Selasa, 16 Desember 2014

Bawang Abang Lan Bawang Putih

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.
Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"
Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.
Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.
Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.
Ngrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.
http://www.kukejar.com/2013/09/cerita-rakyat-bahasa-jawa-bawang-merah.html

Tukang Golek Kayu Sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene.
Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji.
 Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).

http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html

Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Suwijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.

Sakwise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima iso dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.
Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku isa dinggo mbukak mobile wong liya?
Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung iso dinggo mbukak siji mobil thok, ora iso dinggo mobil liyane!
Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki iso mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh!
Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mbrono ngecek mobile Mbak Ima 

Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci iso dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya tho! Mobilku iso kleru karo mobile wong liya! 
 Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi. 
Sakwise sauntara waktu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, iso dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.
Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere njih!
Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake iso mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lingguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek... 
Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry njih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake mlebu mobil.
Ima:
Gubrakkkkk!!
(Undil-2012)

Kancil Lan Pitik Walik Sing Rumangsa Kudu Lucu

Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega.

Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
 "Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil.
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane".
"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil.
"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu".
"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil.
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?".
"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil.
"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku".
"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil.
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014).
http://duniashinichi.blogspot.com/2014/01/cerkak-kancil-lan-pithik-walik-sing.html

Kucing Sing Pinter Ngalembana


Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-basa-jawa-kucing-sing-pinter.html


SUNAN KALIJAGA

Jeneng asline Sunan kalijaga yaiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ranggalawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan dheweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mbrontak.
Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.Nalika maangsa ketiga dawa nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ana banyu. nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat istiadat kebangsawanan. Dheweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga saka uripe kuwi deweke reti sakjroning masyarakat Tuban.Niat kanggo ngurangi kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apa–apa. Dheweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi dheweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk bahan pangan ning gudang sing arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat jelata sing butuh banget kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing ngerti uga kanggo sapa kang nampa pitulungane iku mau.Banjur rakyat sing rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing rak keduga–duga. Ora trima rakyat sing kaget nrima rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing jaga gudang ya krasa kaget nalika barang lan bahan pangan sing bakale arep diwenehake marang Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.
Sing jaga padha penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni malinge teka. Jebule bener ana maling sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga nunggu sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Nalika di deloke para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora percaya putra kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kaliyan ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.
Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka lingkungan istana. Lunga terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid. Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing maling wong sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana sarwa ireng. Nanging suwe-suwe anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru. Yaiku grombolan perampok kang tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Grombolan iki ora sungkan anggone mateni sapa sing arep di rampok. Sak wijining bengi, nalika Raden Sahid lagi mudhun saka musholla ba’dha isya, ana sak siwijining omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid cepet–cepet tumuju omah sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si perampok iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Nalika arep di cekel kalian Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di perkosa mau nyikep siset Raden Sahid nganti penduduk desa teka.
Amarga Raden Sahid isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa sing ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.
Nalika topeng di buka para warga padha ora percaya sapa kang dadi perampok, yaiku iku putra junjungane dhewe. Nalika Raden Sahid di gawa marang adepane kanjeng Adipati, Adipati Wilatikta duka gede. Sang Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di karepake ora bakal maling meneh tanpa bias ngowahi tumindhake. Raden Sahid diusir saka kadipaten karo Bapane, “lunga saka kadipaten Tuban iki rak sah mulih! sakdurunge kowe bisa nggetarake dinding kadipaten iki nganggo bacaan Al Qur’an sing saben wayah bengi mbok waca iku!”Adipati Wilatikta iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra kesayangane iku. Apa sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing mengko dadi penggatine dadi Adipati nang Tuban sirna.Naming siji wong sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku adhike Dewi Rasa Wulan. Amarga rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo nggoleki kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.
Sakwise di usir saka kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal Lokajaya.
Sawijining dina nalika ana wong tua sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika di sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling kaya–kaya gagange iku digawe saka emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwa mau di rebut peksa nganti wong tuwa mau tiba grubakan nang lemah.Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora ngetokake suara nalika wong nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku mau.
Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden Sahid iku mau. Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwa sakwise direbut tongkate kok nembe nangis “aja nangis meneh iki tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket sing ana nang tlapakane. “delokna! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket iki mau kecabut nalika aku tiba”
“Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.
“Ya, aku wis dosa gedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Nalika aku ncabut suket iki tak dadikna makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku sing marahi dosa.”
Ati Raden Sahid krasa nalika krungu ukara iku mau.
“Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?”
“Kula golek bandha”
“Kanggo apa?”
“Tak keake marang wong fakir lan miskin”
“Hmm…. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru”
“He wong tuwa apa karepmu?”
“Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau bakale resik? Allah iku Dzat Suci, amung nrima amalan saka barang – barang sing apik lan halal”. Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau
“Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja sewenang–wenang. Kowe ya bisa aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”
Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
“Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau, kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.”
Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki uwohe. Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa mau. Nanging wong tuwa mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau niba nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa mau.
“Nyuwun pangapunten ……….. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid” njaluk Raden Sahid menyang wong tuwa mau.
“Kowe arep sianu bab apa karo aku?”
“Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.”
“Abot …. Sarate apa abot, apa kowe siap?”
“Kula siap!”
Wong tuwa iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon nunggu tongkat iku mau nang pinggir kali nganti dheweke balik nemoni Raden Sahid meneh. “Aja pisan–pisan lunga saka papanmu nunggu tekenku iki”
Banjur wong tuwa mau nyebrangi kali kanti ngambang ora kena banyu babar pisan. Sakwise wong tuwa mau ilang saka pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat sing tancepake mau kanthi eling saksijining surat sakjroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi ndonga Raden Sahid di dadikna kaya Ashabul kahfi sing turu atusan taun.
Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi Raden Sahid mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid di resiki diwenehi busana anyar lan di gawa menyang tiban, napa kok Tuban amarga wong tuwa mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid di kenal kalian sebuta Sunan Kalijaga sing diartikna wong sing pernah jaga kali taunan. Nanging ana sing ngartikna Kali Jaga artine wong sing jaga aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana akidah sing mbebayani umat.Raden Sahid utawa Sunan kalijaga di perintahake kalian Sunan Bonang kanggo nyebarake Islam nang tanah jawi kalian njaga akidahe ben tetep murni yoiku akidah islam.

http://www.kukejar.com/2013/08/cerita-rakyat-bahasa-jawa-sunan-kali.html

Jaka Tarub

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
 Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
 Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

DONGENG KEONG MAS

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
    “Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
    “Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Hanganganyut Jiwa

Iku sapa ta kang wruh
Nanging kirane tyas mami
Sanajan ing tri bawana

Tan ana kang madha warni
Taksih sumeh semu nira
Ruruh rasaning respati

Kadereng arsa andarung
Kumedah dadia abadi
Nira sang kalengkaning dyah


Kang mardi martameng dasih
Asih maring kula wiyaga
Yogane kang ngusadani

Sujud

Langit mendhung peteng ndedet lelimengan
Tan sumunar suryaning rembulan
Gagak-gagak mecak ing angkasa
Tan gumebyar suminaring lintang
Ambyar sakeping pecahing mega
Nanging tetep wae peteng

Dhuh Gusti ....
Sinten ingkang salah ....
Punapa ingkang salah ....

Sumerbak ganda arum melati
Kang dadi panutaning ati
Pinuju  mulyaning gesang
Pengarep restuning bumi
Sujud sinembah ing ngarsaning Gusti

Dhuh Gusti ...
Sinten ingkang salah ....
Punapa ingkang salah ....


Ingsun sujud


Lelagon Ati

Lumaku ing latarmu
Salah sawijining cemara kang jejer pideksa
Sanajan wus ngandhut yuswa
Ing ademing suket ijo royo-royo mangsa rendheng iki

Angenku wus mabur
Bebarengan mangsa kang wus lunga
Menclok ana ing esemmu
Kang tansah lumayu
Kebak purnama mlayoni jejering tresna

Ganda cemara garing
Kang mabur katerak angin
Tanpa kinira tedhak ing netramu
Lan aku mesti damu supaya lejaring paninggalmu
Senjan mijilke waspamu

Tansah gamblang ngebaki punagi
Rina lan wengi....
Dak kendhat memayu hayuning tresna

Tresna purwaka kang mijil ing tlatah kampus ungu

Dalan Uripku


Lumaku mega-mega plataraning langit
Legawa ginawa tumiuping banyu
Manut maring jlantaraning urip

Kaya lakuning tirta
Mili ing garising pepesten
Tan ana rasa memada
Marang sepadhanig dumadi

Mugia ing pepuntoning marga
Tinemu rahayu kang satuhu

Thukuling sekar sesatyaning tyas

Kirab Nyai Ageng Ngerang

Acara kirab ing desa Ngerang niki wonten ing malem tanggal 1 Sura. Biasane kathah tiyang ingkang nggayengake acara punika saking daerah-daerah sanes Ngerang ingkang wonten ing ngriku. Panggenannipun wonten ing lor lereng Gunung Kendeng, Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati. Cuaca ingkang panas boten ngleremke niat para warga nonton lan derek nggayengaken adicara kirab Nyai Ageng Ngerang punika.
Ritual niki rutin di wontenaken saben akhir wulan Dzulhijjah/wulan kaping 12 miturut petungan tanggal Taun Islam minangka rantaman adicara Haul Nyai Ageng Ngerang. Miturut cariyos masyarakat Dusun Ngerang, Nyai Ageng Ngerang punika satunggaling wanita  keturunan bangsawan Kearjaan Majapahit Prabu Kertabumi (Brawijaya V) ingkang nalika jaman walisanga derek nyebarake Agama Islam ing wilayah Pati inggih punika wonten ing Pati Kidul.
Waliyullah ingkang nama alitipun Siti Rohmah Roro Kasihan punika misuwur kaliyan nama Nyai Ageng Ngerang amargi tiyangipun punika garwa saking Ki Ageng Ngerang I. Ki Ageng Ngerang punika satunggaling ulama keturunan saking Sunan Kudus ingkang mapan wonten ing Juwana.
Masyarakat Pegunungan Kendeng Lor gadhah kathah ritual kagem ngurmati papanpapan sejarah wonten ing kawasan niki. Kajawi kirab Meron teng Kecamatan Sukolilo, kirab Nyai Ageng Ngerang dados setunggal acara ingkang  nggeret mirengan kathah kalangan. Boten gumun menawi lebet acara kinten budaya kasebat tumut dhateng Bp. Budiono sela adalem wakil saking bupati seda, Gusti Kanjeng Ratu Wandansari ugi Gusti Kanjeng Ratu Koes Indriyah saking Keraton Solo kaliyan rombongan abdi dalem Kraton Surakarta Hadiningrat. Rombongan panawi kirab budaya kasebatjengkar saking plataran balai dhusun tumuju makam Nyai Ageng Ngerang ingkang ngantawis kintenkinten 1 km dhateng arah kidul pucuk dhusun.
Saking dereke gangsal group drumband ingkang asalipun saking pinten-pinten sekolahan ingkang wonten teng Kecamatan Tambakrom ugi ngramekaken ritual ngenang tokoh wigatos palih kenalendran teng Jawi punika. Boten kentun ugi 12 reden (gunungan) arupa pikantuk bumi ingkang teng ampil dening warga saking saben RT teng dhusun Ngerang punika. Dados puncak adicara kirab, reden punika mangkenipun badhe direbutaken dening para pamawi kirab ingkang kersangalap berkah saking Waliyullah Nyai Ageng Ngerang.
Rebutan macem-macem pikanthuk bumi yatra ingkang wonten ing reden. Warga pitados pikantuk bumi kesebat ngampil berkah mawi ndatengaken kasarasan ugi rejeki ingkang kathah.

Isbat

Isbat  awujud ukara ngemu teges entar (tembung silihan: bukan arti kata yang sesungguhnya) lan ngemu pasemon (kata jadian daari kata semu “samar”). Isbat: saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat lan pasemon.
-          Golek banyu apepikulan warih (warih: air) => mencari air dengan air (menuntut ilmu harus memiliki modal ilmu)
-          Golek geni adedamar => mencari api dengan api
-          Kodhok ngemuli lenge (leng: rumah) => katak menyelimuti rumahnya (rohani kita harus bisa menyelimut jasmani kita). Kekurangan kita ditutupi dengan kepribadian. Kepribadian itulah yang sempurna.
-          Nggoleki galihing kangkung (galih: inti dari kangkung). Mencari sesuatu yang tidak mungkin (mencari substansi dari sesuatu)
-          Nggoleki isining bumbung wungwang
-          Nggoleki susuhing angin (angin dalam arti emosi)
-          Nggoleki tapaking kuntul nglayang (kuntul: burung blekok) jika mencari sesuatu itu jangan yang harfiahnya saja, carilah yang lebih sulit.
-          Nggoleki wekasaning langit lsp

Primbon

Petangan kangge nyumerepi tiyang saged cekap utawi boten

Neptunipun dinten lan pekenanipun rikala tiyang wau lair kagunggung lajeng dipun petangi: Cucuk, waduk silit. Manawi tiyang ingkang lairipun dhawah dinten lan pekenan neptu:
7 – 10 – 13 – 16. Petanganipun dhawah : a. cucuk
8 – 11 – 14 – 17. Petanganipun dhawah : b. Wadhuk
9 – 12 – 15 – 18. Petanganipun dhawah : c. silit
Terangipun makaten:
1.      Tegesipun cucuk wau saged pados, nanging boten saged simpen. Mila tiyang ingkang kelahiranipun neptu 7 – 10 – 13 – 16 punika adhakanipun boten saged simpen rijeki, awit upami simpenanipun saweg nglempak sakedhik kemawon, temahan simpenanipun inggih lajeng telas.
2.      Tegesipun wadhuk punika wadhah tetedhan, dados mesthinipun saged isi kathah utawi kenging kangge nyimpen. Mila yen tiyang kelahiranipun neptu :    8 – 11 – 14 – 17 punika  adhakanipun saged cekap panggesanganipun ngantos run-tumurun; langkung  - langkung manawi saged angsal jodho ingkang kelahiranipun cocog 8 – 11 – 14 – 17.
3.      Tegesipun Silit punika pinter pados namung saking anadhahi bucalanipun wadhuk, nanging mbucalipun ugi ajeg, prasasat kados dene milining toya kemawon. Mikla tiyang ingkang kelahiranipun neptu : 9 – 12 – 15 – 18 inggih boten saged simpen rijeki, awit manawi gadhah simpenan sakedhik kemawon, lajeng tansah kenging panggodha.

Petangan kathah sakedhikipun rejeki miturut umuring tiyang

Paangetanganipun makaten: umuring tiyang dipun bagi kados sacaraning mantha-mantha aksara jawi 20; lajeng tirahanipun dipun petang:
1.      Sri
2.      Tiba
3.      Lungguh
4.      Marem
5.      Paugeran
Upami wonten tiyang umuripun 23 taun. Angka 23 kapendhet 4 x 5 (aksara jawi 20 kapontho dados 4 golongan, saben sagolonganipun isi 5 aksara); taksih wonten tirahan 3, angka 3 punika dipun petangi: tegesipun petang lungguh, punika makaten:
Sanadyan tiyang wau nandhang sangsara, nanging meksa taksih angsal pangayoman sawatawis, upaminipun tiyang dhawah klumah, mila keraosipun boten sanget-sanget.
            Tegesipun petang sanes-sanesipun kados ing ngandhap punika:
1.      Sri            : sadaya ingkang dipun tindakaken sarwi mikantuki
2.      Tiba         : sadaya ingkang dipun tindakaken sarwi boten kaleresan: anjalari tiyang wau kedhungsang-dhungsang utawi tansah kesandhung pakewet.
3.      Lungguh  : sadaya ingkang dipun tindakaken tansah angsal margi gampil, sanadyan manggih pakewed, taksih saged manggih pangayoman utawi panglipur.
4.      Marem     : sedaya ingkang dipun tindakaken tansah angsal panjurunging tiyang sanes, mila inggih klayan sakeca kemawon sampun saged angsal kemareman.

5.      Paugeran : sadaya ingkang saged dipun tindakaken sanget mikantuki; boten namung tumprap dhiri pribadi, nanging ugi tumraping sasaminipun gesang.

Saridin

Ki Ageng Keringan sing duweni garwa jenenge Nyi Sujinah di karuniani bocah wadon kang dijenengi Branjung. Nalika umure Branjung ngancik remaja nanging durung duwe adhi, Ki Ageng Keringan kepengen nduwe anak lanang. Banjur Ki Ageng Keringan Tirakat supaya kekarepane di ijabah dening gusti Allah SWT.
Mlaku pirang-pirang wulan, ana ewahan saka sikape garwane. Nyi Sujinah kang biasane sumeh, riang lan semangat malih dadi garwa kang menengan, ra mbutohi, dingin, lan ngalamunan. Nalika Ki Ageng Keringan takon marang Nyi Sujinah kenapa sikape beda, ndadak Nyi Sujinah malah nangis sedadi-dadine. Nalika di dhedhes Ki Ageng Keringan Nyi Sujinah nembe gelem cerita bab mimpine kang di tekani wong lanang, awake gedhe dhuwur lan wis uwanen nanging isih tetep katon gagah lan ganteng, wong lanang kuwi mau menehi jambe sing isih utuh marang Nyi Sujinah.
Bolak-balik Nyi Sujinah muji-muji kebagusane wong lanang sing ana ing jero impene mbendina mau saengga gawe Ki Ageng Keringan krasa cemburu nanging mung di empet ing jero dhadha. Ki Ageng Keringan banjur milih sowan ana ing griyane Sunan Muria amarga dheweke ngrasa ora ahli babagan nyimpulke arti impen. Ndelalah sawise teka ing Panti Muria, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga uga ana ing kana mbahas strategi dakwah islam ing daerah Muria lan sekitare kalebu rencana mbangun masjid ana ing desa Keringan..
Sunan Muria nyambut tekane Ki Ageng Keringan kanthi semanak lan takon apa tujuane sowan ana ing Panti Muria. Ki Ageng Keringan nanggepi pitakon saking Sunan Muria, dheweke ngaturke salam kurmat marang waliyullah telu lan ngandarake maksud sowane ana ing Panti Muria.
 “ dados maksud sowan kula wonten ing Panti Muria punika satemene urusan piyambak”
“Ki Ageng” saute Sunan Kalijaga. “menawa ngono, apa aku lan rama Sunan Bonang kudu nyingkir sedela saka majelis iki?”  pitakone Sunan Kalijaga.
demi rampung lan tuntase masalah kita sakulawarga, malah kawontenan Kanjeng Sunan kekalih sanget dipun betahaken miturut kula” tegese Ki Ageng Keringan.
Ki Ageng Keringan mandeg sadela, banjur nerusake cerita babagan impen sing di lakoni garwane Ki Ageng Keringan kanthi lengkap.
bolak-balik Nyi Sujinah muja-muji kebagusane wong lanang tuwa uwanen, gedhe dhuwur ingkang dateng ing impene. Kula raos wajar minangka kula manungsa anggadhahi rasa cemburu ing manah sanubari kula. Mila, kula sowan dateng Panti Muria punika kanthi pangarep-arep pikantuk dalan saking Kanjeng Sunan babagan impen garwa kula punika.”
Naggepi panjaluke Ki Ageng Keringan kuwi, saka Sunan Muria lan Sunan Bonang mangsuli menawa, Insya Allah Ki Ageng sakulawarga bakal di paringi anugerah saking Illahi Robbi luwih saka apa kang di arepke. Nanging Sunan Kalijaga kanthi terus terang micara, menawa Nyi Sujinah arep nglairke putra.
Sewengi Ki Ageng Keringan nginep ing Panti Muria. Nalika Ki Ageng Keringan ninggalke Panti, Sunan Bonang, sunan Muria mbahas blakane Sunan Kalijaga  ngenani impene Nyi Sujinah.
kecuali ndisiki karsane Gusti, mangka ora cilik kemungkinane menawa katerusterange kangmas Sahid kuwi bisa nimbulke masalah anyaring kulawarga Ki Ageng Keringan.” Ujare sunan Muria
Ya maklum, ora kabeh wong bisa  nangkep keterangan sing samar-samarutawa ora jelas. Lan Allah Maha Ngerti niat apikku iku. Saengga yen kliru, mangka Allah bakal ngapurani dosaku”  ujare Sunan Kalijaga
Lanjute sunan Kalijaga: “nanging, wislah. Kabeh wis kedadeyan. Mula ayo padha tawakkal marang Gusti Allah. Tawakkal sajroning teges yakin lan percaya menawa apa-apa kang saking Allahpancen kanggo umate, mesthi bakal tutug padahal kabeh donya padha nentang. Sakwalike, sing ora dikanggoke, mesthi ora bakal tutug meski kabeh donya padha mbiyantu. Keyakinan ing arti tawakkal kuwingadohke kita saka rasa nyesel sing dawa utawa iri, dengki, sombong, lan dendam ing sajroning ati sanubari kita tumuju kabeneran kang hakiki.”
Sunan Bonang langsung medhot, “Jebeng Sahid lan Syahid Kusumastuti, takrasa masalahe wis cukup jelas. Ora perlu didawa-dawa meneh. Mula iku, apike di nteni wae apa sing bakal kedadeyan. Ngenani kuwatire Kaki Muria ngenani kemungkinan kedadeyan masalah anyaring kulawargane Ki Ageng Keringan, mula ing perjalanan balik saka Panti Muria iki, aku lan Jebeng Syahid bakal ngguangke wektu kanggo mampir ing omahe.”
Tekan latar ngarep omah sakwise sowan Sunan Muria, Ki Ageng Keringan dipapag Branjung kanthi bungah banget. Branjung ngomong manja marang bapake
“bapak, Branjung bakal nduwe adhi”
Ki ageng Keringan ora mudeng maksud omongane anake, bareng wis mlebu omah Ki Ageng weruh garwane lungguh ana dipan lagi nangis lan nutupi wetenge sing  katon gedhe nganggo kain. Ki Ageng Keringan takon kanthi sabar
“nyai, kenapa sliramu nangis? Apa sing wis kedadeyan?”
Nyai Sujinah ora njawab malah nangise tambah ndadi. Bareng didesek terus karo Ki Ageng Keringan, Nyai Sujinah njawab sesenggrugan
“menawa Ki Ageng maringi ngapura, mila mboten amargi kula sampun cidra kaliyan priya sanes. Nanging amargi garwa panjenengan niki boten saged nolak paringan saking Maha Ingkang Ghaib, ingkang maringi jabang bayi wonten ing kandungan kula. Punapa Ki Ageng percaya marang cariyos kula napa boten, sedaya kula wangsulaken dateng panjenengan. Kula pasrah marang napa kemawon ingkang bakal kedadeyan.” Jelase Nyai Sujinah.
Amarga nalika ditinggal mangkat ing Panti Muria durung ana tanda metenge Nyai Sujinah, mangka Ki Ageng Keringan ora langsung percaya karo pengakuane garwane. Apamaneh yen kelingan impene Nyai Sujinah bendina. Mangka rasa cemburu thukul sajroning ati Ki Ageng Keringan nanging tetep di empet lan lungguh ana sandinge Nyai Sujinah. Kanthi welas asih dielus rambute lan ora lali di critake pendapat saka waliyullah telu babagan arti impene garwane kuwi.
“mula Nyai ora usah nangis. Di nteni wae apa sing bakal kelakon” panglipure Ki Ageng Keringan
Sambunge Ki ageng, “awak dewe kuwi manungsa biasa. Kita kagolong titah (hamba Allah) sing ora bisa nolak kehendak sing Kuasa. Mula, luwih becik awak dewe bareng-bareng ngaturke syukur kehadirat Allah SWT amarga kabeh bentuk karunia saka sing wis lan bakal kita trima. Wis mesthi kanthi arepan muga kabeh apik, ora mung kanggo sakulawarga nanging uga kanggo kabeh umat Allah SWT.”
Wayah dina laire si jabang bayi saka wetenge Nyai Sujinah, Ki Ageng Keringan kelingan ajaran leluhure
“merga luwih nonton awake dewe minangka wektu dawa-ora nalika dihujat-mangka pribadi sing mateng ora perlu krasa kesinggung saka koreksi. Wonge di adohke saka rasa iri, dengki, dendam, sombong. Kanthi ngewenehake kabeh sing dialami mung marang Allah SWT, mangka wonge ora bakal keganggu saka rasa serakahe urip. Wong sing ngono kuwi ora pernah krasa kuciwa lan putus asa merga hampir kabeh ora pernah ngimpekke kemenangan. Sakmlakune karo kuwi mau wonge sadar, menawa sejarah kudu di rubah, mangka sing ngubah ora manungsa nanging Allah SWT.”
Kelingan ajaran kuwi, thukul rasa semangat Ki Ageng supaya narima apa sing bakal kedadeyan. Kanthi tabah Ki ageng ngenteni laire putrane lan donga nyuwun pitulungan  Gusti. Ora suwe, garwane nglairake bayi  lanang sing sehat lan bagus. Nalika iku uga, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga sowan mertamu lan melu seneng.
“seneng banget kita sakulawarga amarga Kanjeng Sunan kekalih sampun tumut mirsani kelahiran putra kula.” Tembunge Ki Ageng Keringan nyambut tamu kekalihe.
Nyambi nggendong bayine kuwi Ki Ageng Keringan ngucap: “Lan sampun dados pakurmatan kagem kita menawi Sunan kekalih purun maringi nama kagem putra kita niki.”
Saka Sunan Bonang maringi jeneng Syah Ridha lan Sunan Kalijaga maringi jeneng Syah Ridhin. Ki ageng Keringan mesem:
“saka paringan nama kangge putra kita, mila kita ngucapke matur nuwun marang Kanjeng Sunan kekalih, kekalih nama niku sae saengga gampang kagem kita milih. Nanging amargi nama kekalih punika botem gampil diucapaken lati tiyang jawi, mila nama Saridin diraos sampun cocog kagem putra kita.”
Nyi Sujinah sing wis krungu rerembugan awit mau, ujug-ujug tangi saka dipan lan ngadeg. Ngoyok bayine saka gendongane bapake banjur kanthi tresna asih diambungi bola-bali. Ora suwe Nyai Sujinah maringke bayi iku marang Sunan Kalijaga karo ngucap
“Kanjeng Sunan ingkang kula kurmati, kula titipaken putra kula dateng paduka kanthi arepan supados angsal bimbingan kados mesthinipun.”
Sakwise Saridin digendong Sunan Kalijaga, Nyai Sujinah ngrangkul garwane. Sirahe krasa mumet, wetenge munjuk kudu mutah, panyawange blawur. Ora suwe banjur ninggal. Ki Ageng Keringan lan Sunan kalih padha kaget banjur ngucap
“Innalillahi wa inna illaihi roji’un”.
Sunan Bonang micara:
“untung ora mungkin digayuh, rugi ora bisa ditolak! Ya iku sing kedadeyan nalika kodrat Gusti Allah lumaku kanggo hambane. Saiki Nyai Sujinah wis ora ana ninggalke kita kabeh selawase. Tugase dadi khalifatullah ing donya wis kalaksanan kanthi becik. Mula ayo do ngalekake kabeh khilaf kanthi iringan donga mugi Allah SWT ngapurani kabeh dosa sarta narima arwahipun, urip tentrem lan damai ing panggaonane saiki. Kanggo ngenang jasa-jasa almarhumah, kita kenang nganggo jeneng Dewi Samaran.”
Sunan Bonang marang Sunan Kalijaga:
“kanggo awakmu Jebeng Sahid! Kenapa menjelang wafate, Nyai Sujinah nyerahke jabang bayine marang sliramu, mesthi ora tanpa maksud. Maksud kuwi kasingkap nalika almarhumah arep wafat. Karepku, sliramu ora nghelehke amanah kuwi. ”
Krungu pesene Suanan Bonang mau, nyambi maringke Saridin ana gendongane Ki Ageng, Sunan Kalijaga ngucap:
“Insya Allah Bapa. Mugi-mugi Allah SWT ngimpahaken sedaya bentuk kanikmatan donya-akhirat dumateng kita sedaya.”
Sakwise upacara rampung, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga pamit marang Ki Ageng supaya bali menyang papane dhewe-dhewe.
Saktinggale Nyai Sujinah sing duwe gelar Dewi Samaran kuwi, Ki Ageng Keringan kudu ngurusi lan nggedhekake Saridin dewe. Untung Barnjung wis remaja, saengga bisa ngewangi tugase bapake sing wis tuwa. Nalika Saridin wis awit gedhe, mangka KiAgeng Keringan ngirimke Saridin supaya merguru marang Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga. Branjung nikah ambi Parwirayuda. Yakuwi abdi dalem Tumenggung Niti Kusuma saka Mataram sing nilep barang kang kudune di terke kanggo putra tuane saengga dadi buronan. Keplayon mrana-mrene nganti barang tilepane mau entek dadi awake kuru banget lan reged. Nalika ing desa Keringan, Prawirayuda di trima Ki Ageng Keringan kanthi tangan kabuka lan ora kabotan apa maneh dheweke ngerti yen anake Branjungn duwe ati marang Prawirayuda. Pungkasane Prawirayuda lan Branjung didaupake Ki Ageng Keringan.
Ora suwe Prawirayuda lan Branjung dhaup, Ki Ageng Keringan ninggal lan Prawirayuda kelangan sosok panggonan kanggo golek pitulungan, mula prawirayuda njaluk garwane supaya ngadol omah lan lemah tinggalane almarhum bapake ana Keringan lan pindah ing Miyono. Sakwise pindah, Prawirayuda cerita sakbenere marang garwane yen dheweke iki dadi buronan Kasultanan Mataram. Prawirayuda pesen marang garwane
“mula Mbokne,wiwit saiki aja kowe ngundang jenengju Prawirayuda nanging nganggo jenengmu Branjung.”
Nalika urip awor ipe lan mbakyune ana Miyono, Saridin kenalan karo Sarini anak siji-sijine Ki Truna Upet lan dadine wong loro mau daup. Saka daupe mau, Saridin duwe anak lanang jenenge Momok. Nanging uripe Saridin ora kaya uripe mbakyune sing urip kacukupan saka warisane bapake, Ki Ageng Keringan. Uripe Saridin pas-pasan saka warisane maratuwane Ki Truna Upet mula wajar yen Saridin njaluk bageyan warisan saka almarhum bapake. Nanging amarga ipene serakah, banjur ora gelem mbagi bageyan warisane amarga dirasa sing wis berjasa ngembangke usahane almarhum Ki Ageng Keringan kuwi Branjung. Saridin njaluk bageyan asil duren sing urip ing buri omah warisan sing dipanggoni mbakyu mbi Prawirayuda, nanging ipene sing tamak, pelit, medit, lan ngrasa berjasa ngrasa wegah-wegahan nuruti panjaluke Saridin. Kuwi katon saka sikape nalika netepake perjanjen bagi asil duren sing dituntut Saridin. Saka kalicikane ngrebut warisan kuwi mau,mangka Prawirayuda alias Ki Branjung mati tanpa sengaja ing tangane Saridin.
Akibat matine Ki Branjung iku, Ki Tondonegara sing dadi panguwasa Kadipaten Pati ngukum Saridin ukuman kurungan. Nanging Adipati Tondonegara ora ngomong langsung yen Saridin kuwi bakal di kunjara nanging diapusi:
“ana ing omah gedhe iku kowe bakal diwenehi mangan lan ngombe sakcukupe.yen kowe bisa, mangka kowe oleh balik tilik anak bojonem. Apa kowe gelem Saridin?” ngendikane Adipati Tondonegara marang Saridin.
“Injih tuan Adipati kula purun”
Saridin ora ngerti nek wonge kuwi dibodhoni karu panguwasa Kadipaten Pati. Lan dheweke lagi sadar yen dibodhoni Adipati Tondonegara nalika wonge dilebokake ana pakunjaran.
Saridin kuwi putra Ki Ageng Keringan. Barang sing ghaib wis mbarengi laire biyen. Saka bapake, Saridin oleh ajaran leluhur sing mathok ing urip madya, ora ngangsa, ora ngaya. Saliyane iku supaya ngadohi sikap aja dumeh, ora kagetan, ora gumunan, ora melik nggendhong lali, tansah eling lan waspadha.
Mung sedela Saridin sempet dadi anak didike Sunan Bonang. Ing lelaku tumuju gegayuhan, mangka Saridin ana sajroning ayang-ayang kearifane Sunan Kalijaga. Lan Gusti Allah uga maringi pira-pira kaluwihan marang Saridin minangka sangu sajroning ngarungi samudra urip ing donya.
Saridin banget percaya marang anane Kang Maha Ghaib. Sapangertene, Gusti kuwi Wujud Tunggal Maha Kuwasa kang merga kuwasa-Ne mangka dadi bumi lan langit.
Lan keyakinane Saridin, Gusti ora bisa diweruhi, ora bisa dicekel, ora bisa digrayang. Manungsa ngenal Gusti saka firman-firman Gusti singg dicekel tiyang-tiyang piliyan utawa utusan Gusti sing disebut Nabi, Rasul, Resi, utawa apa wae sebutane. Firman mau kasusun ing kitab-kitab suci. Lan saka maca kitab suci iku, manungsa dadi ngerti ajaran Gusti ngenani wajib, ora wajib, lan larangan kanggo manungsa.
Kanggo Saridin, Gusti Allah SWT ingkang Maha Esa iku ora ana cacahe, ora dibagi, ora nyekutu. Kekuasaan utawa kodrat Allah sipate tetep, ora rubah-rubah, ora pindah-pindah. Kekuwasaan Allah ora disebabke saka musyawarah  manungsa lan ora nyandar marang kekuwatan utawa kelengkapan apa wae uga. Gusti Allah nglakoni saka karepe dhewe, lan ora ngarep pambenere saka sapa wae.
Isih ing pangertene Saridin, kekuwasaan utawa kodrat Gusti iku ora ketahan saka apa wae. Gusti berlaku marang wong sing percaya lan ora percaya, saka wong sing tundhuk, takluk, pasrah, ora ingkar, uga sing mbangkang. Lan saben wong sing nganggo pikirane kanthi merhateke kabeh kedadeyan saka dheweke dewe, mesti weruh lan ngakoni kenyataan kuwi.
Saka keyakinan wujud,  kekuwasaan, sarta kodrat Allah kuwi, saka pandangane Saridin, Allah SWT-Tuhan Maha Esa yakuwi Sangkan Paraning Dumad. Wujud utawa kekuwasaan Gusti ora bisa ditamsil (ibarat) alias tan kena  kinaya apa.  Lan saka kerja sing temen dibarengi donga nyuwun pitulungan Gusti Allah, mangka insyaallah, manungsa bakal oleh apa sing dikarepake.
Ing tengah-tengah keyakinan kuwi mau, Saridin sing cerdas, weruh dalan cilik kelemahan nalika mutuske ukuman kunjara marang dheweke. Kelemahan ikuyakuwi pernyataan Adipati Tondonegara sing intine “wonge oleh balik yen bisa”.  Mula, Saridin nyuwun kehadirat Gusti Allah SWT supaya piwenehi kesempatan supaya bisa metu saka kunjara supaya bisa  niliki kahanan anak-bojone.
Amarga ing peristiwa patine Ki Branjung kuwi sabenere Saridin ana ing pihak sing diperlakoke ora adil, mangka Gusti Ingkang Maha Adil ngijabahi panjaluke. Saengga ing wengi iku uga wonge bisa metu saka kunjara lan balik menyang Miyono kanggo niliki Sarini-bojone lan Momok-anake sing isih bayi.
Lakune Saridin iku mau konangan Petinggi Miyono sing nduwe maksud arep nggandhoki Sarini. Banjur Petinggi Miyono matur marang Adipati Tondonegara nganani Saridin sing kabur saka kunjara. Maune Adipati Tondonegara ora percaya amarga nalika ditiliki ing kunjara, Saridin ana ing jerone. Banjur nalika ditakoni
“Apa bener kowe bali menyang omahmu saben bengi Saridin?”
“Injih, kula saben wengi wangsul dateng griya kula” jawabe Saridin jujur.
“Hla kok kowe wani meneng-meneng balik menyang omah sing ngakon sapa Sardin?” pitakone Adipati Tondonegara kanthi nada  nesu.
“Kala wingi panjenengan ngendikan kula angsal wangsul yen bisa, nyatane kula bisa njih wangsul Tuan” semaure Saridin.
Meski nalika diusut, Saridin ngomong jujur lan ngakoni perbuatane, nanging Adipati Tondonegara tetep nganggep Saridin kuwi wong sing mbebayani. Mula iku, Saridin diganjar ukuman gantung.
Nanging amarga anugerah Allah SWT sing ana ing awake, Saridin bisa lolos saka ukuman gantung kuwi nanging Saridin urip dadi buronan.
Saridin keplayon nganti ketemu Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga ngelingke supaya aja sembarangan nganggo kaluwihan sing diduweni iku. Banjur Saridin dikon nyekar ing makame ibune ana Keringan. Pirang-pirang wengi Saridin nyepi ana makam Nyi Sujinah. Saridin ngipi diparani ibune lan dheweke dikon merguru marang Sunan Kudus. Saran saka ibune mau ditandangi lan Saridin urip ing Panti Kudus.
Sawijining dina Saridin kepengin mangan lawuhe iwak banjur dheweke nguras parit pambuwangan banyu wudhu sing banyune ora sepira akehe. Nalika kanca-kancane santri ngerti apa kang di lakoni  Saridin, mangka kanca-kancane nganggep Saridin kuwi wis edan. Nanging kabeh padha kaget nalika ngertisaka njero parit sing banyune ora sepiraa akehe mau Saridin isa entok  pira-pira iwak seger. Lan nalika ditawani supaya bareng-bareng mangan, kabeh malah padha mlayu lan nglapurke polahe Saridin marang Sunan Kudus. Sunan Kudus ngundang Saridin lan takok:
“Saridin, apa sing wis mbok lakoni?”
 Saridin njawab:
“nembe rampung nguras parit pambuwangan banyu wudhu Kanjeng Sunan, Alhamdulillah angsal iwak seger. Lumayan saged kangge lawuh.”
Krungu penjelasane Saridin, Sunan Kudus mesem sarta ndudingi wit kelapa sing kebak wohe lan pitakon;
“Saridin, apa banyu sing an njero kelapa iku uga diuripi iwak?”
“upami Allah ngeparengake, mangka toya ingkang wonten ing kelapa punika ingging wonten iwake.” Wangsulane Saridin.
Sunan Kudus banjur mrentah salah siji muride njupuk kelapa siji banjur di buka. Ing jero kelapa mau ana iwak bethik loro. Kuwatir menawa budaya mamerke kabeh bentuk anugerah Gusti Allah kuwi bisa ngancem eksistensi Panti Kudus minangka salah sawijining papan pusat dakwah Islamiyah, Sunan Kudus mrentah Saridin ninggalke wilayah Kudus, kaping pindhone Saridin urip dadi buronan.
Nalika atine Saridin sedih banget amarga banget kangene marang anak lan bojone. Bola-bali Saridin ngundang Momok lan Saringi ambi nangis. Ndadak sunan Kalijaga wis ngadeg ana ngarepane Saridin.
“Saridin, apa sing mbuk lakoni ning kene?” pitakone Sunan Kalijaga
“Syeh Malaya, guru sejatine kula. Tanpa panjelasan apa kemawon kula percaya menawi Kanjeng Sunan sampun ngertos napa ingkang wonten ing jroning manah kula.”
Krungu ucapane saridin, Sunan Kalijaga mesem banjur ngendika;
“Saridin, yen Allah ngeparengake, mangka ora angel kanggoku mangerteni apa sing ana jroning atimu. Nanging, kaya sing wis tau dakomongke marang kowe, budaya ndisiki apa kang bakal kedadeyan kanthi maksud mamerke kabeh bentuk karunia Allah kuwi lelakon kang ora becik. Lan yen kowe kagolong sosok umat Allah sing nalika njawab tantangan jaman njunjung dhuwur mawas dhiri utawa hamulat sarira hang rasa wani, mangka mesthi sadar menawa nasib elek sing koktrima iki awal saka sikap rumangsa bisa, ora bisa rumangsa saraya ninggalke sikap empan-papan-duga-prayoga sajroning urip bermasuarakat. Tegese,merga nduwe kaluwihan, mangka kowe ngrasa berhak supaya ngerdilke karunia Allah sing akeb banget marang sapada manungsa. Nanging wislah! Sing wis ben wis, apa sing kelakon mengko, sesuk, ingine utawa sok mben, namung Gusti Allah kang Maha Ngerti. Kairing karo lakon mau, kita sadari welas asih Gusti ora kanggo manungsa sing pasrah lan lungguh mangku tangan, nanging kanggo umat kang nguber kapinginan utawa  pepinginan dewe sarta ndonga nyuwun pitulungan Gusti. Saridin, ngertenana yen kabegjan kang katampa utawa kabuntungan kang diujike marang kita, ora amarga ala lan becike wong liya nanging asil saka kelakuane awak dewe. Mula iku, utamakke mawas diri saben nyikapi sekabehane. Ngadoh saka budaya nyalahke utawa nggantungke awak marang liyan. Muung karo iku, mangka kowe bisa nemoke jawaban saka nasib ala kang ngrudug nganti saiki.”
“Saridin, gegayuhanmu supaya bisa bali menyang miyono guna nikmati sisa urip ing donya kang fana bareng anak-bojomu, pancen banget mulia. Mula aku percaya Allah baka bakal njangkung kowe; Allah bakal nulung. Wis mesthi sakdawane kowe sabar lan tawakal sarta ngadoh saka syirik, munafik, iri, dengki, dendam, sombong. Lan amarga wis nglakoni akibate, mangka mareni kulinan pamer kaluwihan kang kanthil ana awakmu. Manfaatke kanggo nulungi wong kang kafitnah, kaaniaya utawa katindhes, mangka insyaAllah, Gusti bakal nuntun kowe ning dalan kang lurus.”
Sunan Kalijaga ngeweni selembar Destar Wulung marang Saridin lan nglanjutke petuahe.
“Saridin, barang iki ora ana artine apa-apa. Yen barang iki dakwehke kowe, kuwi tanda rasa tresnaku marang kowe. Yen nalika ing perjuangan uripmu tumuju kegayuh gegayuhanmu jebul barang iki migunani,, mangka kabeh kuwi mau amarga Allah. Lan cekel karuniane sarta donga kang didasari nyawijine cipta-rasa-karsa.”
Bubar kuwi Sunan Kalijaga ninggalke Saridin. Lan Saridin nyathet 4 nasehat sing penting. Sepisan, Allah SWT, insyaallah bakal terus njaga, nnglindungi, nulung utawa njangkung awake. Mula saksuwene lelaku tumuju kaberhasilan gegayuhane, Saridin nyamar nganggo jeneng Jangkung.
Kapindho,kanggo ncegah kbeh bentuk fitnah utawa rasa iri lan dengki marang awake, mangka wonge di penging pamer anugrah kaluwihan kang kanthil ana awake.
Katelu, sasuwene lumaku tumuju kaberhasilan gegayuhan, Saridin wajib mbela wong kang kaaniaya, kaftnah, sarta kang katindhes tanpa pamrih.
Kaping papat, Allah bakal ngijabahi donga lan panjalukane yen didasari nyawijine cipta-rasa-karsa.
Kanthi sangu nasihat saka guru sejatine mau, mangka nganggo jeneng Jangkung Saridin mlaku nuruti pesisir lor pulau Jawa tumuju kulon. Nalika tekan Cirebon, wilayah Kasultanan Cirebon musime pageblug utawa wabah penyakit. Ing tengah-tangah kuwi mau, Secanegara Patih Cirebon wis impen ditekani Sunan Kalijaga sing njaluk dheweke mlaku-mlaku ing pesisir Cirebon. Nalika nuruti impen mau, mangka dheweke papasan karo Jangkung.
Secanegara kasengsem marang saridin alias Jangkung amarga model panganggone sing khas lan sarwa ireng. Logat basane tur beda karo masyarakat Cirebon umume. Ing rembugan karo Patih Cirebon mau, Jangkung banjur nggoleki masalah kang lagi ana ing Jangkung nggoleki perkara kang ana ing Kasultanan Cirebon saka omong-omongane  karo Patih Cirebon. Jangkung micara:
“Paduka Patih ingkang kula hormati, sakderengipun lan saksampunipun kula nyuwun pangapunten amargi kewantunan kula. Miturut petunjuk ingkang kula  tampi, wabah penyakit ingkang dipun raosaken warga Cirebon punika mboten uwal saking ulah kerabat Kasultanan ingkang sesarengan kaliyan satunggaling dukun santet namanipun Lolope ingkang wonten ing Gunung Cemere. Tiyangipun pengen ngrebut tahta Kasultanan.”
Krungu katrangane Jangkung, Patih Secanegara kelingan karo Pangerang Elang Mahmud adik Sultan sing keri-keri iki ngilang kaya di tilep bumi. Langsung takon:
“Kaki Jangkung, apa ana dalan kanggo ngrampungi iki?”
“Insyaallah, Paduka” jawabe Jangkung.
Jangkung dijak ngadhep Sultan Batangaji  ing Istana Kasultanan Cirebon. Sakwise ngadhep lan rampung ngrungokake laporan Patihe, banjur Sultan Batangaji takon marang Jangkung:
“Ki Sanak, katrangan Patih Secanegara ngenani kemelut kang kedadeyan ing Cirebon sakniki, cukup jelas. Nanging ngono, aku pengen ngerti sapa sabenere sliramu niki?”
“Paduka Sultan ingkang kula hormati, kados ingkang sampun kula blakakaken marang Paduka Patih, nama kula Jangkung. Kula boten langkung saking rakyat jelata. Kula dumugi Cirebon niki namung lelampahan guna mujudaken gegayuhan ingkang sanget pribadi miturut petunjuk Sunan Kalijaga, guru kula. Nyuwun pangapunten, Paduka. Langkung saking niku kula boten saged nyariosaken jatidhiri kula” wangsulane Jangkung
“menapa panjenengan pengen mbiyantu nrampungi wabah kang ana ing Cirebon niki?” pitakone Sultan
“amargi nurut guru kula, nyawiji marang sinten kemawon ingkang kaaniaya punika salah satunggaling kuwajiban urip wonten lelampahan kula. Punika nggih menawi kawontenan kula panci dibetahaken,” wangsulane Jangkung
Sultan pitakon: “apa hadiah kang sing mbok karepake yen usahamu ngrampungi perkara kang kedadeyan ing Cirebon iki kasil?”
“Nyuwun pangapunten, Paduka. Menawi kula saged ngrampungi kemelut ingkang wonten ing Cirebon niki, punika amarga Allah. Mila, tabu kanggge kula narima hadiah utawi peparingan arupa napa kemawon,” wangsulane Jangkung.
Sabare rembugan kuwi, Jangkung lan Patih Secanegara golek panggonanne Pangeran Mahmud lan Dahnyang Lolope. Jangkung lan Patih Secanegara kasil mateni Pangeran Manhmud lan Dahnyang Lolope. Bebarengan patine Dahnya Lolope, mangka wabah kang ana ing Kasultanan Cirebon ilang. Amarga kasil kuwi mau, mangka Jangkung diolehke manggon ing istana Cirebon saksenenge atine. Saksuwene iku, Jangkung dijamu kanthi terhormat ana kono. Wektu kanag lodhang dikanggokke dzikir lan donga, nyuwun marang Gusti Allah SWT supaya bisa balik menyang Miyono. Ing tengah-tangah iku, kasektene ngelangake ilmu-ilmu hitam Dahnyang Lolope wis dadi omongane masyarakat Cirebon.
Minangka kutha pelabuhan, Cirebon ora mung panggon lalu lintas pelayaran antar pulau, nanging uga salah sijine pusat urip lan berkembange informasi. Mula, kasektene Jangkung nalika nylametake tahta Kasultanan Cirebonsaka polahe Pangeran Mahmud lan Dahnyang Lolope ora mung ning Cirebon, nanging uga krungu nganti tekan ing wilayang liya, termasuk Palembang.
Nalika iku, Kasultanan Palembang lagi geger amerga polahe Pangeran Sanggar Singgih sing bekerja sama karo perompak lan brandal wis njupuk tahta Kasultanan kanthi ora sah. Mula iku, nalika Jangkung tenar nalika nylametake tahta Kasultanan Cirebon nganti krungu Sutan Sahari, mangka Patih Kasultanan Palembang iku lunga ing Cirebon njaluk pitulungane.
Patih Cirebon nemoni Jangkung lan diboyong ing Palembang. Tekan Palembang, Sutan Sahari lan Jangkung ngatur strategi kanggo nylametake tahta Kasultanan Palembang saka olahe Pangeran Sanggar Singgih sing kerja sama ambi bojo nom sultan, wis mateni Sultan Datuk Iskandar, sarta njupuk alih kakuasaan. Lan berkat rahmat Allah SWT lewat anugerah kasakte sing di paringake marang Jangkung, mangka Sang Pangeran lan bojo nom mati kepaten. Banjur Pangeran Alamsyah, putra almarhum Sultan Datuk Iskandar, selaku putra mahkota kasil nglungguhi jabatanSultan Palembang. Jangkung dikeparengake mapan ing Palembang nganti sepira suwene. Lan kaya ing Cirebon, mangka wektu lodhange diisi dzikir lan donga nyuwun pitunjuk Allah tumuju gegayuhane balik menyang Miyono.
Pada karo Cirebon, Palembang uga kaagolong kutha pelabuhan sing dadi salah siji pusat tumbuh kembang informasi. Mula, katenaran Saridin bergelar Jangkung minangka penyelamat tahta Kasultanan Cirebon utawa Palembang, keprungu nganti Kasultanan Rum.
Kasultanan Rum ana iing Abukorim. Nalika iku Sultan Rum lagi digoyang Patih petihe sing jenenge Johanspre. Mula iku, Sultan Abukorim mangkat menyang Palembang nyuwun pambiyantu Jangkung.
Nalika ketemu, Sultan Abukorim ndang cepet ngomong maksud tekane kuwi. Jangkung nyambut kanthi apik lan mangkat menyang Rum. Nalika Jangkung lan Sultan Abukorim tekan pendapa Kasultanan Rum, ndelalah Patih Johanspre sing wis ngangkat awake dadi Sultan Rum lagi nggelar sidang bareng pengikute. Kabeh pada mbahas kabeh kemungkinan ngenani balike Sultan Abukorim.
Ora dinyana, Sultan Abukorim dikancani Jangkung ndadak mlebu ruang sidang. Banjur kanthi suwara lantang Abukorim ngomong marang Johanspre menawa wonge lila nyerahke jabatane, yen kemampuan mantan patihe kuwi bisa ngalahke kasaktenne Jangkung.
Jangkung diserang banjur nglawan lan nganti bisa ngalahake Patih Johanspre. Kasile Jangkung nylametake tahta Kasultanan Rum saka polah makar wis nyebabke Jangkung oleh panggonan terhormat ing lingkungan istana Kasultanan Rum.
Pirang-pirang tahun suwene mapan ing negara asing iku,Saridin alias Jangkung ora mandeg-mandeg ndzikir lan donga nyuwun pitulungan Allah supaya bisa balik menyang Miyono. Saliyane kuwi, Jangkung uga usaha njeroni pengetahuan sajroning ajaran Islam nganti oleh gelar Syeh.
Nalika wis oleh  gelar Syeh lan mapan ing papan terhormat ing Kasultanan Rum, nanging pepingine Jangkung supaya mulih menyang Miyono ora tau nglorkro. Mula, Jangkung nyuwun marang Sultan Abukorim supaya balik menyang Tanh Jawa.
Nalika iku, Kasultanan Mataram lagi dilanda wabah penyakit utawa pageblug. Pageblug iku ora mung nyerang rakyat jelata nanging uga mbakyu Sultan Agung sing jenenge Retno Jinoli. Saliyane kuwi, wabah mau uga wis mangan kerabat keraton. Nalika iku, Sultan krungu kaluwihane Jangkung nylametake Kasultanan Cirebon saka polahe Pangeran Elang Mahmud sing kerja sama ambi Dahnyang Lolope.mula iku, Sultan mrentahake Patih Nerangkusumo supaya nggolek jangkung ing Cirebon.
Ndelalah nalika balik menyang Tanah Jawa, Syeh Jangkung mudun ing Cirebon. Ing kono Syeh Jangkung ketemu Nerangkusumo. Syeh Jangkung dijak mangkat ngadhep Sultan Agung. Sultan Agung nyuwun supaya Syeh Jangkung gelem ngilangi wabah kang ana ing Kasultanan Mataram. Syeh Jangkung bisa ngilangi pageblug kang ana ing Kasultanan Mataram kang di rekadaya lelembut sing aran Jim Kolowindu lan Kolomamang, penunggu Alas Roban. Mula  iku, Syeh Jangkung oleh pakurmatan supaya mapan ing lingkungan istana Kasultanan Mataram.
Banjur Sultan Agung nduwe karepan supaya ngangkat Syeh Jangkung supaya dadi kerabat keraton. Ing tengah-tengah iku mau, Retno Jinoli kang wis kagolong perawan kaseb ora kabotan yen dijodohke karo Syeh Jangkung. Mula Sultan Agung njaluk Syeh Jangkung supaya ngadhep.
Nalika Syeh Jangkung ngadhep, Sultan Agung ngomong:
“Ki Sanak, jasamu marang Keraton ora mung cilik, nanging nganti iki aku durung ngerti sabenere sliramu. Mula apa Ki Sanak bisa cerita?”
Krungu pitakon kuwi, Syeh Jangkung eling yen Kadipeten Pati ana ing ngisor pimpinane Kasultanan Mataram. Kairing kuwi mau, metu kekarepan supaya oleh dalan saka usahane supaya bisa bali menyang Miyono. Mula, Syeh Jangkung tanpa ragu cerita kabeh peristiwa kang sing dilakoni. Saliyane iku, sejumlah nasihat kang diparingke Sunan Kalijaga marang dheweke lengkap lelakon sing wis dilakoni minangka persyaratan supaya bisa balik mengang Miyono supaya bisa urip bebarengan anak bojo kanthi aman, damai, lan tentrem.
“saeling kula, sampun welasan tahun kula ngulandara. Nanging ngantos saniki dereng wonten tanda-tanda supaya bisa njangkepi gegayuhan kula niku.” Ngono kuwi Saridin alias Syeh Jangkung nguwisi pengakuane marang Sultan Agung.
Sawise ngrungokake rentetan pengakuan Syeh Jangkung, Sultan Agung manthuk-manthuk ambi mesem.  Banjur ngomong:
“dadi, jeneng asli Ki Sanak, Saridin?”
“Leres Sinuwun,” jawab Syeh Jangkung cekak.
“Ki Sanak bener-bener pengen balik menyang Miyono?” pitakone Sultan Agung
“injih Sinuwun,” jawab Syeh Jangkung
“Oleh aku ngrewangi ngrampungi masalahmu iku?” pitakone Sultan Agung
“njih temtu kemawon kanthi seneng manah kula, Sinuwun” jawab Syeh Jangkung
Persis kaya sing dipikir, mangka Sultan Agung nerangke menawa Kadipaten Pati kuwi uga wilayah Kasultanan Mataram.
“mula iku, kanggo ngrampungi masalah kang Ki Sanak adepi, aku bakal ngirim surat marang Adipati Tandanegara. Surat iku bakal diparingke pribadi saking Mbak ayu Retno Jinoli. Lan kanggo perlu iku kakang Syeh Jangkung purun supaya krama kaliyan mbak ayu kula niku.”
Krungu tawaran Sultan Agung sing kanthi ndadak ngundang “kakang”, mangka Syeh Jangkung kaget banjur takon marang Sultan Agung:
“Ampun Sinuwun. Kula namung Rakyat Jelata. Dospundi kula saged dhaup kaliyan mbak ayu Paduka?”
“Kakang Syeh Jangkung” sabda Sultan Agung kanthi mesem
“Kakang temtu ngertos menawi pandangan Allah, ingkang mbedakaken manungsasetunggal kaliyan  manungsa sanes  punika tingkat ketakwaan, boten suku bangsa, bandha donya, pangkat, derajat, utawi status sosial. Mula, boten wonten alesan kangge kakang nolak tawaran kula”
“sinuwun, kula paham bab punika. Nanging kula sampun gadhah putra lan garwa. Mula, dospundi kula saged dhaup kaliyan Kanjeng Ratu Retno Jinoli” jawab Syeh Jangkung.banjur mbacutake:
“menawi kula narima tawaran Paduka, napa Kanjeng Ratu Retno Jinoli saged nampi kula dados garwanipun?”
“Kita seiman kakang. Kita sami-sami beragama Islam. Guna nyametake umat manungsa saking nepsu Zina, mangka ajaran Islam ngeparengaken tiyang jaler nikah kaliyan langkung setunggal putri. Mila, sasuwene  ing wektu kang padha  boten nikah kaliyan langkung sekawan wanita sarta mampu adil lahir-batin, mangka nikah malih saged kita kalsanakaken” papar Sultan Agung
“anane wonten gagasan nikah punika ingkang kula usulake amargi surungan karep supaya tambah raket tali pasaduluran kita. Lan Mbak ayu Retno Jinoli sampun siap narima kakang dados garwanipun” mengkono ucape Sultan Agung.
Krungu penjelasane Sultan Agung, Saridin alias Syeh Jangkung krasa diadhepi rong pilihan. Ing sisih siji, Syeh Jangkung mbayangke kepiye murkane Sarini-garwa sing ditinggal pirang-pirang tahun nalika ngerti dheweke nikah meneh. Sisih liyane, Syeh Jangkung nyadari anane Retno Jinoli ana sisihe banget dibutuhke minangka perantara upayane supaya bisa bali menyang Miyono guna urip bebarengan anak-bojone kanthi aman, nyaman, tentrem, lan damai.
Bareng dipikir-pikir, Syeh Jangkung ngomong:
“Kanjeng Sultan ingkang kula hormati, dhateng pakurmatan ingkang Paduka paringaken dumateng kula, pramila kula ngaturaken matur nuwun. Mugi kapurunanipun Kanjeng Ratu Retno Jinoli dados garwa kula niku disarengi kesadaran menawi kula sampun gadhah garwa lan putra setunggal. Mila, purun boten purun Kanjeng Ratu Retno Jinoli kedah siap supados mapan dados garwa enem.”
Krungu keterusterangane Syeh Jangkung, Sultan Agung mesem. Banjur ngomong:
“Kakang Syeh Jangkung! Kakang kagolong manungsa piliyan. Kakang sampun kasil nylametake Kasultanan Corebon, Palembang, lan Rum  saking tindak makar. Kakang ugi  kasil nylametake rakyat Mataram saking  jahate jin-setan Alas Roban. Mula, kula percaya menawi kakang Syeh Jangkung bakal mampu ngrampungi urusan kulawarga kakang.”
Syeh Jangkung trima nikah kaliyan Retno Jinoli, dadi kakange Sultan Agung Mataram banjur mapan ana lingkungan istana Mataram pirang-pirang wektu. Lan amarga surat saking Sultan Agung marang Adipati Tandanegara sing diparingke pribadi Retno Jinoli, mangka Syeh Jangkung bisa ngayuh gegayuhane balik menyang Miyono supaya urip seneng bareng keluargane. Apameneh sakwise Sarini-bojone ngerteni anane Retno Jinoli ing sisihe bojone kuwi.
Nanging kasenengane kulawarga Saridin alias Syeh Jangkung ora suwe. Amarga Momok anak siji-sijine saka nikahe karo Sarini mati sakdurunge nikah. Dene saka nikahe karo Retno Jinoli, ora dikaruniai anak blas. Mangka kanthi maksud supaya nglairake keturunan sing neruske lelaku bojone, kaloro bojone iku ora kabotan yen Syeh Jangkung nikah meneh.
Mula saka iku, nalika napak tilas saka lelakune dolan ing Cirebon, Syeh Jangkung banjur nikah karo Rukayati, putri Sultan Cirebon. Lan dolane ing Palembang, mbukak dalan kanggo nikahe Syeh Jangkung karo Rubiyatun, Putri Sutan Sahari, Patih Kasultanan Palembang. Amarga jasa-jasane marang Kasultanan Mataram, mangka Syeh Jangkung ora mung diangkat dadi kerabat Keraton, nanging uga oleh lemah ganjaran dijenengi Landoh.
Minangka upaya melu nyebarke agama Islam, mangka ing Landoh Saridin ngedegke Padepokan. Syeh Jangkung urip dadi petani bareng karo kulawargane kanthi aman, tentrem, damai. Lan ing Landoh uga, pungkasane Syeh Jangkung wafat lan dimakamke.
Kebo Dungkul Landoh       
Sasuwene Saridin ngulandara, Sarini lan Momok ditinggal saomah karo Nyi Branjung sing wis dadi randa. Kanggo Saridin, tujuan lelakune sing pirang-pirang tahun yaiku bisa balik menyang Miyono supaya urip bareng anak-bojone Momok-Sarini kanthi aman, damai lan tentrem. Mula, nalika tekan omah ora ketemu Momok, mangka Saridin nakoke wonge. Saka Sarini, Saridin alias Syeh Jangkung dadi ngerti yen Momok wis kerja ing desa Pesanggrahan, ing omahe Ki diposumo. Mula iku ndang gage Saridin nyusul Momok.
Wis pirang-pirang tahun suwene Ki Diposumo urip nduda. Awit ditinggal mati bojone, wonge urip bareng Marsih, anak tunggal sing ngancik remaja putri. Ing kene Momok kerja dadi pangon utawa angon kebo. Merga Marsih ketok nduwe ati ambi Momok, mangka sasuwene Momok mapan ana omahe Ki Diposumo, Momok dianggep kaya dulur dewe.
Amarga awit bayi durung tau weruh utawa kenal bapake, mangka nalika Syeh Jangkung ngenalke awake, Momok katon ragu. Nanging Ki Diposumo sing tau krungu kasuse Saridin, ndang cepet nengahi kalorone. Ki Diposumo lan Syeh Jangkung banjur dadi kekancan. Kango kaperluane iku mau, Ki Diposumo sing sugih banget banjur ngeweni Kebo lanang 1 sing gedhe marang syeh Jangkung.
Sungu kebo mau dawa, mengisor maju. Mula Syeh Jangkung nyebut iku Kebo Dungkul Landoh. Nuruti wasiate Syeh Jangkung, mangka kebo iku disembelih pas telung dina matine. Nangin         g nalika kebo iku disembelih ora ana alat sing bisa ngiris kulite. Lagi nalika Nyi Branjung ngewehke pusaka tinggalane Ki Ageng Keringan, mangka kebo iku isa dikethok. Pusaka iku mau biasa dikenal nganggo sebutan Breganjing ana uga sing nyebute Kiai Jangkung.
Sejumlah petilasan peninggalan wis ngeweni tanda lakune urip Syeh Jangkung. Contohe ing Kabupaten Pati, metu desa Semampir lan Dukuh Ngeluk sing ana ing kutha Pati. Uga Desa Kosekan, Kecamatan  Gabus, Desa Durensawit, uga Kecamatan Kayen. Ing wilayah Kabupaten Kudus ana Desa Tunggulangin. Lan ing wilayah Kabupaten Demak ana Desa Buyaran.
Saliyane kuwi, Saridin uga nandani pangonan-panggonan sing tau ditekani lan di panggoninganggo jeneng Landoh. Saengga saliyane Dukuh Landoh sing mapan ing Desa Kayen papan wafat lan di kuburke, mangka Kabupaten Pati ana Dukuh Landoh sing mapan ing wilayah Kecamatan Wedarijaksa. Saliyane iku uga ana Landoh sing mapan ing Wilayah Rembang lan Yogja.

Saridin nduwe kaluwihan arupa gedhene jiwa, cerdas, pandangane amba lan tajem, kesaktian (linuwih). Mula, wajar yen Saridin bisa ngrampungi perkara sing ana ing Cirebon, Palembang, Rum lan Mataram.