Acara kirab ing desa Ngerang niki wonten ing malem tanggal 1 Sura. Biasane kathah tiyang ingkang nggayengake acara punika saking daerah-daerah sanes Ngerang ingkang wonten ing ngriku. Panggenannipun wonten ing lor lereng Gunung Kendeng, Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati. Cuaca ingkang panas boten ngleremke niat para warga nonton lan derek nggayengaken adicara kirab Nyai Ageng Ngerang punika.
Ritual niki rutin di wontenaken
saben akhir wulan Dzulhijjah/wulan kaping 12 miturut petungan tanggal Taun
Islam minangka rantaman adicara Haul Nyai Ageng Ngerang. Miturut cariyos
masyarakat Dusun Ngerang, Nyai Ageng Ngerang punika satunggaling wanita keturunan bangsawan Kearjaan Majapahit Prabu
Kertabumi (Brawijaya V) ingkang nalika jaman walisanga derek nyebarake Agama
Islam ing wilayah Pati inggih punika wonten ing Pati Kidul.
Waliyullah ingkang nama
alitipun Siti Rohmah Roro Kasihan punika misuwur kaliyan nama Nyai Ageng
Ngerang amargi tiyangipun punika garwa saking Ki Ageng Ngerang I. Ki Ageng
Ngerang punika satunggaling ulama keturunan saking Sunan Kudus ingkang mapan
wonten ing Juwana.
Saking dereke gangsal group drumband ingkang asalipun saking pinten-pinten sekolahan ingkang wonten teng Kecamatan Tambakrom ugi ngramekaken ritual ngenang tokoh wigatos palih kenalendran teng Jawi punika. Boten kentun ugi 12 reden (gunungan) arupa pikantuk bumi ingkang teng ampil dening warga saking saben RT teng dhusun Ngerang punika. Dados puncak adicara kirab, reden punika mangkenipun badhe direbutaken dening para pamawi kirab ingkang kersangalap berkah saking Waliyullah Nyai Ageng Ngerang.
Rebutan macem-macem pikanthuk bumi yatra ingkang wonten ing reden. Warga pitados pikantuk bumi kesebat ngampil berkah mawi ndatengaken kasarasan ugi rejeki ingkang kathah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar