Nalikane awak iki ijen...
Dhiri mung bisa kelingan sliramu
Sliramu kang nora nduwe ati
Sliramu kang nora bisa ngregani wong liya
Sliramu kang gawe laraning manah
Sliramu kang gawe urip sangsara
Nalikane awak iki ijen....
Praupamu mampir
Teka ing pikiran iki
Gawe pepetenging ati
Gawe panas ing ati
Gawe tibaning eluhku
Nalikane awak iki ijen....
Lelakonmu kang gawe tagis
Lewat ing ngarepanku
Gawe seseg dhadhaku
Amarga keliingan sliramu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar