Nalika
jaman rumiyin wonten setunggaling Kabupaten Grobogan ingkang dipunpimpin
kaliyan Adipati Hario Puger ingkang gadhah garwa naminipun Rekno Kasihan.
Satunggaling dinten wonten tamu ingkang sowan inggih punika Tumenggung saking
Serang Banten ingkang gadhah nama Banteng Sura. Kaliyan sikap angkuh, Bupati
Grobogan dipun suwuni tunduk kaliyan Tumenggung Banteng Sura. Ananging Adipati
Hario Puger nolak saengga Tumenggung Banteng Sura murka, nglawan lan mejahi
Adipati Hario Puger. Amargi taksih dereng puas,
Tumenggung Banteng Sura pengen nggadhahi garwa Hario Puger. Ananging
Rekno Kasihan boten purun amargi tiyangipun taksih tresna sanget kaliyan Hario
Puger lan tiyang ingkang badhe nggarwa inggih punika tiyang ingkang sampun tega
mejahi garwa ingkang sanget dipun tresnani.
Pungkasane
Rekno Kasihan kesah ninggalaken Kabupaten Grobogan. Ing tengah laku, Rekno
Kasihan ningali wit ingkang boten temtu bentukipun, lajeng papan wau diparini
nama lan dados Desa Rimalang punika.
Rekno Kasihan nglajengaken lakunipun tumuju wetan paranipun. Wonten ing
tengah-tengah laku, Rekno Kasihan boten papagan kaliyan tiyang lajeng
ngongak-nganguk saengga dados Desa
Ngangok. Lajeng Rekno Kasihan nglajengaken lakunipun, dumugi Suwaduk
tiyangipun ketemu kaliyan kangmase ingkang gadhah asma Branjang Kawat.
Tumenggung
Serang ingkang dereng puas, sareng-sareng kaliyan Adipati Mursiah lan Patih
Rekno Daling nyerang Kabupaten Pati. Nalika semana Kabupaten Pati dipun pimpin
kaliyan Adipati Joyokusumo lan Patih Penjaringan. Antaranipun Pati kaliyan
Serang wonteng perang ageng lan Pati kalah. Lajeng Adipati Joyokusumo damel
sayembara “sapa wae sing bisa ngalahke
prajurit Serang, bakal dakangkat dadi Penggede ing Kabupaten Pati”
Tiyang
ingkang namanipun Ki Ageng Joko Sungging nyuba nglawan prajurit Serang ananging
tiyangipun kalah lajeng mlayu tumuju Desa Suwaduk. Wonten ing ngriku wonten
rebutan toya antaranipun Branjang kawat kaliyan:
-
Ki Ageng Soko
-
Ki Ageng Wareng
-
Ki Ageng Koripan
-
Ki Ageng Ngandong
Sedaya
nglakukaken perang angkat junjung seleh lor seleh kidul. Saengga dadosaken Desa
Angkatan Lor kaliyan Desa Angkatan Kidul saking tembung
“angkat”.
Branjang
Kawat ugi mireng sayembara ingkang diwara-warakake kaliyan Adipati Joyokusumo
lan pengen nyuba sayembara punika. Saderengipun kesah perang kaliyan Banteng
Sura,Branjang Kawat cs sowan ing
dalemipun Ki Gede Gesang nyuwun pitulungan. Ki Gede maringi saran supados
nglakokaken perang berik. Lajeng Branjang Kawat cs majeng perang kaliyan
Banteng Sura.
Nalika
perang punika, Banteng Sura kapojok lajeng dados Desa Pojok. Papan ingkang dipun agem perang punika dipun wastani Desa Tengkrik saking tembung berik. Lan
wonten ing ngriku Branjang Kawat maling Patih Rekno Daling.
Lajeng
Branjang Kawat perang kaliyan Banteng
Sura. Saking perang punika Patih Rekno Daling ninggal lan dados Desa Kedalingan. Benten kaliyan Adipati Mursiah ingkang
ngungsi wonten satunggaling papan lan papan ungsian wau sakniki dados desa Kongsen.
Ki
Ageng Joko Sungging ingkang nate kalah nglawan prajurit Serang, mireng kabar
bilih sedaya prajurit Serang sampun kalah lan Tumenggung Banteng Sura ugi
sampun pejah. Lajeng ki Ageng Joko Sungging ngadhep Adipati Joyokusumo lan
matur menawi tiyangipun sampun saged ngalahaken prajurit Serang. Adipati
Joyokusumo maringi medali lan hadiah marang Ki
Ageng Joko Sungging.
Amargi prajurit Serang sampun kalah, Branjang
Kawat cepet-cepet matur marang Adipati Joyokusumo. Ananging berita ingkang
dipun aturaken dateng Branjang Kawat boten dipun percaya amargi Ki Ageng Joko
Sungging sampun langkung riyen matur dumateng Adipati Joyokusumo. Mireng
penolakan saking Adipati Joyokusumo, Branjang kawat nesu lajeng nglawan Adipati
Joyokusumo, saengga kedadeyan perang Pati. Amargi saderengipun Branjang Kawat
sampun perang nglawan prajurit Serang, badanipun sampun kraos kesel. Branjang
Kawat mlayu teng sumur gowak lan ndelik wonten ing ngriku ananging dipun
mangertosi dening warga Kabupaten Pati. Amargi Branjang Kawat kraos boten kiat
malih lajeng ngendika “Aku ora bakal isa
mati yen ora digrojog karo pecahan kaca utawa beling”.
Sarampungipun
ngendika punika lajeng sedaya pecahan kaca lan beling dipungrojogaken wonten
ing sumur gowak ingkang dipun agem papan delika Branjang Kawat. Beling-beling
wau dideplok ngantos Branjang Kawat seda. Lan saking prastawa punika, kedadeyan
wau dipin asmani Rujak Beling Ceprot
Katan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar