Sumribit
angin ngelus langit sore
Manuk
srintil bali ing pucuking cemara
Nganti
tekaning sepi kang nyenyet
Gawang-gawang
katon pasuryanmu
Gawe
tambah kekesing angin sore
Tumlawung
rasa kang ngulandara
Wengi
bakal tumeka maneh
Bakal
ngebaki impen petenging wengi
Bebarengan
karo wewayanganmu
Lumaku
turut petenging lurung
Bakal
gawang campur mega-mega
Apa
kudu dak buwang bareng lumingsiring wengi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar