Sajroning bebrayan
awor wong-wong ing desa, kabeh padha nganggo basa sing gampang dingerteni kabeh
wong sing ditemoni. Kayata sing digunakake ana ing daerah Pati. Para warga
nganggo basa ngoko lan logate dhewe-dhewe. Apa maneh wong Pati sing terkenal
karo julukane Pati Bumi Mina Tani kuwi duwe tembung-tembung sing khas kayata
leh, go, ge, ra dhadheh lan sapanunggalane sing diarani lucu yen durung ngerti.
Kanggo
bocah-bocah sing wis kulina lunga saka desa, kadang cara ngomonge wis beda kaya
adate. Wis asing nganggo basa Indonesia tinimbang nganggo basa Jawa. Bisa-bisa
basa jawa dilalekake. Akeh uga bocah kang ngomong marang wong tuwa nagging ora
nganggo basa krama sing apik kadang malah sengak dirungokke. Sing salah sapa
ning kene? Apa wong tuwa? Apa guru? Ana 24 jam saben dinane. Bocah sekolah
wiwit jam 7 esuk nganti jam loro awan. Kira-kira pitung jam bocah sinau ana ng
sekolahan. Wektu liyane, bocah ana ing omah utawa liyane.
Salah yen para
wong tuwa nyalahake guru amarga sikape sing ora sopan marang tuwa. Wiwit cilik
bocah urip awor wong tuwane. Guru sing pisanan marahi bocah ngomong, mangan,
ngerti iki lan iku yakuwi wong tuwa. Wong tuwa kudu ngerti apa wae tentang
anake. Saka kanca dolanane sapa, ana ngendi wae papan dolane, karo sapa kabeh
wonge kumpul. Guru uga ngelingake apa sing kudune diduweni dening para pelajar
iku. Wong sing ngerti dunia pendidikan kudu ngerti sing jenenge tata krama,
sopan santun, andhap asor marang wong liya, luwih-luwih wong tuwa.
Dadi bocah sing
luwih enom kudune bisa ngregani wong liya, yen ngomong kudu sing alus
luwih-luwih krama supaya bisa sinau ngomong sing apik marang wong liya lan
sajroning bebrayan karo wong liya. Yen wong tuwa ngomonge alus, diusahake luwih
alus lan krama supaya bisa nglatih lan katon ngregani wong tuwa kuwi.
Mahasiswa wae
sing wis kulina awor wong akeh dadi ninggalake kebiasaane nganggo basa Jawa.
saiki padha milih nganggo basa Indonesia padahal yen dipikir-pikir ya padha
saka jawane nanging padha ora gelem nganggo basa Jawa. akeh para mahasiswa
Jurusan Basa Jawa sing nganggo basa Indonesia nalika padha jagongan bareng
kanca-kancane. Kuwi salah sijine wujud ora tresna marang budayane dewe. Yen
diterus-terusna tanpa ana penanganan bisa ilang temenan basa Jawa iki lan ora
ana wong sing gelem njawani meneh.
Pengenalan Basa
Jawa marang bocah sing isih cilik dirasa luwih penting. Amarga bocah kuwi
sering niru apa sing sering diweruhi lan dirungokake sedina-dina. Peran saka
wong tuwa maneh sing dibutuhake ing kene. Yen dipupuk sing apik-apik wiwit isih
cilik bakal bisa nemtokake karakter bocah mengarepe. Lan isa ngerti kepiye
bakale bocah iku nglewati mangsa-mangsa sing perlu diperhatekake. Wong tuwa
bisa menehi kasih sayange lewat apa kabeh sing diwarahke marang anak-anake.
Dadi wong tuwa
aja banget-banget olehe marahi anak sinau supaya anak bisa seneng nampa ilmu
sing diajarke. Anak pengen ngerti lan bisa nguwasai apa sing wis diajarke.
Ngomong sampun, dereng, injih lan boten kuwi wis termasuk apik daripada ora
babar blas. Nanging yen mung mandeg ana ing iku –iku wae ya padha wae percuma
amarga ora ana perkembangan meneh. Dadi sing bener lan sing luwih apik uwi
sinau terus supaya bisa nggunakake basa jawa kanthi apik lan bener. Aja salah
kanca supaya ora salah dalan tumuju sing apik. Kanca sing salah bisa ngajak
sembarangan kang ora bener kayata ngomong ora sopan kuwi mau. Saben ngomong
kudu dipikir lan ditata disik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar