Ki Ageng Keringan sing
duweni garwa jenenge Nyi Sujinah di karuniani bocah wadon kang dijenengi
Branjung. Nalika umure Branjung ngancik remaja nanging durung duwe adhi, Ki
Ageng Keringan kepengen nduwe anak lanang. Banjur Ki Ageng Keringan Tirakat
supaya kekarepane di ijabah dening gusti Allah SWT.
Mlaku
pirang-pirang wulan, ana ewahan saka sikape garwane. Nyi Sujinah kang biasane
sumeh, riang lan semangat malih dadi garwa kang menengan, ra mbutohi, dingin,
lan ngalamunan. Nalika Ki Ageng Keringan takon marang Nyi Sujinah kenapa sikape
beda, ndadak Nyi Sujinah malah nangis sedadi-dadine. Nalika di dhedhes Ki Ageng
Keringan Nyi Sujinah nembe gelem cerita bab mimpine kang di tekani wong lanang,
awake gedhe dhuwur lan wis uwanen nanging isih tetep katon gagah lan ganteng,
wong lanang kuwi mau menehi jambe sing isih utuh marang Nyi Sujinah.
Bolak-balik
Nyi Sujinah muji-muji kebagusane wong lanang sing ana ing jero impene mbendina
mau saengga gawe Ki Ageng Keringan krasa cemburu nanging mung di empet ing jero
dhadha. Ki Ageng Keringan banjur milih sowan ana ing griyane Sunan Muria amarga
dheweke ngrasa ora ahli babagan nyimpulke arti impen. Ndelalah sawise teka ing
Panti Muria, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga uga ana ing kana mbahas strategi
dakwah islam ing daerah Muria lan sekitare kalebu rencana mbangun masjid ana
ing desa Keringan..
Sunan
Muria nyambut tekane Ki Ageng Keringan kanthi semanak lan takon apa tujuane
sowan ana ing Panti Muria. Ki Ageng Keringan nanggepi pitakon saking Sunan
Muria, dheweke ngaturke salam kurmat marang waliyullah telu lan ngandarake
maksud sowane ana ing Panti Muria.
“ dados maksud sowan kula wonten ing Panti
Muria punika satemene urusan piyambak”
“Ki
Ageng” saute Sunan Kalijaga. “menawa ngono, apa aku lan rama Sunan Bonang kudu nyingkir sedela saka
majelis iki?” pitakone Sunan
Kalijaga.
“demi rampung lan tuntase masalah kita sakulawarga, malah kawontenan
Kanjeng Sunan kekalih sanget dipun betahaken miturut kula” tegese Ki Ageng
Keringan.
Ki
Ageng Keringan mandeg sadela, banjur nerusake cerita babagan impen sing di
lakoni garwane Ki Ageng Keringan kanthi lengkap.
“bolak-balik Nyi Sujinah muja-muji kebagusane wong lanang tuwa uwanen,
gedhe dhuwur ingkang dateng ing impene. Kula raos wajar minangka kula manungsa
anggadhahi rasa cemburu ing manah sanubari kula. Mila, kula sowan dateng Panti Muria punika kanthi pangarep-arep
pikantuk dalan saking Kanjeng Sunan babagan impen garwa kula punika.”
Naggepi
panjaluke Ki Ageng Keringan kuwi, saka Sunan Muria lan Sunan Bonang mangsuli
menawa, Insya Allah Ki Ageng sakulawarga bakal di paringi anugerah saking
Illahi Robbi luwih saka apa kang di arepke. Nanging Sunan Kalijaga kanthi terus
terang micara, menawa Nyi Sujinah arep nglairke putra.
Sewengi Ki Ageng Keringan
nginep ing Panti Muria. Nalika Ki Ageng Keringan ninggalke Panti, Sunan Bonang,
sunan Muria mbahas blakane Sunan Kalijaga
ngenani impene Nyi Sujinah.
“kecuali ndisiki karsane Gusti, mangka ora cilik kemungkinane menawa
katerusterange kangmas Sahid kuwi bisa nimbulke masalah anyaring kulawarga Ki
Ageng Keringan.” Ujare sunan Muria
“Ya maklum, ora kabeh wong bisa
nangkep keterangan sing samar-samarutawa ora jelas. Lan Allah Maha
Ngerti niat apikku iku. Saengga yen kliru, mangka Allah bakal ngapurani dosaku” ujare Sunan Kalijaga
Lanjute sunan Kalijaga:
“nanging, wislah. Kabeh wis kedadeyan.
Mula ayo padha tawakkal marang Gusti Allah. Tawakkal sajroning teges yakin lan
percaya menawa apa-apa kang saking Allahpancen kanggo umate, mesthi bakal tutug
padahal kabeh donya padha nentang. Sakwalike, sing ora dikanggoke, mesthi ora
bakal tutug meski kabeh donya padha mbiyantu. Keyakinan ing arti tawakkal
kuwingadohke kita saka rasa nyesel sing dawa utawa iri, dengki, sombong, lan
dendam ing sajroning ati sanubari kita tumuju kabeneran kang hakiki.”
Sunan Bonang langsung
medhot, “Jebeng Sahid lan Syahid
Kusumastuti, takrasa masalahe wis cukup jelas. Ora perlu didawa-dawa meneh.
Mula iku, apike di nteni wae apa sing bakal kedadeyan. Ngenani kuwatire Kaki
Muria ngenani kemungkinan kedadeyan masalah anyaring kulawargane Ki Ageng
Keringan, mula ing perjalanan balik saka Panti Muria iki, aku lan Jebeng Syahid
bakal ngguangke wektu kanggo mampir ing omahe.”
Tekan
latar ngarep omah sakwise sowan Sunan Muria, Ki Ageng Keringan dipapag Branjung
kanthi bungah banget. Branjung ngomong manja marang bapake
“bapak,
Branjung bakal nduwe adhi”
Ki
ageng Keringan ora mudeng maksud omongane anake, bareng wis mlebu omah Ki Ageng
weruh garwane lungguh ana dipan lagi nangis lan nutupi wetenge sing katon gedhe nganggo kain. Ki Ageng Keringan
takon kanthi sabar
“nyai,
kenapa sliramu nangis? Apa sing wis kedadeyan?”
Nyai
Sujinah ora njawab malah nangise tambah ndadi. Bareng didesek terus karo Ki
Ageng Keringan, Nyai Sujinah njawab sesenggrugan
“menawa
Ki Ageng maringi ngapura, mila mboten amargi kula sampun cidra kaliyan priya
sanes. Nanging amargi garwa panjenengan niki boten saged nolak paringan saking
Maha Ingkang Ghaib, ingkang maringi jabang bayi wonten ing kandungan kula.
Punapa Ki Ageng percaya marang cariyos kula napa boten, sedaya kula wangsulaken
dateng panjenengan. Kula pasrah marang napa kemawon ingkang bakal kedadeyan.” Jelase
Nyai Sujinah.
Amarga
nalika ditinggal mangkat ing Panti Muria durung ana tanda metenge Nyai Sujinah,
mangka Ki Ageng Keringan ora langsung percaya karo pengakuane garwane. Apamaneh
yen kelingan impene Nyai Sujinah bendina. Mangka rasa cemburu thukul sajroning
ati Ki Ageng Keringan nanging tetep di empet lan lungguh ana sandinge Nyai
Sujinah. Kanthi welas asih dielus rambute lan ora lali di critake pendapat saka
waliyullah telu babagan arti impene garwane kuwi.
“mula
Nyai ora usah nangis. Di nteni wae apa sing bakal kelakon” panglipure
Ki Ageng Keringan
Sambunge Ki ageng, “awak dewe kuwi manungsa biasa. Kita
kagolong titah (hamba Allah) sing ora bisa nolak kehendak sing Kuasa. Mula,
luwih becik awak dewe bareng-bareng ngaturke syukur kehadirat Allah SWT amarga
kabeh bentuk karunia saka sing wis lan bakal kita trima. Wis mesthi kanthi
arepan muga kabeh apik, ora mung kanggo sakulawarga nanging uga kanggo kabeh
umat Allah SWT.”
Wayah
dina laire si jabang bayi saka wetenge Nyai Sujinah, Ki Ageng Keringan kelingan
ajaran leluhure
“merga
luwih nonton awake dewe minangka wektu dawa-ora nalika dihujat-mangka pribadi
sing mateng ora perlu krasa kesinggung saka koreksi. Wonge di adohke saka rasa
iri, dengki, dendam, sombong. Kanthi ngewenehake kabeh sing dialami mung marang
Allah SWT, mangka wonge ora bakal keganggu saka rasa serakahe urip. Wong sing
ngono kuwi ora pernah krasa kuciwa lan putus asa merga hampir kabeh ora pernah
ngimpekke kemenangan. Sakmlakune karo kuwi mau wonge sadar, menawa sejarah kudu
di rubah, mangka sing ngubah ora manungsa nanging Allah SWT.”
Kelingan
ajaran kuwi, thukul rasa semangat Ki Ageng supaya narima apa sing bakal
kedadeyan. Kanthi tabah Ki ageng ngenteni laire putrane lan donga nyuwun
pitulungan Gusti. Ora suwe, garwane
nglairake bayi lanang sing sehat lan
bagus. Nalika iku uga, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga sowan mertamu lan melu
seneng.
“seneng
banget kita sakulawarga amarga Kanjeng Sunan kekalih sampun tumut mirsani
kelahiran putra kula.” Tembunge Ki Ageng Keringan nyambut
tamu kekalihe.
Nyambi nggendong bayine
kuwi Ki Ageng Keringan ngucap: “Lan
sampun dados pakurmatan kagem kita menawi Sunan kekalih purun maringi nama
kagem putra kita niki.”
Saka
Sunan Bonang maringi jeneng Syah Ridha lan Sunan Kalijaga maringi jeneng Syah
Ridhin. Ki ageng Keringan mesem:
“saka
paringan nama kangge putra kita, mila kita ngucapke matur nuwun marang Kanjeng
Sunan kekalih, kekalih nama niku sae saengga gampang kagem kita milih. Nanging
amargi nama kekalih punika botem gampil diucapaken lati tiyang jawi, mila nama
Saridin diraos sampun cocog kagem putra kita.”
Nyi
Sujinah sing wis krungu rerembugan awit mau, ujug-ujug tangi saka dipan lan
ngadeg. Ngoyok bayine saka gendongane bapake banjur kanthi tresna asih
diambungi bola-bali. Ora suwe Nyai Sujinah maringke bayi iku marang Sunan
Kalijaga karo ngucap
“Kanjeng
Sunan ingkang kula kurmati, kula titipaken putra kula dateng paduka kanthi
arepan supados angsal bimbingan kados mesthinipun.”
Sakwise
Saridin digendong Sunan Kalijaga, Nyai Sujinah ngrangkul garwane. Sirahe krasa
mumet, wetenge munjuk kudu mutah, panyawange blawur. Ora suwe banjur ninggal.
Ki Ageng Keringan lan Sunan kalih padha kaget banjur ngucap
“Innalillahi
wa inna illaihi roji’un”.
Sunan Bonang micara:
“untung
ora mungkin digayuh, rugi ora bisa ditolak! Ya iku sing kedadeyan nalika kodrat
Gusti Allah lumaku kanggo hambane. Saiki Nyai Sujinah wis ora ana ninggalke kita
kabeh selawase. Tugase dadi khalifatullah ing donya wis kalaksanan kanthi
becik. Mula ayo do ngalekake kabeh khilaf kanthi iringan donga mugi Allah SWT
ngapurani kabeh dosa sarta narima arwahipun, urip tentrem lan damai ing
panggaonane saiki. Kanggo ngenang jasa-jasa almarhumah, kita kenang nganggo
jeneng Dewi Samaran.”
Sunan Bonang marang
Sunan Kalijaga:
“kanggo
awakmu Jebeng Sahid! Kenapa menjelang wafate, Nyai Sujinah nyerahke jabang
bayine marang sliramu, mesthi ora tanpa maksud. Maksud kuwi kasingkap nalika
almarhumah arep wafat. Karepku, sliramu ora nghelehke amanah kuwi. ”
Krungu
pesene Suanan Bonang mau, nyambi maringke Saridin ana gendongane Ki Ageng, Sunan
Kalijaga ngucap:
“Insya
Allah Bapa. Mugi-mugi Allah SWT ngimpahaken sedaya bentuk kanikmatan
donya-akhirat dumateng kita sedaya.”
Sakwise
upacara rampung, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga pamit marang Ki Ageng supaya
bali menyang papane dhewe-dhewe.
Saktinggale
Nyai Sujinah sing duwe gelar Dewi Samaran kuwi, Ki Ageng Keringan kudu ngurusi
lan nggedhekake Saridin dewe. Untung Barnjung wis remaja, saengga bisa ngewangi
tugase bapake sing wis tuwa. Nalika Saridin wis awit gedhe, mangka KiAgeng
Keringan ngirimke Saridin supaya merguru marang Sunan Bonang lan Sunan
Kalijaga. Branjung nikah ambi Parwirayuda. Yakuwi abdi dalem Tumenggung Niti
Kusuma saka Mataram sing nilep barang kang kudune di terke kanggo putra tuane
saengga dadi buronan. Keplayon mrana-mrene nganti barang tilepane mau entek
dadi awake kuru banget lan reged. Nalika ing desa Keringan, Prawirayuda di
trima Ki Ageng Keringan kanthi tangan kabuka lan ora kabotan apa maneh dheweke
ngerti yen anake Branjungn duwe ati marang Prawirayuda. Pungkasane Prawirayuda
lan Branjung didaupake Ki Ageng Keringan.
Ora
suwe Prawirayuda lan Branjung dhaup, Ki Ageng Keringan ninggal lan Prawirayuda
kelangan sosok panggonan kanggo golek pitulungan, mula prawirayuda njaluk
garwane supaya ngadol omah lan lemah tinggalane almarhum bapake ana Keringan
lan pindah ing Miyono. Sakwise pindah, Prawirayuda cerita sakbenere marang
garwane yen dheweke iki dadi buronan Kasultanan Mataram. Prawirayuda pesen
marang garwane
“mula
Mbokne,wiwit saiki aja kowe ngundang jenengju Prawirayuda nanging nganggo
jenengmu Branjung.”
Nalika
urip awor ipe lan mbakyune ana Miyono, Saridin kenalan karo Sarini anak
siji-sijine Ki Truna Upet lan dadine wong loro mau daup. Saka daupe mau,
Saridin duwe anak lanang jenenge Momok. Nanging uripe Saridin ora kaya uripe
mbakyune sing urip kacukupan saka warisane bapake, Ki Ageng Keringan. Uripe
Saridin pas-pasan saka warisane maratuwane Ki Truna Upet mula wajar yen Saridin
njaluk bageyan warisan saka almarhum bapake. Nanging amarga ipene serakah,
banjur ora gelem mbagi bageyan warisane amarga dirasa sing wis berjasa
ngembangke usahane almarhum Ki Ageng Keringan kuwi Branjung. Saridin njaluk
bageyan asil duren sing urip ing buri omah warisan sing dipanggoni mbakyu mbi
Prawirayuda, nanging ipene sing tamak, pelit, medit, lan ngrasa berjasa ngrasa
wegah-wegahan nuruti panjaluke Saridin. Kuwi katon saka sikape nalika netepake
perjanjen bagi asil duren sing dituntut Saridin. Saka kalicikane ngrebut
warisan kuwi mau,mangka Prawirayuda alias Ki Branjung mati tanpa sengaja ing
tangane Saridin.
Akibat
matine Ki Branjung iku, Ki Tondonegara sing dadi panguwasa Kadipaten Pati
ngukum Saridin ukuman kurungan. Nanging Adipati Tondonegara ora ngomong
langsung yen Saridin kuwi bakal di kunjara nanging diapusi:
“ana
ing omah gedhe iku kowe bakal diwenehi mangan lan ngombe sakcukupe.yen kowe
bisa, mangka kowe oleh balik tilik anak bojonem. Apa kowe gelem Saridin?” ngendikane
Adipati Tondonegara marang Saridin.
“Injih
tuan Adipati kula purun”
Saridin
ora ngerti nek wonge kuwi dibodhoni karu panguwasa Kadipaten Pati. Lan dheweke lagi
sadar yen dibodhoni Adipati Tondonegara nalika wonge dilebokake ana pakunjaran.
Saridin
kuwi putra Ki Ageng Keringan. Barang sing ghaib wis mbarengi laire biyen. Saka
bapake, Saridin oleh ajaran leluhur sing mathok ing urip madya, ora ngangsa, ora ngaya. Saliyane iku supaya ngadohi
sikap aja dumeh, ora kagetan, ora
gumunan, ora melik nggendhong lali, tansah eling lan waspadha.
Mung
sedela Saridin sempet dadi anak didike Sunan Bonang. Ing lelaku tumuju
gegayuhan, mangka Saridin ana sajroning ayang-ayang kearifane Sunan Kalijaga.
Lan Gusti Allah uga maringi pira-pira kaluwihan marang Saridin minangka sangu
sajroning ngarungi samudra urip ing donya.
Saridin
banget percaya marang anane Kang Maha Ghaib. Sapangertene, Gusti kuwi Wujud
Tunggal Maha Kuwasa kang merga kuwasa-Ne mangka dadi bumi lan langit.
Lan
keyakinane Saridin, Gusti ora bisa diweruhi, ora bisa dicekel, ora bisa
digrayang. Manungsa ngenal Gusti saka firman-firman Gusti singg dicekel
tiyang-tiyang piliyan utawa utusan Gusti sing disebut Nabi, Rasul, Resi, utawa
apa wae sebutane. Firman mau kasusun ing kitab-kitab suci. Lan saka maca kitab
suci iku, manungsa dadi ngerti ajaran Gusti ngenani wajib, ora wajib, lan
larangan kanggo manungsa.
Kanggo
Saridin, Gusti Allah SWT ingkang Maha Esa iku ora ana cacahe, ora dibagi, ora
nyekutu. Kekuasaan utawa kodrat Allah sipate tetep, ora rubah-rubah, ora
pindah-pindah. Kekuwasaan Allah ora disebabke saka musyawarah manungsa lan ora nyandar marang kekuwatan
utawa kelengkapan apa wae uga. Gusti Allah nglakoni saka karepe dhewe, lan ora
ngarep pambenere saka sapa wae.
Isih
ing pangertene Saridin, kekuwasaan utawa kodrat Gusti iku ora ketahan saka apa
wae. Gusti berlaku marang wong sing percaya lan ora percaya, saka wong sing
tundhuk, takluk, pasrah, ora ingkar, uga sing mbangkang. Lan saben wong sing
nganggo pikirane kanthi merhateke kabeh kedadeyan saka dheweke dewe, mesti
weruh lan ngakoni kenyataan kuwi.
Saka
keyakinan wujud, kekuwasaan, sarta
kodrat Allah kuwi, saka pandangane Saridin, Allah SWT-Tuhan Maha Esa yakuwi Sangkan Paraning Dumad. Wujud utawa
kekuwasaan Gusti ora bisa ditamsil (ibarat) alias tan kena kinaya apa. Lan saka kerja sing temen dibarengi donga
nyuwun pitulungan Gusti Allah, mangka insyaallah, manungsa bakal oleh apa sing
dikarepake.
Ing
tengah-tengah keyakinan kuwi mau, Saridin sing cerdas, weruh dalan cilik
kelemahan nalika mutuske ukuman kunjara marang dheweke. Kelemahan ikuyakuwi
pernyataan Adipati Tondonegara sing intine “wonge
oleh balik yen bisa”. Mula, Saridin
nyuwun kehadirat Gusti Allah SWT supaya piwenehi kesempatan supaya bisa metu
saka kunjara supaya bisa niliki kahanan
anak-bojone.
Amarga
ing peristiwa patine Ki Branjung kuwi sabenere Saridin ana ing pihak sing
diperlakoke ora adil, mangka Gusti Ingkang Maha Adil ngijabahi panjaluke.
Saengga ing wengi iku uga wonge bisa metu saka kunjara lan balik menyang Miyono
kanggo niliki Sarini-bojone lan Momok-anake sing isih bayi.
Lakune
Saridin iku mau konangan Petinggi Miyono sing nduwe maksud arep nggandhoki
Sarini. Banjur Petinggi Miyono matur marang Adipati Tondonegara nganani Saridin
sing kabur saka kunjara. Maune Adipati Tondonegara ora percaya amarga nalika
ditiliki ing kunjara, Saridin ana ing jerone. Banjur nalika ditakoni
“Apa
bener kowe bali menyang omahmu saben bengi Saridin?”
“Injih,
kula saben wengi wangsul dateng griya kula” jawabe Saridin
jujur.
“Hla
kok kowe wani meneng-meneng balik menyang omah sing ngakon sapa Sardin?” pitakone
Adipati Tondonegara kanthi nada nesu.
“Kala
wingi panjenengan ngendikan kula angsal wangsul yen bisa, nyatane kula bisa
njih wangsul Tuan” semaure Saridin.
Meski
nalika diusut, Saridin ngomong jujur lan ngakoni perbuatane, nanging Adipati
Tondonegara tetep nganggep Saridin kuwi wong sing mbebayani. Mula iku, Saridin
diganjar ukuman gantung.
Nanging
amarga anugerah Allah SWT sing ana ing awake, Saridin bisa lolos saka ukuman
gantung kuwi nanging Saridin urip dadi buronan.
Saridin
keplayon nganti ketemu Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga ngelingke supaya aja
sembarangan nganggo kaluwihan sing diduweni iku. Banjur Saridin dikon nyekar
ing makame ibune ana Keringan. Pirang-pirang wengi Saridin nyepi ana makam Nyi
Sujinah. Saridin ngipi diparani ibune lan dheweke dikon merguru marang Sunan
Kudus. Saran saka ibune mau ditandangi lan Saridin urip ing Panti Kudus.
Sawijining
dina Saridin kepengin mangan lawuhe iwak banjur dheweke nguras parit
pambuwangan banyu wudhu sing banyune ora sepira akehe. Nalika kanca-kancane
santri ngerti apa kang di lakoni
Saridin, mangka kanca-kancane nganggep Saridin kuwi wis edan. Nanging
kabeh padha kaget nalika ngertisaka njero parit sing banyune ora sepiraa akehe
mau Saridin isa entok pira-pira iwak
seger. Lan nalika ditawani supaya bareng-bareng mangan, kabeh malah padha mlayu
lan nglapurke polahe Saridin marang Sunan Kudus. Sunan Kudus ngundang Saridin
lan takok:
“Saridin,
apa sing wis mbok lakoni?”
Saridin njawab:
“nembe
rampung nguras parit pambuwangan banyu wudhu Kanjeng Sunan, Alhamdulillah
angsal iwak seger. Lumayan saged kangge lawuh.”
Krungu
penjelasane Saridin, Sunan Kudus mesem sarta ndudingi wit kelapa sing kebak
wohe lan pitakon;
“Saridin,
apa banyu sing an njero kelapa iku uga diuripi iwak?”
“upami
Allah ngeparengake, mangka toya ingkang wonten ing kelapa punika ingging wonten
iwake.” Wangsulane Saridin.
Sunan
Kudus banjur mrentah salah siji muride njupuk kelapa siji banjur di buka. Ing
jero kelapa mau ana iwak bethik loro. Kuwatir menawa budaya mamerke kabeh
bentuk anugerah Gusti Allah kuwi bisa ngancem eksistensi Panti Kudus minangka
salah sawijining papan pusat dakwah Islamiyah, Sunan Kudus mrentah Saridin
ninggalke wilayah Kudus, kaping pindhone Saridin urip dadi buronan.
Nalika
atine Saridin sedih banget amarga banget kangene marang anak lan bojone.
Bola-bali Saridin ngundang Momok lan Saringi ambi nangis. Ndadak sunan Kalijaga
wis ngadeg ana ngarepane Saridin.
“Saridin,
apa sing mbuk lakoni ning kene?” pitakone Sunan Kalijaga
“Syeh
Malaya, guru sejatine kula. Tanpa panjelasan apa kemawon kula percaya menawi
Kanjeng Sunan sampun ngertos napa ingkang wonten ing jroning manah kula.”
Krungu ucapane saridin,
Sunan Kalijaga mesem banjur ngendika;
“Saridin,
yen Allah ngeparengake, mangka ora angel kanggoku mangerteni apa sing ana
jroning atimu. Nanging, kaya sing wis tau dakomongke marang kowe, budaya
ndisiki apa kang bakal kedadeyan kanthi maksud mamerke kabeh bentuk karunia
Allah kuwi lelakon kang ora becik. Lan yen kowe kagolong sosok umat Allah sing
nalika njawab tantangan jaman njunjung dhuwur mawas dhiri utawa hamulat sarira
hang rasa wani, mangka mesthi sadar menawa nasib elek sing koktrima iki awal
saka sikap rumangsa bisa, ora bisa rumangsa saraya ninggalke sikap
empan-papan-duga-prayoga sajroning urip bermasuarakat. Tegese,merga nduwe
kaluwihan, mangka kowe ngrasa berhak supaya ngerdilke karunia Allah sing akeb
banget marang sapada manungsa. Nanging wislah! Sing wis ben wis, apa sing
kelakon mengko, sesuk, ingine utawa sok mben, namung Gusti Allah kang Maha
Ngerti. Kairing karo lakon mau, kita sadari welas asih Gusti ora kanggo
manungsa sing pasrah lan lungguh mangku tangan, nanging kanggo umat kang nguber
kapinginan utawa pepinginan dewe sarta
ndonga nyuwun pitulungan Gusti. Saridin, ngertenana yen kabegjan kang katampa
utawa kabuntungan kang diujike marang kita, ora amarga ala lan becike wong liya
nanging asil saka kelakuane awak dewe. Mula iku, utamakke mawas diri saben
nyikapi sekabehane. Ngadoh saka budaya nyalahke utawa nggantungke awak marang
liyan. Muung karo iku, mangka kowe bisa nemoke jawaban saka nasib ala kang
ngrudug nganti saiki.”
“Saridin,
gegayuhanmu supaya bisa bali menyang miyono guna nikmati sisa urip ing donya
kang fana bareng anak-bojomu, pancen banget mulia. Mula aku percaya Allah baka
bakal njangkung kowe; Allah bakal
nulung. Wis mesthi sakdawane kowe sabar lan tawakal sarta ngadoh saka syirik,
munafik, iri, dengki, dendam, sombong. Lan amarga wis nglakoni akibate, mangka
mareni kulinan pamer kaluwihan kang kanthil ana awakmu. Manfaatke kanggo
nulungi wong kang kafitnah, kaaniaya utawa katindhes, mangka insyaAllah, Gusti
bakal nuntun kowe ning dalan kang lurus.”
Sunan Kalijaga ngeweni
selembar Destar Wulung marang
Saridin lan nglanjutke petuahe.
“Saridin,
barang iki ora ana artine apa-apa. Yen barang iki dakwehke kowe, kuwi tanda
rasa tresnaku marang kowe. Yen nalika ing perjuangan uripmu tumuju kegayuh
gegayuhanmu jebul barang iki migunani,, mangka kabeh kuwi mau amarga Allah. Lan
cekel karuniane sarta donga kang didasari nyawijine cipta-rasa-karsa.”
Bubar kuwi Sunan
Kalijaga ninggalke Saridin. Lan Saridin nyathet 4 nasehat sing penting. Sepisan, Allah SWT, insyaallah bakal
terus njaga, nnglindungi, nulung utawa njangkung awake. Mula saksuwene lelaku
tumuju kaberhasilan gegayuhane, Saridin nyamar nganggo jeneng Jangkung.
Kapindho,kanggo
ncegah kbeh bentuk fitnah utawa rasa iri lan dengki marang awake, mangka wonge
di penging pamer anugrah kaluwihan kang kanthil ana awake.
Katelu,
sasuwene
lumaku tumuju kaberhasilan gegayuhan, Saridin wajib mbela wong kang kaaniaya,
kaftnah, sarta kang katindhes tanpa pamrih.
Kaping
papat, Allah bakal ngijabahi donga lan panjalukane yen
didasari nyawijine cipta-rasa-karsa.
Kanthi
sangu nasihat saka guru sejatine mau, mangka nganggo jeneng Jangkung Saridin mlaku
nuruti pesisir lor pulau Jawa tumuju kulon. Nalika tekan Cirebon, wilayah
Kasultanan Cirebon musime pageblug utawa
wabah penyakit. Ing tengah-tangah kuwi mau, Secanegara Patih Cirebon wis impen
ditekani Sunan Kalijaga sing njaluk dheweke mlaku-mlaku ing pesisir Cirebon.
Nalika nuruti impen mau, mangka dheweke papasan karo Jangkung.
Secanegara
kasengsem marang saridin alias Jangkung amarga model panganggone sing khas lan
sarwa ireng. Logat basane tur beda karo masyarakat Cirebon umume. Ing rembugan
karo Patih Cirebon mau, Jangkung banjur nggoleki masalah kang lagi ana ing Jangkung
nggoleki perkara kang ana ing Kasultanan Cirebon saka omong-omongane karo Patih Cirebon. Jangkung micara:
“Paduka
Patih ingkang kula hormati, sakderengipun lan saksampunipun kula nyuwun
pangapunten amargi kewantunan kula. Miturut petunjuk ingkang kula tampi, wabah penyakit ingkang dipun raosaken
warga Cirebon punika mboten uwal saking ulah kerabat Kasultanan ingkang
sesarengan kaliyan satunggaling dukun santet namanipun Lolope ingkang wonten
ing Gunung Cemere. Tiyangipun pengen ngrebut tahta Kasultanan.”
Krungu
katrangane Jangkung, Patih Secanegara kelingan karo Pangerang Elang Mahmud adik
Sultan sing keri-keri iki ngilang kaya di tilep bumi. Langsung takon:
“Kaki
Jangkung, apa ana dalan kanggo ngrampungi iki?”
“Insyaallah,
Paduka” jawabe Jangkung.
Jangkung
dijak ngadhep Sultan Batangaji ing
Istana Kasultanan Cirebon. Sakwise ngadhep lan rampung ngrungokake laporan
Patihe, banjur Sultan Batangaji takon marang Jangkung:
“Ki
Sanak, katrangan Patih Secanegara ngenani kemelut kang kedadeyan ing Cirebon
sakniki, cukup jelas. Nanging ngono, aku pengen ngerti sapa sabenere sliramu
niki?”
“Paduka
Sultan ingkang kula hormati, kados ingkang sampun kula blakakaken marang Paduka
Patih, nama kula Jangkung. Kula boten langkung saking rakyat jelata. Kula
dumugi Cirebon niki namung lelampahan guna mujudaken gegayuhan ingkang sanget
pribadi miturut petunjuk Sunan Kalijaga, guru kula. Nyuwun pangapunten, Paduka.
Langkung saking niku kula boten saged nyariosaken jatidhiri kula”
wangsulane Jangkung
“menapa
panjenengan pengen mbiyantu nrampungi wabah kang ana ing Cirebon niki?”
pitakone Sultan
“amargi
nurut guru kula, nyawiji marang sinten kemawon ingkang kaaniaya punika salah
satunggaling kuwajiban urip wonten lelampahan kula. Punika nggih menawi
kawontenan kula panci dibetahaken,” wangsulane Jangkung
Sultan pitakon: “apa hadiah kang sing mbok karepake yen
usahamu ngrampungi perkara kang kedadeyan ing Cirebon iki kasil?”
“Nyuwun
pangapunten, Paduka. Menawi kula saged ngrampungi kemelut ingkang wonten ing
Cirebon niki, punika amarga Allah. Mila, tabu kanggge kula narima hadiah utawi
peparingan arupa napa kemawon,” wangsulane Jangkung.
Sabare
rembugan kuwi, Jangkung lan Patih Secanegara golek panggonanne Pangeran Mahmud
lan Dahnyang Lolope. Jangkung lan Patih Secanegara kasil mateni Pangeran
Manhmud lan Dahnyang Lolope. Bebarengan patine Dahnya Lolope, mangka wabah kang
ana ing Kasultanan Cirebon ilang. Amarga kasil kuwi mau, mangka Jangkung
diolehke manggon ing istana Cirebon saksenenge atine. Saksuwene iku, Jangkung
dijamu kanthi terhormat ana kono. Wektu kanag lodhang dikanggokke dzikir lan
donga, nyuwun marang Gusti Allah SWT supaya bisa balik menyang Miyono. Ing tengah-tangah
iku, kasektene ngelangake ilmu-ilmu hitam Dahnyang Lolope wis dadi omongane
masyarakat Cirebon.
Minangka
kutha pelabuhan, Cirebon ora mung panggon lalu lintas pelayaran antar pulau,
nanging uga salah sijine pusat urip lan berkembange informasi. Mula, kasektene
Jangkung nalika nylametake tahta Kasultanan Cirebonsaka polahe Pangeran Mahmud
lan Dahnyang Lolope ora mung ning Cirebon, nanging uga krungu nganti tekan ing
wilayang liya, termasuk Palembang.
Nalika
iku, Kasultanan Palembang lagi geger amerga polahe Pangeran Sanggar Singgih
sing bekerja sama karo perompak lan brandal wis njupuk tahta Kasultanan kanthi
ora sah. Mula iku, nalika Jangkung tenar nalika nylametake tahta Kasultanan
Cirebon nganti krungu Sutan Sahari, mangka Patih Kasultanan Palembang iku lunga
ing Cirebon njaluk pitulungane.
Patih
Cirebon nemoni Jangkung lan diboyong ing Palembang. Tekan Palembang, Sutan
Sahari lan Jangkung ngatur strategi kanggo nylametake tahta Kasultanan
Palembang saka olahe Pangeran Sanggar Singgih sing kerja sama ambi bojo nom
sultan, wis mateni Sultan Datuk Iskandar, sarta njupuk alih kakuasaan. Lan
berkat rahmat Allah SWT lewat anugerah kasakte sing di paringake marang
Jangkung, mangka Sang Pangeran lan bojo nom mati kepaten. Banjur Pangeran
Alamsyah, putra almarhum Sultan Datuk Iskandar, selaku putra mahkota kasil
nglungguhi jabatanSultan Palembang. Jangkung dikeparengake mapan ing Palembang
nganti sepira suwene. Lan kaya ing Cirebon, mangka wektu lodhange diisi dzikir
lan donga nyuwun pitunjuk Allah tumuju gegayuhane balik menyang Miyono.
Pada
karo Cirebon, Palembang uga kaagolong kutha pelabuhan sing dadi salah siji
pusat tumbuh kembang informasi. Mula, katenaran Saridin bergelar Jangkung
minangka penyelamat tahta Kasultanan Cirebon utawa Palembang, keprungu nganti
Kasultanan Rum.
Kasultanan
Rum ana iing Abukorim. Nalika iku Sultan Rum lagi digoyang Patih petihe sing
jenenge Johanspre. Mula iku, Sultan Abukorim mangkat menyang Palembang nyuwun
pambiyantu Jangkung.
Nalika
ketemu, Sultan Abukorim ndang cepet ngomong maksud tekane kuwi. Jangkung
nyambut kanthi apik lan mangkat menyang Rum. Nalika Jangkung lan Sultan
Abukorim tekan pendapa Kasultanan Rum, ndelalah Patih Johanspre sing wis
ngangkat awake dadi Sultan Rum lagi nggelar sidang bareng pengikute. Kabeh pada
mbahas kabeh kemungkinan ngenani balike Sultan Abukorim.
Ora
dinyana, Sultan Abukorim dikancani Jangkung ndadak mlebu ruang sidang. Banjur
kanthi suwara lantang Abukorim ngomong marang Johanspre menawa wonge lila
nyerahke jabatane, yen kemampuan mantan patihe kuwi bisa ngalahke kasaktenne
Jangkung.
Jangkung
diserang banjur nglawan lan nganti bisa ngalahake Patih Johanspre. Kasile
Jangkung nylametake tahta Kasultanan Rum saka polah makar wis nyebabke Jangkung
oleh panggonan terhormat ing lingkungan istana Kasultanan Rum.
Pirang-pirang
tahun suwene mapan ing negara asing iku,Saridin alias Jangkung ora
mandeg-mandeg ndzikir lan donga nyuwun pitulungan Allah supaya bisa balik
menyang Miyono. Saliyane kuwi, Jangkung uga usaha njeroni pengetahuan sajroning
ajaran Islam nganti oleh gelar Syeh.
Nalika
wis oleh gelar Syeh lan mapan ing papan
terhormat ing Kasultanan Rum, nanging pepingine Jangkung supaya mulih menyang
Miyono ora tau nglorkro. Mula, Jangkung nyuwun marang Sultan Abukorim supaya
balik menyang Tanh Jawa.
Nalika
iku, Kasultanan Mataram lagi dilanda wabah penyakit utawa pageblug. Pageblug iku ora mung nyerang rakyat jelata nanging uga
mbakyu Sultan Agung sing jenenge Retno Jinoli. Saliyane kuwi, wabah mau uga wis
mangan kerabat keraton. Nalika iku, Sultan krungu kaluwihane Jangkung
nylametake Kasultanan Cirebon saka polahe Pangeran Elang Mahmud sing kerja sama
ambi Dahnyang Lolope.mula iku, Sultan mrentahake Patih Nerangkusumo supaya
nggolek jangkung ing Cirebon.
Ndelalah
nalika balik menyang Tanah Jawa, Syeh Jangkung mudun ing Cirebon. Ing kono Syeh
Jangkung ketemu Nerangkusumo. Syeh Jangkung dijak mangkat ngadhep Sultan Agung.
Sultan Agung nyuwun supaya Syeh Jangkung gelem ngilangi wabah kang ana ing
Kasultanan Mataram. Syeh Jangkung bisa ngilangi pageblug kang ana ing
Kasultanan Mataram kang di rekadaya lelembut sing aran Jim Kolowindu lan
Kolomamang, penunggu Alas Roban. Mula
iku, Syeh Jangkung oleh pakurmatan supaya mapan ing lingkungan istana
Kasultanan Mataram.
Banjur
Sultan Agung nduwe karepan supaya ngangkat Syeh Jangkung supaya dadi kerabat
keraton. Ing tengah-tengah iku mau, Retno Jinoli kang wis kagolong perawan
kaseb ora kabotan yen dijodohke karo Syeh Jangkung. Mula Sultan Agung njaluk
Syeh Jangkung supaya ngadhep.
Nalika Syeh Jangkung
ngadhep, Sultan Agung ngomong:
“Ki
Sanak, jasamu marang Keraton ora mung cilik, nanging nganti iki aku durung
ngerti sabenere sliramu. Mula apa Ki Sanak bisa cerita?”
Krungu
pitakon kuwi, Syeh Jangkung eling yen Kadipeten Pati ana ing ngisor pimpinane
Kasultanan Mataram. Kairing kuwi mau, metu kekarepan supaya oleh dalan saka
usahane supaya bisa bali menyang Miyono. Mula, Syeh Jangkung tanpa ragu cerita
kabeh peristiwa kang sing dilakoni. Saliyane iku, sejumlah nasihat kang
diparingke Sunan Kalijaga marang dheweke lengkap lelakon sing wis dilakoni
minangka persyaratan supaya bisa balik mengang Miyono supaya bisa urip
bebarengan anak bojo kanthi aman, damai, lan tentrem.
“saeling
kula, sampun welasan tahun kula ngulandara. Nanging ngantos saniki dereng
wonten tanda-tanda supaya bisa njangkepi gegayuhan kula niku.” Ngono
kuwi Saridin alias Syeh Jangkung nguwisi pengakuane marang Sultan Agung.
Sawise
ngrungokake rentetan pengakuan Syeh Jangkung, Sultan Agung manthuk-manthuk ambi
mesem. Banjur ngomong:
“dadi,
jeneng asli Ki Sanak, Saridin?”
“Leres
Sinuwun,” jawab Syeh Jangkung cekak.
“Ki
Sanak bener-bener pengen balik menyang Miyono?”
pitakone Sultan Agung
“injih
Sinuwun,” jawab Syeh Jangkung
“Oleh
aku ngrewangi ngrampungi masalahmu iku?” pitakone Sultan Agung
“njih
temtu kemawon kanthi seneng manah kula, Sinuwun” jawab
Syeh Jangkung
Persis
kaya sing dipikir, mangka Sultan Agung nerangke menawa Kadipaten Pati kuwi uga
wilayah Kasultanan Mataram.
“mula
iku, kanggo ngrampungi masalah kang Ki Sanak adepi, aku bakal ngirim surat
marang Adipati Tandanegara. Surat iku bakal diparingke pribadi saking Mbak ayu
Retno Jinoli. Lan kanggo perlu iku kakang Syeh Jangkung purun supaya krama kaliyan
mbak ayu kula niku.”
Krungu
tawaran Sultan Agung sing kanthi ndadak ngundang “kakang”, mangka Syeh Jangkung kaget banjur takon marang Sultan
Agung:
“Ampun
Sinuwun. Kula namung Rakyat Jelata. Dospundi kula saged dhaup kaliyan mbak ayu
Paduka?”
“Kakang
Syeh Jangkung” sabda Sultan Agung kanthi mesem
“Kakang
temtu ngertos menawi pandangan Allah, ingkang mbedakaken manungsasetunggal
kaliyan manungsa sanes punika tingkat ketakwaan, boten suku bangsa,
bandha donya, pangkat, derajat, utawi status sosial. Mula, boten wonten alesan kangge
kakang nolak tawaran kula”
“sinuwun,
kula paham bab punika. Nanging kula sampun gadhah putra lan garwa. Mula,
dospundi kula saged dhaup kaliyan Kanjeng Ratu Retno Jinoli”
jawab Syeh Jangkung.banjur mbacutake:
“menawi
kula narima tawaran Paduka, napa Kanjeng Ratu Retno Jinoli saged nampi kula
dados garwanipun?”
“Kita
seiman kakang. Kita sami-sami beragama Islam. Guna nyametake umat manungsa
saking nepsu Zina, mangka ajaran Islam ngeparengaken tiyang jaler nikah kaliyan
langkung setunggal putri. Mila, sasuwene ing wektu kang padha boten nikah kaliyan langkung sekawan wanita
sarta mampu adil lahir-batin, mangka nikah malih saged kita kalsanakaken” papar
Sultan Agung
“anane
wonten gagasan nikah punika ingkang kula usulake amargi surungan karep supaya tambah
raket tali pasaduluran kita. Lan Mbak ayu Retno Jinoli sampun siap narima
kakang dados garwanipun” mengkono ucape Sultan Agung.
Krungu
penjelasane Sultan Agung, Saridin alias Syeh Jangkung krasa diadhepi rong
pilihan. Ing sisih siji, Syeh Jangkung mbayangke kepiye murkane Sarini-garwa
sing ditinggal pirang-pirang tahun nalika ngerti dheweke nikah meneh. Sisih
liyane, Syeh Jangkung nyadari anane Retno Jinoli ana sisihe banget dibutuhke
minangka perantara upayane supaya bisa bali menyang Miyono guna urip bebarengan
anak-bojone kanthi aman, nyaman, tentrem, lan damai.
Bareng dipikir-pikir,
Syeh Jangkung ngomong:
“Kanjeng
Sultan ingkang kula hormati, dhateng pakurmatan ingkang Paduka paringaken
dumateng kula, pramila kula ngaturaken matur nuwun. Mugi kapurunanipun Kanjeng
Ratu Retno Jinoli dados garwa kula niku disarengi kesadaran menawi kula sampun
gadhah garwa lan putra setunggal. Mila, purun boten purun Kanjeng Ratu Retno
Jinoli kedah siap supados mapan dados garwa enem.”
Krungu keterusterangane
Syeh Jangkung, Sultan Agung mesem. Banjur ngomong:
“Kakang
Syeh Jangkung! Kakang kagolong manungsa piliyan. Kakang sampun kasil nylametake
Kasultanan Corebon, Palembang, lan Rum
saking tindak makar. Kakang ugi
kasil nylametake rakyat Mataram saking
jahate jin-setan Alas Roban. Mula, kula percaya menawi kakang Syeh
Jangkung bakal mampu ngrampungi urusan kulawarga kakang.”
Syeh
Jangkung trima nikah kaliyan Retno Jinoli, dadi kakange Sultan Agung Mataram
banjur mapan ana lingkungan istana Mataram pirang-pirang wektu. Lan amarga
surat saking Sultan Agung marang Adipati Tandanegara sing diparingke pribadi Retno
Jinoli, mangka Syeh Jangkung bisa ngayuh gegayuhane balik menyang Miyono supaya
urip seneng bareng keluargane. Apameneh sakwise Sarini-bojone ngerteni anane
Retno Jinoli ing sisihe bojone kuwi.
Nanging
kasenengane kulawarga Saridin alias Syeh Jangkung ora suwe. Amarga Momok anak
siji-sijine saka nikahe karo Sarini mati sakdurunge nikah. Dene saka nikahe
karo Retno Jinoli, ora dikaruniai anak blas. Mangka kanthi maksud supaya
nglairake keturunan sing neruske lelaku bojone, kaloro bojone iku ora kabotan
yen Syeh Jangkung nikah meneh.
Mula
saka iku, nalika napak tilas saka lelakune dolan ing Cirebon, Syeh Jangkung
banjur nikah karo Rukayati, putri Sultan Cirebon. Lan dolane ing Palembang,
mbukak dalan kanggo nikahe Syeh Jangkung karo Rubiyatun, Putri Sutan Sahari,
Patih Kasultanan Palembang. Amarga jasa-jasane marang Kasultanan Mataram,
mangka Syeh Jangkung ora mung diangkat dadi kerabat Keraton, nanging uga oleh
lemah ganjaran dijenengi Landoh.
Minangka
upaya melu nyebarke agama Islam, mangka ing Landoh Saridin ngedegke Padepokan.
Syeh Jangkung urip dadi petani bareng karo kulawargane kanthi aman, tentrem,
damai. Lan ing Landoh uga, pungkasane Syeh Jangkung wafat lan dimakamke.
Kebo Dungkul Landoh
Sasuwene
Saridin ngulandara, Sarini lan Momok ditinggal saomah karo Nyi Branjung sing
wis dadi randa. Kanggo Saridin, tujuan lelakune sing pirang-pirang tahun yaiku
bisa balik menyang Miyono supaya urip bareng anak-bojone Momok-Sarini kanthi
aman, damai lan tentrem. Mula, nalika tekan omah ora ketemu Momok, mangka
Saridin nakoke wonge. Saka Sarini, Saridin alias Syeh Jangkung dadi ngerti yen
Momok wis kerja ing desa Pesanggrahan, ing omahe Ki diposumo. Mula iku ndang
gage Saridin nyusul Momok.
Wis
pirang-pirang tahun suwene Ki Diposumo urip nduda. Awit ditinggal mati bojone,
wonge urip bareng Marsih, anak tunggal sing ngancik remaja putri. Ing kene
Momok kerja dadi pangon utawa angon
kebo. Merga Marsih ketok nduwe ati ambi Momok, mangka sasuwene Momok mapan ana
omahe Ki Diposumo, Momok dianggep kaya dulur dewe.
Amarga
awit bayi durung tau weruh utawa kenal bapake, mangka nalika Syeh Jangkung
ngenalke awake, Momok katon ragu. Nanging Ki Diposumo sing tau krungu kasuse
Saridin, ndang cepet nengahi kalorone. Ki Diposumo lan Syeh Jangkung banjur
dadi kekancan. Kango kaperluane iku mau, Ki Diposumo sing sugih banget banjur
ngeweni Kebo lanang 1 sing gedhe marang syeh Jangkung.
Sungu
kebo mau dawa, mengisor maju. Mula Syeh Jangkung nyebut iku Kebo Dungkul
Landoh. Nuruti wasiate Syeh Jangkung, mangka kebo iku disembelih pas telung
dina matine. Nangin g nalika kebo
iku disembelih ora ana alat sing bisa ngiris kulite. Lagi nalika Nyi Branjung
ngewehke pusaka tinggalane Ki Ageng Keringan, mangka kebo iku isa dikethok.
Pusaka iku mau biasa dikenal nganggo sebutan Breganjing ana uga sing nyebute Kiai
Jangkung.
Sejumlah
petilasan peninggalan wis ngeweni tanda lakune urip Syeh Jangkung. Contohe ing
Kabupaten Pati, metu desa Semampir lan Dukuh Ngeluk sing ana ing kutha Pati.
Uga Desa Kosekan, Kecamatan Gabus, Desa
Durensawit, uga Kecamatan Kayen. Ing wilayah Kabupaten Kudus ana Desa
Tunggulangin. Lan ing wilayah Kabupaten Demak ana Desa Buyaran.
Saliyane
kuwi, Saridin uga nandani pangonan-panggonan sing tau ditekani lan di
panggoninganggo jeneng Landoh. Saengga saliyane Dukuh Landoh sing mapan ing
Desa Kayen papan wafat lan di kuburke, mangka Kabupaten Pati ana Dukuh Landoh
sing mapan ing wilayah Kecamatan Wedarijaksa. Saliyane iku uga ana Landoh sing
mapan ing Wilayah Rembang lan Yogja.
Saridin
nduwe kaluwihan arupa gedhene jiwa, cerdas, pandangane amba lan tajem,
kesaktian (linuwih). Mula, wajar yen
Saridin bisa ngrampungi perkara sing ana ing Cirebon, Palembang, Rum lan
Mataram.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar