Rasa
kang tambah saben dina
Dadi
bombonging ati iki
Dina
iki dina kang tak anti-anti
Dina
aku ketemu sliramu ana ing kene
Disekseni
dina iki
Aku
lan sliramu jejagongan
Ngucap-ngucap
kang biasa kaunekake
Geguyonan
kanthi eluh tumetes dleweran
Dina
aku lan sliramu ketemu
Ketemu
ing sawijining swasana lan wektu
Dina
kang wus dianti-anti
Kaanti-anti
aku sliramu