maneka warna hajat/pepinginan kayata obat, usaha lan liya-liyane.
Para sesepuh sing wis dadi Juru Kunci makam Nyai Ageng Ngerang;
1.      Mbah Sutosariman (Almarhum) tahun 1955-165
2.      Mbah Wiroji (Almarhum) 3 wulan
3.      Mbah Parto Radi (Almarhum) tahun 1966-1975
4.      Mbah Giman Astro (Almarhum) tahun 1975-2005
5.      Mbah Suparman TG tahun 2005-saiki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar