Apa
iki kang diarani urip sejati
Lumaku
nyebrang segara geni
Apa
iki kang diarani urip kang suci
Sabendina
isine mung nguciwani
Duh
Gusti....
Nganti
kapan?
Nganti mbesok kapan....?
Raga
mung ampiran nyawa
Donya
amung gambaran neraka
Budaya
sampun sirna
Sifat
manungsa wus ora sembada
Kapan....?
Nganti
mbesok kapan....?
Ngenteni
sumribit angin surga
Kanti
pecate nyawa
Nora
ana lan sak upama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar