Rabu, 03 Desember 2014

Kabudayan ing Agama Buddha

Kabudayan Agama Buddha diajarke kaliyan Sidharta, putra Raja Sudodhana saking kerajaan Kapilawastu. Sidharta tegese won sing ncapari gegayuhane, uga sing diarani Buddha Gautama sing tegese wong kang narima bodhi , utawa uga diarane Cakyamuni sing tegese wong bijak saka keturunan suku bangsa Cakya.
Wong sing pengen mlebu agama Buddha diwajibke ngucap Tridharma, sing tegese:
- Aku golek pitulungan marang Buddha
- Aku golek pitulungan marang Dharma
- Aku golek pitulungan marang Sanggha

Agama Buddha duwe  kitab suci sing jenenge Tripitaka, tegese keranjang sing duweni teges, yaiku:
-       Vinayapitaka, sing  isine aturan-aturan kauripan
-       Suttapitaka, sing isine dasar-dasar ing maringke pelajaran
-       Abdidharmapittaka, sing isine falsafah agama
Upacara Perkawinan
1.   Persiapan Upacara
Supaya bisa dilaksanakake upacara perkawinan miturut agama Buddha, mangka calon pengantin kudu nemoni pandita agama Buddha saka majelis agama Buddha sing duwe kawenangan mimpin upacara perkawinan (ora bhikku utawa samanera).
Carane yaiku ngisi formulir sing wis cumepak lan nglampirke;
a.   2 lembar fotocopy Kartu Tanda Penduduk
b.   2 lembar fotocopy Akta kelahiran utawa Akta Lahir saka kabeh dari calon penngantin
c.   2 lembar Surat Keterangan saka Lurah setempat nganani status ora kawin saka kabeh calon pangantin (perjaka/duda/gadis/janda)
d.   Surat izin kanggo calon pengantin sing umure ning ngisor 21 tahun
e.    3 lembar pasfoto wong loro ukuran 4x6 cm
Upacara perkawinan miturut tatacara agama Buddha bisa dilangsungke ing Vihara, Cetiya uttawa ing omah salah siji pengantin ssing ngrampungi syarat kanggo pelaksanaan upacara perkawinan.
2.   Perlengkapan utawa Peralatan Upacara
        Persiapan peralatan upacara perkawinan ing agama Buddha yaiku;
a.   Altar sing ana Buddharupang
b.   Lilin 5 warna (biru, kuning, abang, putih, jingga)
c.   Panggon dupa
d.   Dupa wangi 9 iji
e.   Gelas/mangkuk cilik isine banyu putih karo kembang (kanggo di cipratke)
f.    2 vas  kembang lan 2 piring buah-buahan kanggo dissuguhke ngantin loro.
g.   Ali-ali kawin
h.   Kain kuning ukuran 90 x 125 cm
i.     Pita kuning dawane 100 cm
j.    Panggon lungguh (bantal) kanggo pandita, pengantin loro, lan bhikku (yan teka)
k.   Surat ikrar perkawinan
l.     Pesembahan dana kanggo bhikku (yen teka), bisa arupa kembang, lilin, dupa lan liya-liyane.

3.   Pelaksanaan Upacara Perkawinan
Pelaksaan upacara perkawinan ing agama Buddha yaiku;
1.   pandita lan pembantu pandita wis siap ing papan upacara
2.   ngantin loro mlebu ruangan lan ngadeg ing ngarep altar
3.   pandita takon marangpengantin loro, apa ana ancaman utawa paksaan sing nyebabke kabeh kudu nglakoni upacara perkawinan miturut tata cara agama Buddha, yen ora ana mangka upacara bisa dilanjutake.
4.   Panyumetan lilin limang warna dening pandita lan wong tua saka ngantin loro.
5.   persembahan kembang lan buah saka ngantin loro.
6.   pandita maringke telung batang dupa lan mimpin Namaskara
7.   perrnyataan ikrar perkawinan
8.   pemasangan cincin kawin
9.   pita kuning ditali lan kain kuning diagem.
10.        Banyu pemberkahan dicipratke dening wong tua saka ngantin loro lan pandita
11.        pembukaan pita kuning lan kain kuning
12.        wejangan dening pandita
13.        penandatanganan Surat Ikrar Perkawinan
14.        Namaskara penutup dipimpin dening pandita
Pandita pemimpin upacara ngucapke Namakkara Gatha disusul dening hadirin ukara mbaka ukara:
ARAHAM SAMMASAMBUDDHO BHAGAVA
[A-ra-hang Sam-maa-sam-bud-dho bha-ga-waa]
BUDDHAM BHAGAVANTAM ABHIVADEMI
[Bud-dhang Bha-ga-wan-tang Abhi-waa-de-mi)
(Sang Bhagava, Ingkang Maha Suci, Ingkang Sampun Nggayuh Panerangan Sampurna;
Aku Sujud Ing Ngarsaning Sang Buddha, Sang Bhagava)
SVAKKHATO BHAGAVATA DHAMMO
[Swaak-khaa-to Bha-ga-wa-taa Dham-mo]
DHAMMAM NAMASSAMI
[Dham-mang Na-mas-saa-mi]
(Dhamma sampun sampurna dibabarke dening Sang Bhagava;
Aku sujud ing ngarsaning Dhamma)
SUPATIPANNO BHAGAVATO SAVAKASANGHO
[Su-pa-ti-pan-no Bha-ga-va-to Saa-wa-ka-sang-gho]
SANGHAM NAMAMI
[Sang-ghang na-maa-mi]
(Sangha, siswa Sang Bhagavasampun kaatindak sampurna,
Aku sujuding ngarsaning Sangha)

Sadurunge ngucap ikrar perkawinan pengantin loro ngucap Vandana :
NAMO TASSA BHAGAVATO ARAHATO
SAMMA SAMBUDDHASSA
[Na-mo Tas-sa Bha-ga-wa-to A-ra-ha-to
Sam-maa-sam-bud-dhas-sa]
(3 X)
(Ingkang Kapuji Sang Bhagava, Ingkang Maha Suci, Ingkang sampun nggayuh Panerangan Sampurna)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar