Apa
kuwi Kurikulum 2013? Pemerintah duwe wewenang kanggo nemtokake apa sing
miturute apik kanggo bangsane. Nanging uga ora bisa ucul saka kesepakatan
liyane. Amarga kabeh kuwi dikanggokake negara. Anane Kurikulum 2013 kuwi apik,
nanging yen pancen bener-bener mantep dilakokake. Kurikulum 2013 luwih ngebotke
kanggo tujuan supaya murid bisa luwih apik sajroning observasi, pitakon, nalar,
lan ngandarake apa sing wis diolehi utawa apa sing wis dimangerteni sawise
narima materi sinau. Dikarepke siswa duweni kompetensi sikap, ketrampilan, lan
pengetahuan luwih apik. Amarga siswa bakal luwih kreatif, inovatif, lan luwih
produktif, saengga para siswa bakale bisa sukses ngadepi kabeh masalah lan
tantangan ing jamane.
Kabeh kuwi ora bakal bisa mlaku
tanpa ana campur tangan saka pihak sing ahli ana ing bidange, yaiku guru. Guru dadi
penentu khasil orane Kurikulum 2013 sing dikarepke bisa nyiapake lan mbukak
kemungkinan anane perubahan. Mula saka iku, perlu anane sosialisasi lan pelatiyan
kanggo guru supaya bisa kawujud guru sing kompeten sing bisa ngimplementasikake
Kurikulum 2013.
Pelatiyan lan sosialisasi kanggo
guru perlu dilakokake kanthi serius kanggo ngenalake
model-model pembelajaran berbasis kreativitas (creative learning) kanggo guru-guru minangka strategi implementasi
Kurikulum anyar. Sajroning pembelajran berbasis kreativitas, guru bisa
dikenalke karo teknik-teknik berpikir kreatif sarta jenis-jenis hambatan
psikologis nalika mikir kreatif. Apamaneh tambahe jumlah jam pelajaran siswa
bakal gampang krasa bosen amarga kesuwen ana njero kelas, mula dibutuhke guru
sing kreatif ngajar supaya siswa bisa tetep betah ing kelas sajroning jam sing
suwe. Kurikulum sing paling apik ora bakal ana artine yen guru ora nduweni ati
lan pepinginan kanggo terus mbangun ketulusan hubungan emosional karo siswa-siswine.
Salah sijine cara supaya guru bisa mbangunketulusan kuwi mau saka mekanisme
sosialisasi lan pelatiyan sing cerdas lan terarah, sarta perencanaan lan
pengembangan profesional guru berbasis sekolah.
Kurikulum 2013 luwih becik
dilakokake sawise kompetensi guru wis dilakoni supaya bisa ndukung kesuksesan
penyelenggaraan kurikulum iki. Yakuwi saka pelatiyan lan sosialisasi sing
memadai. Beda karo Kurikulum 2006 utawa sing asring disebut KTSP. Kurikulum KTSP 2006 wis mlaku pirang-pirang tahun.
Kurikulum iki ora kalah apike karo Kurikulum 2013. Mung wae Kurikulum 2006
luwih ngepenakke siswa-siswi amarga guru sing luwih aktif nerangake lan murid
mung ngrungokke. Pancen ora efektip kanggo murid amarga mung ngrungokke. apa
maneh kanggo murid sing wateke ora seneng ngrungokake. Kaya-kaya ilmu sing wis
diterangake saka bapak/ibu gurune ora penting amarga ora mlebu lan
diangen-angen. Bisa-bisa mung gawe bodho murid yen diterusake. Nanging
Kurikulum 2013 persiapane durung mateng, durung bisa diterapake ana ing
sekolahan-sekolahan sing ana ing Indonesia iki.
Anane Kurikulum 2013 iki supaya
siswa luwih aktif, luwih pinter lan luwih cerdas amarga dituntut takok daripada
diterangke luwih disik. Nanging Kurikulum 2013 iki ora cocog kanggo siswa SD.
Kanggo siswa SMP lan SMA bisa nggunakake internet kanggo nggolek materi sing
ora dipahami, nanging kanggo siswa SD apa iya leren golek materi ing Internet.
Apa mudeng? Bisa-bisa wektune malah entek kanggo dolanan ing warnet pamit ngganggo
alasan golek materi sekolah nanging sing bener golek materi-materi sing pada
ora genah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar