Rabu, 07 Januari 2015

Dina Iki

Rasa kang tambah saben dina
Dadi bombonging ati iki
Dina iki dina kang tak anti-anti
Dina aku ketemu sliramu ana ing kene

Disekseni dina iki
Aku lan sliramu jejagongan
Ngucap-ngucap kang biasa kaunekake
Geguyonan kanthi eluh tumetes dleweran

Dina aku lan sliramu ketemu
Ketemu ing sawijining swasana  lan wektu
Dina kang wus dianti-anti

Kaanti-anti aku sliramu

Idul Kurban

Enjing karaos sengsem
Manah kawontenanipun amung mesem
Dawuhipun kalaksanan awit prabiya
Engkang taksih tirah

Kanjeng kalayu awati miyos ngidul
Kaderekaken para pungawaning ler
Sinaosa kanjeng  lawu piyambak
Mboten ngahasta bebetan ingkang jangkep

Kanjeng ratu sekar malah nesu-nesu
Awit benjing sura di bawah kirapa ageng
Dereng wonten dawuh ingkang gamblang
Ingkang nata nembe miyos mundhut pulsa

Radya pustaka dhawah sa habipranipun
Tansah yengkuyung ningali kawontenanipun
Mugi kawiwitan dinten idul qurban punika
Sadaya kepakaken kagem wulan kasebat



Kapan Sliramu Bali

Sak adoh-adohe manuk miber
Nanging tetep iling ana omahe
Sak adoh-adohe kapal nyebrang samudra
Naging tetep  balik ana pelabuhan

Nanging.....
Kapan sliramu enggal bali
Bali marang tresna kang suci
Marang aku kang tansah setya marang sliramu

Gusti.....
Cuba apa lelakon?

Ajur tresna sak jroning sepi
Kangen ati  nora bisa ngobati
Lara raga nganti nora krasa

Sak derese udan ing tengah-tengah ketiga
Kangen kanti mati rasa

Gleger......
Kaya gludhuk ambelah donya
Nelesi  lemah i ing wayah ketiga
Nanging ati gersang nora kesiram
Aku dewe ing panganti

Kapan sliramu enggal bali
Aku tansah ngenteni nganti dina iki



Tiwas

Nelangsa sak jroning ati yen tresna ora isa duweni
Paribasan wong kang lagi nyidam
Kadung gemeter ora isa mangan

Tiwas....
Tiwas anggonku gagas
Kanti awak kaya ora waras
Nanging kowe ora ngerti nora peduli
Tresnamu marang aku apa wus mati

Saya tak uber playumu saya banter
Kanti tenger-tenger trisnamu drung kecekel
Ati dadi mangkel pikiran grundel
Jebul tresnaku bok tugel

Lara ati kang saiki dak rasakake
Merga kelakuanmu marang aku
Apa salahku apa dosaku marang sliramu
Tiwas kabeh kang dak lakokake amung kanggo sliramu

Kapan

Apa iki kang diarani urip sejati
Lumaku nyebrang segara geni
Apa iki kang diarani urip kang suci
Sabendina isine mung nguciwani

Duh Gusti....
Nganti kapan?
Nganti  mbesok kapan....?

Raga mung ampiran nyawa
Donya amung gambaran neraka
Budaya sampun sirna
Sifat manungsa wus ora sembada

Kapan....?
Nganti mbesok kapan....?

Ngenteni sumribit angin surga
Kanti pecate nyawa
Nora ana  lan sak upama

Muga

Tawang tawang tangis sak jrone tyas mami
Nalika kembang  katresnan rontok nuli garing
Cumeblok ing pangkone watu padas

Menara pangimpen kang binangun
Ing plataraning ati kang tulu
Ajur sak walang
Walang ginulung wengising kahanan

Muga tumetesing waspa iki
Bisa agawe lega ing dada
Muga isih ana ing dina

Dina kang bakal tumekan

Panas

Donya saiki wus panas
Kabeh ngagem ati kang panas
Ana masalah di adepi kanthi ati panas
Apa bener laku kuwi

Salah...
Ati panas aja tambah dibong
Ananging di siram banyu
Panasing ati kang diumbar
Dadi geni kang ngrusak jiwa

Nanggapi panas
Panas kudu dileremi
Kaya bayu bisa mithes geni sapletik
Sapletik nanging mbebayani nalika diumbar

Panas lawane adem supaya imbang
Panas di du panas saya dadi
Kuwi mbebayani
Panas ati kudu diilangi

Ibu

Patrapmu marang putra kang tulus
Perjuanganmu nora bakal ingsun lali
Amung tresnamu kang gehe marang aku
Gawe aku nora bisa adoh marang paanjenengan

Segara kang amba
Namung kanggo kula, putra panjenengan
Ana nalika kula butuh
Ngerti apa kang dak rasake sajroning ingsun nora wicara

Tresna panjenengan bakal terus ing jroning jaja
Hamung panjenengen kang dados panutan kula
Panjenengan kang ngrangkep profesi dados bapa kula
Panjengan kang bisa wonten  ing sedaya lakon


Matur nuwun Ibu

Kamar

Dadi seksi nalika dhiri kuciwa
Ngancani nalika aku dhewe tanpa kanca
Ngleremke nalika ati sedih
Melu nalikane aku seneng


Narima nalika aku teka
Ora tau protes nalika aku salah
Gelem dadi papan paturonku
Ora papa nalika aku  lunga

Ora Omahku

Ora omahku
Nanging dadi jujuganku
Ora omahku
Nanging dak openi dak resiki
Ora omahku
Nanging dak turoni saben wengi
Ora omahku
Nanging aku kerasan

Ora omahku
Nanging akeh barangku
Ora omahku
Nanging dak tunggoni
Ora omahku
Nanging dak kangeni
Ora omahku

Nanging dadi bagian uripku

Rasaku

Sumribit angin ngelus langit sore
Manuk srintil bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning sepi kang nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu

Gawe tambah kekesing angin sore
Tumlawung rasa kang ngulandara
Wengi bakal tumeka maneh
Bakal ngebaki impen petenging wengi

Bebarengan karo wewayanganmu
Lumaku turut petenging lurung
Bakal gawang campur mega-mega
Apa kudu dak buwang bareng lumingsiring wengi

Panyawangku

Panyawangku marang sliramu
Bocah ayu edipeni
Sopan ing wusana
Arum ing wicara

Panyawangku marang sliramu
Bocah becik solah bawane
Mngerteni andhap asor marang liyan
Bisa gawe senenge ati

Panyawangku marang sliramu
Gawe adem ing atiku
Gawe pengen duweni ayumu
Kang diparingke marang awakmu



Hotel

Papan jujugan kanggo wong kang lagi ana urusan
Papan jujugan kanggo wong kang duwe duwit
Papan jujugan kanggo wong isrtirahat
Papan jujugan kanggo nginep

Hotel...
Kabeh cumepak ana ing jerone
Kamar kasur  bantal guling
meja kursi jendela TV
ana ing kono

panganan wus cumawis maeka warna
ditata apik ing duwur meja
kanthi bingung mangan apa
ngombe wis dicepakna

Kepengenku

kepengen aku rasane nandur pawono ing birune angkasa
supaya mendung kang peteng bisa kasirna
saengga sunaring surya bisa sumunar jrone prapta
nglirwakake sungkawa kang wus jajah rasa laan nyuek rina

kepengen aku rasane panen punagi
kanggo sangu napak ing rina lan wengi
supaya bisa nata ati lan bisa mawas dhiri

kepengen aku rasane metik kembang kang tansah lumayu
kanggo wektu kang wis,  bakal lumaku lan kang bakal nunggu
nunggu prapta wohing karep lan angenku

Sepi

Wengi  iki san saya sepi
Ora mung wengi iki
Nanging padha kaya wengi sing wingi-wingi

Apa ikikekarepane Gusti
Karep sepi saben dina nemoni
Sepi tanpa ana omongan

Omongan kang ora wigunan
Sepi tanpa ana tumindak
Tumindak kang gawe gelane sanak

Sepi ora ana sapa-sapa
Anane mung sejatining sukma

Duh Gusti
Ora gagas melu nglakoni
Ora ngepek melu duweni
Wegah krungu dikabari

Jebul celak aose ngrugha paripeksa
Ngraman ati nandur wisa marang aku
Golek kamulyan nrajang subasita



Lelaku

Minder ing rat hangelangut
Lelana jajah nagari
Mubeng tepining samudra

Sumengka agraning wukir
Anelasak wanawasa
Tumurun ing jurang terbis

Sayekti kalamun suyung
Tangeh miripa kang narmi
Lan sira pupujaning tiyang

Minangka dhasaring bumi
Miwah luhuring angkasa
Tuwin jroning jalanidhi

Kelingan

Lungguh ing wayah ratri tanpa kanca
Pedhut peteng dadi kemuling angkasa
Ati kebak pangresah nalika kelingan
Kelingan praupan kang tansah dakkangeni

Sakdawane wektu.....
Pangangen ngulandara saka antaraning mega
Adoh sajroning pepesthen
Gatering asmara sansaya ndadra

Kapangku tan kena cinidra
Wengi sepi iki....
Kepengen dak kidungake gatra-gatra asmara
Kanggo sliramu ing kana

Kurikulum Kanggo Indonesia


Apa kuwi Kurikulum 2013? Pemerintah duwe wewenang kanggo nemtokake apa sing miturute apik kanggo bangsane. Nanging uga ora bisa ucul saka kesepakatan liyane. Amarga kabeh kuwi dikanggokake negara. Anane Kurikulum 2013 kuwi apik, nanging yen pancen bener-bener mantep dilakokake. Kurikulum 2013 luwih ngebotke kanggo tujuan supaya murid bisa luwih apik sajroning observasi, pitakon, nalar, lan ngandarake apa sing wis diolehi utawa apa sing wis dimangerteni sawise narima materi sinau. Dikarepke siswa duweni kompetensi sikap, ketrampilan, lan pengetahuan luwih apik. Amarga siswa bakal luwih kreatif, inovatif, lan luwih produktif, saengga para siswa bakale bisa sukses ngadepi kabeh masalah lan tantangan ing jamane.
            Kabeh kuwi ora bakal bisa mlaku tanpa ana campur tangan saka pihak sing ahli ana ing bidange, yaiku guru. Guru dadi penentu khasil orane Kurikulum 2013 sing dikarepke bisa nyiapake lan mbukak kemungkinan anane perubahan. Mula saka iku, perlu anane sosialisasi lan pelatiyan kanggo guru supaya bisa kawujud guru sing kompeten sing bisa ngimplementasikake Kurikulum 2013.
            Pelatiyan lan sosialisasi kanggo guru perlu dilakokake kanthi serius kanggo ngenalake model-model pembelajaran berbasis kreativitas (creative learning) kanggo guru-guru minangka strategi implementasi Kurikulum anyar. Sajroning pembelajran berbasis kreativitas, guru bisa dikenalke karo teknik-teknik berpikir kreatif sarta jenis-jenis hambatan psikologis nalika mikir kreatif. Apamaneh tambahe jumlah jam pelajaran siswa bakal gampang krasa bosen amarga kesuwen ana njero kelas, mula dibutuhke guru sing kreatif ngajar supaya siswa bisa tetep betah ing kelas sajroning jam sing suwe. Kurikulum sing paling apik ora bakal ana artine yen guru ora nduweni ati lan pepinginan kanggo terus mbangun ketulusan hubungan emosional karo siswa-siswine. Salah sijine cara supaya guru bisa mbangunketulusan kuwi mau saka mekanisme sosialisasi lan pelatiyan sing cerdas lan terarah, sarta perencanaan lan pengembangan profesional guru berbasis sekolah.
            Kurikulum 2013 luwih becik dilakokake sawise kompetensi guru wis dilakoni supaya bisa ndukung kesuksesan penyelenggaraan kurikulum iki. Yakuwi saka pelatiyan lan sosialisasi sing memadai. Beda karo Kurikulum 2006 utawa sing asring disebut KTSP. Kurikulum KTSP 2006 wis mlaku pirang-pirang tahun. Kurikulum iki ora kalah apike karo Kurikulum 2013. Mung wae Kurikulum 2006 luwih ngepenakke siswa-siswi amarga guru sing luwih aktif nerangake lan murid mung ngrungokke. Pancen ora efektip kanggo murid amarga mung ngrungokke. apa maneh kanggo murid sing wateke ora seneng ngrungokake. Kaya-kaya ilmu sing wis diterangake saka bapak/ibu gurune ora penting amarga ora mlebu lan diangen-angen. Bisa-bisa mung gawe bodho murid yen diterusake. Nanging Kurikulum 2013 persiapane durung mateng, durung bisa diterapake ana ing sekolahan-sekolahan sing ana ing Indonesia iki.

            Anane Kurikulum 2013 iki supaya siswa luwih aktif, luwih pinter lan luwih cerdas amarga dituntut takok daripada diterangke luwih disik. Nanging Kurikulum 2013 iki ora cocog kanggo siswa SD. Kanggo siswa SMP lan SMA bisa nggunakake internet kanggo nggolek materi sing ora dipahami, nanging kanggo siswa SD apa iya leren golek materi ing Internet. Apa mudeng? Bisa-bisa wektune malah entek kanggo dolanan ing warnet pamit ngganggo alasan golek materi sekolah nanging sing bener golek materi-materi sing pada ora genah.

Basa Jawa Ing Desa


Sajroning bebrayan awor wong-wong ing desa, kabeh padha nganggo basa sing gampang dingerteni kabeh wong sing ditemoni. Kayata sing digunakake ana ing daerah Pati. Para warga nganggo basa ngoko lan logate dhewe-dhewe. Apa maneh wong Pati sing terkenal karo julukane Pati Bumi Mina Tani kuwi duwe tembung-tembung sing khas kayata leh, go, ge, ra dhadheh lan sapanunggalane sing diarani lucu yen durung ngerti.
Kanggo bocah-bocah sing wis kulina lunga saka desa, kadang cara ngomonge wis beda kaya adate. Wis asing nganggo basa Indonesia tinimbang nganggo basa Jawa. Bisa-bisa basa jawa dilalekake. Akeh uga bocah kang ngomong marang wong tuwa nagging ora nganggo basa krama sing apik kadang malah sengak dirungokke. Sing salah sapa ning kene? Apa wong tuwa? Apa guru? Ana 24 jam saben dinane. Bocah sekolah wiwit jam 7 esuk nganti jam loro awan. Kira-kira pitung jam bocah sinau ana ng sekolahan. Wektu liyane, bocah ana ing omah utawa liyane.
Salah yen para wong tuwa nyalahake guru amarga sikape sing ora sopan marang tuwa. Wiwit cilik bocah urip awor wong tuwane. Guru sing pisanan marahi bocah ngomong, mangan, ngerti iki lan iku yakuwi wong tuwa. Wong tuwa kudu ngerti apa wae tentang anake. Saka kanca dolanane sapa, ana ngendi wae papan dolane, karo sapa kabeh wonge kumpul. Guru uga ngelingake apa sing kudune diduweni dening para pelajar iku. Wong sing ngerti dunia pendidikan kudu ngerti sing jenenge tata krama, sopan santun, andhap asor marang wong liya, luwih-luwih wong tuwa.
Dadi bocah sing luwih enom kudune bisa ngregani wong liya, yen ngomong kudu sing alus luwih-luwih krama supaya bisa sinau ngomong sing apik marang wong liya lan sajroning bebrayan karo wong liya. Yen wong tuwa ngomonge alus, diusahake luwih alus lan krama supaya bisa nglatih lan katon ngregani wong tuwa kuwi.
Mahasiswa wae sing wis kulina awor wong akeh dadi ninggalake kebiasaane nganggo basa Jawa. saiki padha milih nganggo basa Indonesia padahal yen dipikir-pikir ya padha saka jawane nanging padha ora gelem nganggo basa Jawa. akeh para mahasiswa Jurusan Basa Jawa sing nganggo basa Indonesia nalika padha jagongan bareng kanca-kancane. Kuwi salah sijine wujud ora tresna marang budayane dewe. Yen diterus-terusna tanpa ana penanganan bisa ilang temenan basa Jawa iki lan ora ana wong sing gelem njawani meneh.
Pengenalan Basa Jawa marang bocah sing isih cilik dirasa luwih penting. Amarga bocah kuwi sering niru apa sing sering diweruhi lan dirungokake sedina-dina. Peran saka wong tuwa maneh sing dibutuhake ing kene. Yen dipupuk sing apik-apik wiwit isih cilik bakal bisa nemtokake karakter bocah mengarepe. Lan isa ngerti kepiye bakale bocah iku nglewati mangsa-mangsa sing perlu diperhatekake. Wong tuwa bisa menehi kasih sayange lewat apa kabeh sing diwarahke marang anak-anake.

Dadi wong tuwa aja banget-banget olehe marahi anak sinau supaya anak bisa seneng nampa ilmu sing diajarke. Anak pengen ngerti lan bisa nguwasai apa sing wis diajarke. Ngomong sampun, dereng, injih lan boten kuwi wis termasuk apik daripada ora babar blas. Nanging yen mung mandeg ana ing iku –iku wae ya padha wae percuma amarga ora ana perkembangan meneh. Dadi sing bener lan sing luwih apik uwi sinau terus supaya bisa nggunakake basa jawa kanthi apik lan bener. Aja salah kanca supaya ora salah dalan tumuju sing apik. Kanca sing salah bisa ngajak sembarangan kang ora bener kayata ngomong ora sopan kuwi mau. Saben ngomong kudu dipikir lan ditata disik.