Sak
adoh-adohe manuk miber
Nanging
tetep iling ana omahe
Sak
adoh-adohe kapal nyebrang samudra
Naging
tetep balik ana pelabuhan
Nanging.....
Kapan
sliramu enggal bali
Bali
marang tresna kang suci
Marang
aku kang tansah setya marang sliramu
Gusti.....
Cuba
apa lelakon?
Ajur
tresna sak jroning sepi
Kangen
ati nora bisa ngobati
Lara
raga nganti nora krasa
Sak
derese udan ing tengah-tengah ketiga
Kangen
kanti mati rasa
Gleger......
Kaya
gludhuk ambelah donya
Nelesi lemah i ing wayah ketiga
Nanging
ati gersang nora kesiram
Aku
dewe ing panganti
Kapan
sliramu enggal bali
Aku
tansah ngenteni nganti dina iki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar