Tawang
tawang tangis sak jrone tyas mami
Nalika
kembang katresnan rontok nuli garing
Cumeblok
ing pangkone watu padas
Menara
pangimpen kang binangun
Ing
plataraning ati kang tulu
Ajur
sak walang
Walang
ginulung wengising kahanan
Muga
tumetesing waspa iki
Bisa
agawe lega ing dada
Muga
isih ana ing dina
Dina
kang bakal tumekan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar