Minder
ing rat hangelangut
Lelana
jajah nagari
Mubeng
tepining samudra
Sumengka
agraning wukir
Anelasak
wanawasa
Tumurun
ing jurang terbis
Sayekti
kalamun suyung
Tangeh
miripa kang narmi
Lan
sira pupujaning tiyang
Minangka
dhasaring bumi
Miwah
luhuring angkasa
Tuwin
jroning jalanidhi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar